candhi Borobudur Reca Buddha ing Borobudur Saweneh pendapat, jengen Barabudhur kasusun saka tembung ''vihara'' lan ''bedhuhur''. Vihara nduweni teges komplek wangunan utawa pasareyan, dene bedhuhur utawa budhur yaiku lemah sing dhuwur. Tembung-tembung kuwi karonce dadi tembung Barabudhur. nanging pendapat iki isih nuwuhake akeh panyaruwe saka para winasis. Prasasti Sri Kahulun 824 Anno Domini nyebut tembung bhudhara sing dadi tembung Barabudhur.[1].
Candhi Barabudhur dibangun taun 750-842 AD. Nganti saiki akeh pendapat bab madegé Barabudhur, kinira ginawe bebarengan karo candhi-candhi Budha kang nduweni arsitektur mirip kayata Candhi Sari, Kalasan, Sewu, lan Plaosan sing dibangun taun 778-782 AD. Ana bukti kang tinemokake ing sangisore bukit Barabudhur arupa huruf Palawa sing di tedhak sungging huruf Jawa negesake wangunan Barabudhur ginawe antarane abad 7-10 masehi. cathetan kanthi tanggal 732 AD nyebut raja Budha saka dinasti Syailendra, ing taun kuwi raja saka dinasti Sanjaya (Hindu) uga nduweni panguwasa sing pada-pada unggul. Candi-candi Budha (Barabudhur, Mendut, Pawon) di ubengi candi-candi Hindu ing sakiwa tengene, sisih wetan ana candi Canggal, sisih lor ana candi Sengi lan kulon madeg candi Pringapus lan Selagriya dene sisih kidul ana wangunan lingga-yoni simbul suci Hindu. Semana uga sakupenge candhi Hindu (Prambanan) madeg candi-candi Budha (Kalasan, Sari, Sewu, Plaosan, Sojiwan). [2]. Borobudur madeg kanthi 3 tujuan
Stupa candi Borobudur Candhi Barabudhur bentuke punden maundak, sing tumata saka enem tingkat awujud bujur sangkar, telung tingkat awujud bundher mlungker lan sawijining stupa utama sing dadi puncake. Saliyane iku ing kabeh tingkat kasebar pirang-pirang stupa.Dhuwur wangunan iki asline 42 m, nanging amarga kesamber kilat dhuwure susut nganti kari 35,29 m. Barabudhur manggoni area 14,165 m kubik kanthi amba 120 m. 2 yuta watu andhesit kasusun ana ing Barabudhur kanthi volume 55.000 kubik m. Abote wangunan iki kurang luwih 350.000 ton, Barabudhur saguh nampung 5.000 pengunjung.[4]. pondasi Barabudhur bentuke persegi kanthi siku-siku kang lincip. Barabudhur bentuke matingkat-tingkat (punden). Dasar Borobudur ora bisa dinulu, 11.600 kubik watu wis kekubur. 160 relief saka Karmawibangga kekubur.[4].
Pokok Ajaran Budha percaya dene manungsa mesti ngalami reinkarnasi. Supaya manungsa bisa oleh urip kang sampurna uwal saka reinkarnasi manungsa kudu percaya marang 4 ajaran ''Catur Aryasatyani yakuwi
Sadurunge Sidharta antuk wahyu, panjenengane ngalami makaping-kaping reinkarnasi. Panjenengane ngalami urip awujud kewan, crita iki dibeberake ana ing Jataka Mala anggitan Aryacura. Crita iki uga di tatah ana ing undhak-undhakan kang ana ing Barabudhur kanthi jeneng relief Jataka. salah sijine kura-kura kang nylametake kapal kerem, kethek kang nylametake anak putune, lan gajah kang nylametake serdadu sing kesasar lan kaluwen.[6]. Tingkatan aneng Barabudhur nyimbolake 10 dalan Dacabhumi kanggo nggayuh urip sampurna kaya dene Sang Budha kang dianut penganut Budha Mahayana yakuwi, 1. Pramudita, 2. Vimala, 3. Prabhakari, 4. Arcismati, 5. Sundurjaya, 6. Abhimukti, 7. Durangama,8. Acala, 9. Sadhumati, 10. Dharmamegha. Tingkatan iki dumadi saka 3 tingkat yakuwi,
Relief Relief kang ana ing candi Barabudhur Ing saben tingkatan ana relief-relief sing padha ditatah ing tembok candhi. Relief-relief iki carane maca miturut saubenging dom jam utawa nganggo basa Kawi diarani mapradaksina. Tembung iki sangkane saka basa Sansekreta daksina sing tegese iku kidul. Aneng Barabudhur Gunggung Panel (gambar relief) 1460 panel ing tingkat Kamadhatu ana 160 panel relief, ngandhut crita kang dijupuk saka Karmawibangga, nyritakake lelakune manungsa ing donya kang kebak luput "sapa nandur, ngunduh". Manungsa isih sengsara utawa samsara. Nanging relief kuwi ora bisa dinulu amarga papane kang ana ing dasar. Rupadhatu nduweni 1300 panel yakuwi, I. Tingkat sepisan
II. Tingkat kepindho
III. Tingkat Ketelu
IV. Tingkat Kapat
Barabudhur nduweni 504 Arca Budha
Dhyani Budha, utawa posisi Budha meditasi ana 5 yakuwi:
Kanthi urutan Pradakshina yaitu laku kang ngubengi kanthi arah jarum jam kang dimulai saka sisi Wétan lan mudra arca-arca buddha di Barabudhur yaiku:
Restorasi Barabudhur kawiwitan abad 19 Sir Thomas Stanford Raffles (1811-1815) ngutus H. C. CorneliusTheo Van Erp arsitek saka Walanda ngrestorasi Borobudur lan kasil.[10]Dr. Sukmono ing kongres Orientalis 27 ing Ann Arbor Amérika Sarékat taun 1967 ngasta permasalahan Borobudur kang mbutuhake bantuan internasional kang katulis ing tesis kanthi sesirah New Light on some Borobudur Problems, amarga iki donya internasional liwat UNESCO menehi kawigaten marang restorasi Barabudhur.[11] Barabudhur tinetepake minangka warisan donya taun 1991 dening UNESCO.[12] naliti Barabudhur. Taun 1907-1911 Page 2 |