Struktur teks wayang Miturut bahan Kaperang dadi apa wae?

IX Kirtya Basa Hak Cipta © 2015 Tim Penyusun: Drs. Sunardi Dra. Rini Muwarti Dra. Agus Windarti, M.Pd Dra. Umi Nayirotin Drs. Samsul Hadi Drs. Yusuf Budi Santosa Wahyu Widiwibowo, S.Pd Editor/Penyelia: Dra. Sri Sulistiani, M.Pd Penerbit Isi : Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur : x, 148 hal ISBN 978-602-xxxx-xx-x 9 7 8 6 0 2 7 8 3 1 2 9 2 Dilarang memperbanyak atau memindahkan sebagian atau seluruh isi buku ini dalam bentuk apapun, baik secara elektronis maupun mekanis, termasuk memfotokopi, merekam atau dengan sistem penyimpanan lainnya, tanpa izin tertulis dari penerbit KATA PENGANTAR KEPALA DINAS PENDIDIKAN PROVINSI JAWA TIMUR Alhamdulillah buku “Kirtya Basa” sudah selesai disusun dan diterbitkan. Buku ini disusun dengan berpedoman pada Peraturan Gubernur No. 19 Tahun 2014 tentang Mata Pelajaran Bahasa Daerah sebagai muatan lokal wajib di Sekolah/Madrasah. Pergub tersebut memberikan pegangan hukum yang kuat bagi guru-guru untuk melaksanakan dengan sungguh-sungguh pembelajaran bahasa daerah. Sebagai tindak lanjut, buku ini disusun untuk menyelesaikan masalah ketiadakan buku ajar seiring dengan terbitnya Pergub dan diharapkan dapat diterima dan digunakan dalam pembelajaran di sekolah/madarasah di wilayah Jawa Timur. Terima kasih disampaikan kepada tim penyusun yang telah dengan kesungguhan menyelesaikan buku ini. Kerja sama Tim Eksternal sebagai penyusun bersama-sama dengan Tim internal Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur telah mampu menghasilkan karya yang bermanfaat bagi pembentukkan budi pekerti dan karakter generasi muda lewat jalur pendidikan formal di sekolah/madarasah. Kesempurnaan buku ini adalah tujuan dari penyusun dan pengguna buku ini. Akan tetapi, buku ini masih memiliki kekurangan. Karena itu, kritik, saran, dan masukan dari berbagai pihak yang peduli terhadap pelestarian, pengembangan, dan pemertahanan bahasa Daerah sebagai salah satu budaya bangsa ini sangat diharapkan. Insya Allah pada kesempatan lain buku ini akan disempurnakan dengan mengakomodasi masukan dari berbagai pihak. Surabaya, Nopember 2015 Kepala Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur, Dr. Saiful Rachman, MM.,.MPd Pembina Utama Madya NIP. 19590503 198503 1 018 Atur Sapala Isinipun buku “Kirtya Basa” punika sampun katitipriksa dening para ahli Basa Jawi saking Universitas Negeri Surabaya (Unesa). Buku punika dipunserat dening para ahli Basa lan Sastra Jawi alumni saking Universitas Negeri Surabaya (Unesa). Isi umumipun sampun katiti priksa dening Drs. Sukarman, M. Si. (Ketua Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni (FBS), Universitas Negeri Surabaya (Unesa) lan Ketua Tim Penyusun Kurikulum Bahasa Daerah Kantor Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Timur). Wondene babagan Kebahasaan (Linguistik), Sastra, lan Metodologi Pembelajaran sampun dipuntitipriksa dening Dra. Sri Sulistiani, M. Pd. (Sekretaris Jurusan, Dosen Bahasa, Sastra, dan Metodologi Pengajaran saking Jurusan Bahasa dan Sastra Daerah, Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni FBS, Universitas Negeri Surabaya - Unesa). Kanthi asil paniti priksa kasebat dipunajab sageda murakabi kangge srana sinau Basa Jawi tumrapipun para siswa lan saged mbiyantu para kadang dwija anggenipun nggulawenthah siswasiswinipun ing jagading piwucalan Basa Jawi. Salaras kaliyan owah gingsiripun kurikulum pendhidhikan, buku punika sampun kacundhukaken kaliyan Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan Mulok Bahasa Daerah 2013. Manut asil paniti priksa, isinipun buku punika sampun salaras kaliyan kurikulum enggal ingkang dipunginakaken ing sekolahsekolah wekdal samangke. Isinipun buku punika sampun kasusun lelandhesan kaliyan Standar Kompetensi Lulusan (SKL), Kompetensi Inti (KI) lan Kompetensi Dasar (KD), sarta ngagem paugeran ingkang sampun dipunsusun dening Badan Standar Nasional Pendidikan (BSNP). Mugi-mugi kanthi wontenipun buku punika saged mbiyantu para siswa, kadang dwija, lan sutresna Basa Jawi anggenipun marsudi basa, sastra, lan kabudayan Jawi supados saged ngrembaka lan lestantun. Surabaya, September 2015 Paniti Priksa Drs. Sukarman, M. Si./ Dra. Sri Sulistiani, M.Pd. (Ketua dan Wakil Ketua Tim Penyusun Kurikulum Mulok Bahasa Daerah Kanwil Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Timur 2014 Atur Pangiring Puji syukur konjuk wonten ngarsanaipun Gusti ingkang Maha Kuwaos dene panyerat sampun saged ngrampungaken buku Basa Jawi ”Kirtya Basa” kangge para siswa Sekolah Menengah Pertama ( SMP) / Madrasah Tsanawiyah (M.Ts) Wiwit taun pelajaran 2014/2015, piwucalan Basa Jawi SMP/M.Ts sampun ngginakaken kurikulum enggal inggih punika KTSP Mulok Bahasa Daerah 2013. Lelandhesan Peraturan Gubernur No. 19 Tahun 2014 “Mata Pelajaran Bahasa Daerah Sebagai Muatan Lokal Wajib di Sekolah/ Madrasah” kanthi alokasi wekdal 2 (kalih) jam pelajaran satunggal minggunipun. Kangge njangkepi srana piwucalan Basa Jawi ing SMP/M.Ts panyerat nganggit buku ajar Basa Jawi ”Kirtya Basa” punika. Buku punika kasiyapaken kangge nyengkuyung kawicaksanan KTSP 2013. Salaras kaliyan Peraturan Menteri Pendidikan No. 64 Tahun 2013, , ingkang ngrembag bab Standar Kompetensi Lulusan (SKL), paring amanat bilih Buku Teks Pelajaran kedah ngagem acuan dhumateng Standar Kompetensi Lulusan (SKL) lan Kompetensi Inti (KI) lan sarta ngagem paugeran ingkang sampun dipunsusun dening Badan Standar Nasional Pendidikan (BSNP). Wondene Permendikbud No. 71, Tahun 2013, ingkang ngrembag Buku Teks Pelajaran lan Buku Panduan Guru Untuk Pendidikan Dasar Dan Menengah, ugi paring amanat bilih Buku Teks Pelajaran ingkang dipunginakaken ing pawiyatan-pawiyatan kedah sampun kasusun adhedhasar KTSP Mulok Bahasa Daerah Tahun 2013. Ewah-ewahan tumrap buku teks kedah karancang lan kasusun kanthi berbasis teks. Teks kawawas minangka perangan basa ingkang kagungan makna kontekstual. Lumantar buku punika siswa kaajab saged ngasilaken lan ngginakaken teks salaras kaliyan tujuan lan fungsi sosialipun. Salebetipun piwucalan basa Jawi ingkang berbasis teks, boten namung mucalaken teori lan konsep, ananging teks ugi migunani minangka sumber aktualisasi dhiri tumrap ingkang migunakaken ing salebeting konteks sosial budaya akademis. Kanthi wontenipun buku ”Kirtya Basa” punika dipunajab sageda mbiyantu para siswa SMP/M.Ts anggenipun ngleluri lan marsudi Basa Jawi lan saged nglancaraken para kadang dwija anggenipun nggulawenthah para siswasiswinipun ing piwucalan Basa Jawi. Kejawi berbasis teks, pangrakiting buku punika ugi ngginakaken Pendekatan Saintific. Piwucalan lelandhesan teks, mawi pandhom ngrembakakaken babagan (1) Piwucalan basa kawawas saking teks boten namung kasusun kanthi munjeraken paramasastra utawi ketatabahasaan kemawon. (2) Piwucalan lelandhesan teks minangka proses pamilihan basa ingkang ngandharaken makna. (3) Piwucalan basa lelandhesan teks asipat fungsional ingkang ateges boten saged uwal saking konteks ingkang mbabaraken maneka warni ide, karakter, nilai, ugi idiologi panuturipun, (4) Piwucalan basa lelandhesan teks ugi minangka sarana kangge mangun kawasisan olah pikir tumrap para siswa. Jinising teks ingkang kaandharaken ing buku punika arupi teks deskripsi, palapuran, narasi lan carita, eksposisi, eksplanasi, lan sapiturutipun. Wondene pendekatan Saintific ingkang kasajekaken ing buku punika mawi proses ing antawisipun Mengamati (Observing), Menanya (Questioning), Mencoba (Experimenting), Menalar (Associating), Mengkomunikasikan (Comunicating), lan Membentuk Jejaring (Networking) Wondene aspek ingkang dados punjering piwucalan inggih punika kanthi nengenaken aspek Sikap Religius, Sikap Sosial, Kognitif, lan Psikomotorik. Pambabaripun buku ”Kirtya Basa” kajawi ngemot materi, ugi sinartan gladhen (latihan) ingkang sampun kasalarasaken kaliyan Kompetensi Dasar lan Indikator ingkang sampun sinerat ing silabus, pramila dipunajab supados saged nyekapi kangge ngukur kompetensi minimal ingkang kedah dipunkuwaosi para siswa. Pambabaripun buku ingkang berbasis teks kanthi tahapan (1) Tahap Pembangunan Konteks, (2) Tahap Pemodelan Teks, (3) Tahap Pembuatan Teks Secara Bersama-sama, lan (4) Tahap Pembuatan Teks Secara Mandiri. Kejawi materi lan gladhen, buku punika ugi dipunjangkepi “bausastra” lan pepeling ingkang ngandharaken konsep-konsep inti saben wulangan utawi bab. Kanthi mekaten dipunajab sageda njangkepi penyajian materi piwucalan lan kangge nambah wawasanipun para siswa. Panyerat sampun mbudidaya murih buku punika saged sampurna, ananging minangka manungsa limrah sarta saking winatesipun sarta cupetipun kawruhipun panyerat, taksih wonten kekirangan-kekiranganipun. Pramila panyaruwe saking pamaos tansah kaantu-antu kangge nyampurnakaken buku punika. Wusananipun atur, mugi-mugi Gusti Ingkang Murbeng Dumadi tansah njangkung lan nyengkuyung pangetrapanipun buku punika tumrap kemajengan lan lestarinipun piwucalan Basa Jawi. Nuwun. Surabaya, September 2015 Panyerat Daftar Isi Sampul Njero ............................................................................. i Idhentitas Buku ........................................................................... ii Atur Sapala ................................................................................. iii Atur Pangiring .............................................................................. v Daftar Isi ...................................................................................... vii WULANGAN 1: TEKNOLOGI Mbabar Wawasan ......................................................................... 1 Teks Hasil Observasi: Dhop Lampu Bisa Nglayang ........................... 2 Kegiatan 1 : Wangun Teks Hasil Observasi ................................... 2 Tugas 1: Nyemak Teks Teknologi Tepat Guna ................................ 3 Tugas 2: Ngidhentifikasi Struktur Teks Laporan Hasil Observasi ...... 5 Tugas 3: Nyemak Unsur Basa SajroneTeks Laporan Hasil Observasi.. 7 Tugas 4: Nerangake Isine Teks Laporan Hasil Observasi ................... 13 Kegiatan 2: Nintingi Teks Laporan Hasil Observsi Kanthi Klompok ………………………………………….…..... 13 Tugas 1: Nintingi Struktur Teks Laporan Hasil Observasi .................. 13 Tugas 2: Nggawe Teks Laporan Asil Observasi ................................ 15 Tugas 3: Nanggapi Teks Laporan Hasil Observasi ............................ 16 Tugas 4 : Nulis Ukara Nganggo Aksara Rekan lan Angka Jawa ........... 16 Kegiatan 3: Nyusun Teks Laporan Asil Observasi Kanthi Mandhiri Tugas 1: Nintingi Struktur Teks Laporan hasil Observasi .................... 20 Tugas 2: Nulis Rangkane Teks Laporan Hasil Observasi ..................... 20 Tugas 3: Nulis Teks Laporan Hasil Observasi .................................... 21 Uji Kompetensi Wulangan 1 .............................................................. 22 WULANGAN 2: KESENIAN Mbabar Wawasan ............................................................................ 26 Kegiatan 1: Wangun Teks Drama Tradhisional. ................................. 29 Tugas 1 : Nintingi Struktur Teks Drama Tradhisional ......................... 31 Tugas 2 : Nintingi Unsur Basa Sajrone Teks Kethoprak ..................... 32 Tugas 3 : Nulis Pesan Moral Teks Kethoprak Nganggo Aksara Jawa .. 37 Kegiatan 2: Nintingi Struktur Teks Kethoprak Kanthi Mandiri… 38 Tugas 1: Nintingi Struktur Teks Kethoprak ......................................... 38 Tugas 2 : Nyalin Teks Menyang Aksara Jawa ..................................... 39 Kegiatan 3: Mentasake crita Kethoprak Bebarengan ................ 39 Tugas 1: Mentasake Crita Kethoprak ................................................. 39 Tugas 2 : Ngapresiasi Pementasan Kethoprak .................................... 47 Tugas 3 : Latihan Nulis Skenario Drama Tradhisional .......................... 47 Uji Kompetensi Wulangan 2 ............................................................... 49 WULANGAN 3: KEGIATAN Mbabar Wawasan............................................................................. 54 Kegiatan 1: Wangun Struktur Teks Pidhato lan Pranatacara ... 55 Tugas 1 : Nyemak lan Nintingi Struktur Teks Pidhato .......................... 61 Tugas 2 : Nintingi Struktur Teks Pranatacara/ Pambyawara ................. 64 Tugas 3 : Nintingi Ragam Basa Pidhato Resmi Lan Ora Resmi .............. 69 Tugas 4 : Nintingi Basa Teks Pranatacara ........................................... 70 Kegiatan 2: Mangun Teks Pidhato Kanthi Klompok .................. 71 Tugas 1 : Nintingi Isi Teks Pidhato .................................................... 71 Tugas 2: Nulis Struktur Teks Pidhato ................................................ 73 Kegiatan 3 : Mangun Teks Pidhato Kanthi Mandhiri ................ 74 Tugas 1: Nulis Cengkorongane Teks Pidhato ...................................... 75 Tugas 2 : Ngembangake Cengkorongan Dadi Teks Pidhato ................. 76 Tugas 3 : Nindakake Pidhato ............................................................ 76 Uji Kompetensi Wulangan 3 .............................................................. 79 Latihan Ulangan Akhir Semester Ganjil .............................................. 82 WULANGAN 4: GOTONG ROYONG Mbabar Wawasan ............................................................................ 92 Kegiatan 1: Wangun Teks Drama Modern ............................... 93 Tugas 1: Nyemak Teks Drama ......................................................... 95 Tugas 2: Nintingi Struktur Teks Drama Modern................................. 101 Tugas 3 : Nyemak Unsur Basa Teks Drama Modern ........................... 103 Tugas 4: Nintingi Nilai Moral lan Relevansi Nilai Moral Teks Drama .. 105 Kegiatan 2 Mangun Teks Drama Bebarengan ......................... 106 Tugas 1 : Njingglengi Teks Drama Bebarengan ................................ 115 Tugas 2: Maragake Teks Drama ....................................................... 116 Kegiatan 3 Mangun Teks Drama kanthi Mandhiri .................... 117 Tugas 1: Latihan Nulis Teks Drama .................................................. 117 Tugas 2 : Ngapresiasi Teks Drama Karangane Kancane .................... 117 Uji Kompetensi Wulangan 4 ............................................................. 118 WULANGAN 5: PARIWISATA Mbabar Wawasan ........................................................................... 22 Kegiatan 1: Wangun Teks Laporan Kegiatan …………………… 123 Tugas 1: Nyemak Teks Laporan Kegiatan......................................... 124 Tugas 2: Nyemak Struktur Teks Laporan Kegiatan ........................... 126 Tugas 3: Nyemak Unsur Basane Teks Laporan Kegiatan ................... 128 Tugas 4: Paugeran Nulis Teks Laporan Kegiatan ................................ 130 Kegiatan 2: Nulis Teks Laporan Kegiatan Sajroning Klompok . 131 Tugas 1: Ngrumusake Tujuan Laporan Kegiatan ................................ 133 Tugas 2: Nulis Cengkorongan Teks Laporan Kegiatan ....................... 134 Tugas 3 : Nulis Teks Laporan Kegiatan ............................................. 135 Kegiatan 3 : Nulis Teks Laporan Kegiyatan Mandhiri ….......... 136 Tugas 1: Nulis Teks Laporan Kegiatan .............................................. 136 Tugas 2: Maca Teks Laporan Kegiyatan ............................................ 136 Tugas 3: Nyalin Teks Laporan Kegiyatan nganggo Aksara Jawa .......... 137 Uji Kompetensi Wulangan 5 ............................................................. 138 Latihan Ulangan Semester Genap ................................................... 141 DAFTAR PUSTAKA ....................................................................... 148 WULANGAN 1 TEKNOLOGI Kompetensi Dasar 1.2 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis Indikator 1.2.1 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai sarana memahami informasi lisan dan tulis 2.1 Memiliki perilaku demokratis, kreatif, dan santun dalam berdebat tentang kasus atau sudut pandang. 2.2.1 Menghormati pendapat, tanggapan orang lain. dan 3.1 Memahami teks hasil observasi dalam bentuk laporan 3.1.1 Mengidentifikasi struktur teks laporan hasil observasi. 3.1.2 Menganalisis struktur teks laporan hasil observasi 3.1.3 Mengidentifikasi ciri bahasa teks laporan hasil observasi. 3.1.4 Menjelaskan isi teks laporan hasil observasi. 4.1 Menyusun teks hasil observasi dalam bentuk laporan. 4.1.1 Melaksanakan observasi 4.1.2 Membuat kerangka teks laporan hasil observasi. 4.1.3 Mengembangkan kerangka teks menjadi laporan hasil observasi. 4.1.4 Mengomentari karya temannya. Mbabar Wawasan Teknologi ing jaman saiki tansaya ngrembaka, apamaneh kanthi pangaribawane globalisasi kang ngilangi watese ruwang lan wektu. Pangaribawane teknologi kang sumrambah ing madyaning masyarakat nyakup ing sakabehing bidhang, kaya ta pendhidhikan, ekonomi, sosial, budaya, lan liya-liyane. Kirtya Basa IX 1 Ing ngisor iki ana tuladha teks teknologi, coba wacanen sajroning batin! DHOP LAMPU BISA NGLAYANG Sawijining ilmuwan saka New York, Simon Morris, nyiptakake dhop lampu kang unik. Dhop iki bisa nglayang lho. Saliyane iku, dhop lampu iki uga bisa murub suwene 22 taun. Wow, suwe banget ya. Apa ta rahasiane? Dhop lampu kang dijenengi Flyte iki nglayang ing sadhuwure kayu pesagi. Geneya Flyte bisa nglayang? Pranyata Simon nyeleh magnet ing ngisore dhop kuwi. Dheweke uga nyeleh magnet ing njerone kayu kuwi. Kekarone magnet mau nduweni kutub kang padha. Mula kuwi, kekarone padha ’tolak-menolak’ saengga nyebabake Flyte nglayang. Banjur, saka ngendi Flyte bisa murub? Tatakan kayu Flyte disambung menyang sumber listrik. Flyte oleh setrum mau saka tatakan kayu lumantar teknologi indhuksi. Teknologi indhuksi yakuwi proses owahowahan energi mekanik dadi energi listrik tanpa kabel. Unike maneh, tatakan kayu iki bisa digunakake kanggo ngisi ulang baterai handphone lho. Canggih ta? (Panjebar Semangat No.24-13 Juni 2015) Sawise kokwaca sajroning batin, coba babarna pitakon ing ngisor iki! 1. Apa sing dirembug ing teks kasebut? 2. Coba sebutna tuladha teknologi sing lumrah koktemoni ing omahmu! 3. Coba sebutna gunane teknologi ing padinan? 4. Yen sliramu kasengsem karo tuladha ing dhuwur, praktekna ing omah karo kanca-kancamu, banjur nggawea laporan prasaja tumrap kegiatan sing wis koklakoni! Kegiatan 1: Wangun Teks Asil Observasi Istilah Teknologi Tepat Guna (TTG) lumrahe ditrapake kanggo njlentrehake rekayasa teknologi kang dianggep cocog kanggo negaranegara sing lagi ngrembaka utawa ing karang padesan sing adoh saka kutha gedhe. TTG iki mujudake teknologi prasaja kang bisa nggampangake pakaryan. Mula saka iku, TTG iki perlu dirembakakake kanthi temenan. 2 Kirtya Basa IX Tugas 1: Nyemak Teks Teknologi Tepat Guna Wacanen tuladha teks ing ngisor iki kanthi permati! GAWE GAS LPG (ELPIJI) DHEWE BISA MURUP 24 JAM NONSTOP Gegeran bab warta mbledhose gas elpiji, utawa saya langka lan larang regane gas kuwi, mesthi wae dadi masalah kanggo rakyat lan pamarentah. Njur kepriye solusine? Tekan saiki durung ana sing bisa mangsuli. Malah kadhangkala pamarentah mung uncal-uncalan tanggung jawab antarane pepadha birokrat lan pejabat. Gagasan kreatif sing bakal diaturake iki mbok menawa bisa dadi solusi alternatif. Sanajan penemon bahan bakar gas saka woh-wohan utawa saka sampah organik dudu bab sing anyar, nanging nyatane pancen akeh sing durung nggunakake utawa mraktekakake kanthi langsung. Ing tangane priya saka Karanganyar iki, proses prodhuksi biogas digawe luwih prasaja, gampang, lan murah, nanging tetep efektif nalika digunakake. Kanthi inovasi lan eksperimen bola-bali, ngasilake mesin prasaja kanggo ngolah sampah dadi gas sing efektif lan ramah lingkungan. Sanajan mung lagi skala omahan, nanging idhe kreatif iki uga bisa dadi peluang usaha sing menarik. ”Mesin iki dijenengi Albakos . Singkatan saka Alat Biogas Konsumsi Sampah,” ujare Budi (49), sing uga kondhang diundang bapak biofuel iki. Sawise nemokake mesin ciptaane kuwi, priya iki uga mbukak pelatihan bab gawe biogas ing kantore sing arane Agro Makmur. Ora nyana peserta sing ndhaftar akeh lan teka saka wilayah sa-Indonesia. Kantor pelatihan Agro Makmur kuwi mapan ing desa Doplang, Karangpandan, Karanganyar, Jawa Tengah. Priya sing jeneng komplite Soelaiman Budi Sunarto iki ngandhakake, menawa mesin Albakos bisa ngolah sampah organik garing dadi gas sing bisa digunakake minangka bahan bakar. Bahan bakar kuwi, sawetara wektu iki bisa dianggo kanggo konsumsi ing skala omahan. Kanggo sampah garing 5 kg bisa ngasilake gas sing murup watara 2 jam. Njur kepiye sistem kerjane piranti mesin iki? Lan sampah jinis apa wae sing bisa diolah dadi biogas skala omahan? ”Pisanan kita kudu duwe mesin Albakos dhisik,” imbuhe Rudi (21), sawijining instruktur pelatihan ing Agro Makmur. Mesin Albakos iki dirancang dhewe dening Pak Budi. Perangan mesin ana 4 komponen utama. Yaiku tabung kanggo wadhah pembakaran (wujude kaya roket, kanthi tutup kerucut tumeng), ruang compres lan uga Kirtya Basa IX 3 dadi pangadheme, blower (kipas angin), lan kompor kanggo metune murube gas. Saben komponen kuwi disambungake karo pipa. Miturut Rudi, mesin kuwi ana 2 tipe, yaiku tipe cilik lan gedhe. Tipe cilik kanthi daya listrik watara 60 watt, lan bisa nampung sampah garing watara 5 kg. Bisa ngasilake gas murup tekan 2 jam. Albakos tipe cilik iki didol kanthi rega Rp. 4 juta sa-pakete, saengga wis dadi mesin komplit sakompore. Albakos tipe gedhe kapasitase watara 50 kg sampah garing. Mesin iki bisa ngasilake murupe gas geni watara 8 jam. Tipe cilik lan gedhe jan-jane bisa murup tekan 24 jam, nanging kudu ajeg diiseni sampah garing. Kalorone uga dikompliti pangatur tingkat gedhe lan cilike murupe geni. Sawise mesin Albakos siap, diwenehi banyu sacukupe ing wadhah sakubenge compres utawa pangadhem. Bab iki kanggo njaga kebul sing metu (compres), lan sisan kanggo ngadhemake suhu. Sabanjure, nglebokake mawa areng ing tabung pambakaran. Kanggo tabung Albakos cilik cukup 1 kg mawa areng. Njur nglebokake sampah garing ing dhuwure mawa areng mau. Dienteni nganti kebule metu saka dhuwur tabung. Menawa kebul wis metu, njur nutup tabung. Nunggu tekan bolongan gas kompor metu kebule. Menawa bolongan kompor metu kebul, pancing gas kanthi nyumet korek ing cedheke. Gas njur bisa murup dhewe, lan kompor Albakos wis diarani siap kanggo masak apa wae. Prinsipe ing kebul sampah organik mau ana watara 30% gas metan. Mesin Albakos siji iki bisa disambung kanthi pirang-pirang kompor gas sisan, saengga bisa dimaksimalake fungsine. Miturut dheweke kanggo mbandhingake, menawa masak 1 liter banyu tekan mateng dibutuhake watara 7 menit nganggo gas elpiji. Nanging nganggo gas kompor Albakos iki mung butuh wektu 4 menit supaya banyune mateng. Kajaba kuwi faktor bahan baku sampah sing murah lan gampang digoleki, mesthi wae dadi nilai plus dhewe bab irit ragade kuwi. Malah ora amung kuwi, saka ruang njaba utawa sakubenge compres/pangadhem sing isi banyu mau, bisa diasilake zat cair ireng arane Venol. Miturut panliten zat iki bisa dianggo minangka obat anti septik. 4 Kirtya Basa IX Bausastra jlentreh piranti uwuh kebul ragad : cetha,jelas,gamblang : alat : sampah : asap, keluk : bea, biaya Kanggo mangerteni isine wacan, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1) Sapa kang nemokake mesin Albakos ing wacan kasebut? 2) Apa sing diarani Albakos ? 3) Sampah apa wae kang bisa diolah nganggo mesin Albakos ? 4) Albakos tipe gedhe kapasitase bisa ngolah sampah pira? 5) Kanggo Albakos tipe cilik pra daya listrik kang dibutuhake? 6) Butuh sampah pira kanggo ngasilake gas sing murup watara 2 jam? 7) Apa salah sijine keuggulan migunakake biofeul? 8) Kepriye carane supaya bisa gawe biofeul? 9) Saliyane bisa ngasilake bahan bakar gas, mesin Albakos bisa ngasilake apa wae? 10) Apa manfaate gas Venol? Tugas 2: Ngidhentifikasi Teks Laporan Asil Observasi 1. Wacanen sepisan maneh teks laporan asil observasi ”Gawe Gas LPG (Elpiji) Dhewe Bisa Murup 24 Jam Nonstop” ing dhuwur. Sawise maca teks laporan asil observasi kasebut bakal tinemu perangan anggone nyusun teks kaya ing ngisor iki : Dhefinisi Umum Struktur Laporan Asil Observasi Dheskripsi Bagean Dheskripsi Manfaat Katrangan:  Dhefinisi umum/ idhentifikasi yaiku perangan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane.  Dheskripsi bagean/ klasifikasi yaiku perangan sing manthamantha manut jinis utawa klompoke, utawa perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci. Kirtya Basa IX 5  Dheskripsi manfaat/ kagunan yaiku perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi. 2. Sawise mangerteni bagean-bagean teks kasebut, coba ukara-ukara sing wis diandharake ana ing teks laporan asil observasi kasebut tulisen ana ing bagean-bageane dhewe-dhewe! Struktur teks Dhefinisi Umum Ukara …………………………………………………………… …………………………………………………………… Dheskripsi Bagean …………………………………………………………… …………………………………………………………… Dheskripsi Manfaat …………………………………………………………… …………………………………………………………… 3. Supaya luwih mangerteni isine teks, kita kudu mangerteni isi saben paragrap. Coba wacanen bagean-bagean struktur teks laporan asil observasi saka modhel wacan ing ngisor iki! Sabanjure wacanen ukara sing kacithak miring ana ing tuladha bagean dhefinisi umum, ing kono kababarake gagasan utama utawa ukara bakune. Saiki coba wenehana tandha dhewe ngendi sing dadi gagasan utama ing dheskripsi bagean lan dheskripsi manfaat. Tuladha: Struktur Teks Dhefinisi Umum Ukara Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan (akhir). Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padhet (padat), encer (cair), utawa gas. Sampah uga dadi masalah nomer siji ing Indonesia, saliyane pengangguran, lan sarana transportasi. Bencana banjir wis dadi langganan ana ing wewengkon tlatah Gresik, nanging isih akeh wong Gresik sing ora gelem sadhar yen mbuwang sampah iku kudu ana panggonane. Pokoke waton wuuur…buwang. senajan Indonesia 6 Kirtya Basa IX iku kalebu negara kang nyedhiyani panggonan sampah ana ing ngendi-ngendi. Dheskripsi Bagean Khususe sampah padhet kang awujud plastik, dadi masalah lingkungan ing Indonesia. Amarga, plastik iku kalebu sampah kang angel dismusnakake. Butuh pirang-pirang taun kanggo musnahake sampah plastik kuwi. Satemene, wong-wong Indonesia sing saben dinane migunakake plastik kanggo wadhah, iki bisa nyebabake sampah plastik dadi numpuk. Apa maneh, wong Indonesia jumlahe akeh banget lan padha kurang sadhar lan kurang nguri-uri mungguh babagan mbuwang sampah ing panggonane. Dheskripsi Manfaat Pakulinan mbuwang samubarang sampah ing sembarang panggonan pancen isih dadi pakulinan masyarakat kita. Kamangka pukulinan ala kuwi, manut para ahli tata lingkungan kota bisa wae ndadekake salah sijine faktor kang nyebabake bebaya banjir kaya kang wis kedadean ing sawatara dhaerah lan kutha durung suwe iki. Pakulinan ala wis samesthine kudu enggal kita tinggal. Tugas 3: Nyemak Unsur Basa Sajrone Teks Laporan Asil Observasi Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Wis samesthine yen basa kang digunakake basa kang baku, beda karo basa kang digunakake ing karya sastra. 1. Andharan ing ngisor iki semaken! Kirtya Basa IX 7 HOME INDUSTRI Usaha home industri utawa indhustri omahan mujudake salah sijine indhustri sing ora mbutuhake modhal sing gedhe. Indhustri omahan luwih asring minangka wujud saka bisnis sampingan. Sanajan wiwitane wujud bisnis sampingan wusanane ndadekake bisnis sing ngrembaka lan nguntungake. Ing madyaning masyarakat indhustri omahan bisa kaperang dadi telu. Sepisan, indhustri omahan sing ngasilake jasa, kapindho indhustri omahan sing ngasilake barang, lan katelu, indhustri kang nyalurake barang. Saka katelu indhustri omahan kasebut isih bisa kaperang maneh dadi pirang-pirang kegiatan usaha. Usaha jasa, yaiku sawenehing wujud usaha dilakokake dening pawongan kang ngepenake keahlian, tuladhane jasa bengkel mobil, gerji, jasa ngumbah karpet, lan liya-liyane. Beda maneh karo jinis indhustri omahan kang ngolah utawa ngasilake barang. Jinis indhustri omahan iki didhominasi dening sawenehing indhustri panganan. Ing saben kutha mesthi akeh ditemoni jinis panganan kang bisa dadi ciri khase kutha kasebut. Malang salah sawijining kutha ing Jawa Timur, akeh maneka warna usaha indhustri omahan kang bisa ditemoni. Salah sawijining indhustri omahan kang wektu dina iki dadi kembang lambe, yaiku indhustri kripik. Manawa ing masyarakat wis lumrah keprungu lan ditemoni jinis kripik tempe lan kripik tela, ing Malang saiki bisa ditemokake maneka jinis kripik, utamane kripik maneka wohwohan. Mula ora aneh yen padha plesiran ing kutha Malang kurang jangkep menawa durung tuku maneka kripik woh-wohan mau. 2. Ukara Miturut Jinis Wasesane Kanggo ngelingake pangertenmu, ukara kang wasesane tembung tanggap diarani ukara tanggap, dene ukara kang wasesane tembung tanduk diarani ukara tanduk. Tembung tanggap iku tembung lingga kang oleh ater-ater tripurusa (dak, ko/kok, di), dene tembung tanduk iku tembung kang oleh ater-ater anuswara (m, -n, -ng, -ny). 8 Kirtya Basa IX Gladhen: Semaken maneh wacan kanthi irah-irahan ”Home Industri”, sabanjure kothak ing ngisor iki isenana tuladhane ukara tanduk lan ukara tanggap kang kajupuk saka wacan! Ukara Tanggap Ukara Tanduk .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. .................................................. 3. Ukara Miturut Isine Kejaba ukara tanduk lan ukara tanggap, kanggo ngeling-eling pasinaonmu sadurunge babagan ukara uga bisa kapilah adhedhasar isine. Adhedhasar isine, jinise ukara maneka warna, kaya ta: ukara andharan/ pawarta, ukara pitakon, ukara pakon, ukara panguwuh, ukara sambawa, lan ukara pamenging. Gladhen: Kanggo nyinaoni babagan jinise ukara miturut isine, tindakna pakaryan iki! 1) Gawea ukara andharan 5 wae! 2) Gawea ukara pitakon 5 wae! 3) Gawea ukara pakon 5 wae! 4) Gawea ukara panguwuh 5 wae! 5) Gawea ukara sambawa 5 wae! 6) Gawea ukara pamenging 5 wae! 4. Unggah-Ungguh Basa Babagan unggah-ungguh basa wis tau disinaoni. Unggah-ungguh basa kaperang dadi basa ngoko (ngoko lugu lan ngoko alus) dan basa krama (krama lugu lan krama alus). Ing kalodhangan ini ngelingake bab basa krama kang kaperang dadi loro, yaiku: 1) Basa Krama Lugu Kirtya Basa IX 9 a. Paugerane Basa Krama Lugu Basa krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge kabeh migunakake basa krama, ater-ater lan panambang kabeh kudu dikramakake. Panganggone ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus marang wong sing diajak guneman. b. Gunane Basa Krama Lugu Basa krama lugu iku dienggo guneman dening: (1) wong enom marang wong tuwa (2) wong sing lagi tetepungan anyar (3) murid marang gurune (4) abdi marang bendarane c. Wewatone Basa Krama Lugu (1) Tembung-tembung sing ana kramane diganti tembung krama, dene sing ora ana kramane tetep ngoko. Tuladhane: Basa ngoko: Aku arep tuku woh-wohan, kayata: pelem, nanas, gedhang, lan anggur. Basa krama lugu: Kula badhe tumbas woh-wohan kados ta: pelem, nanas, pisang, kaliyan anggur. (2) Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama, tetep dikramakake. Tuladhane: Basa ngoko: Kowe apa wis weruh omahku, saiki bojoku wis mulih. Basa krama lugu: Sampeyan punapa sampun sumerep griya kula, sapunika semah kula sampun wangsul. (3) Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, witwitan, lan barang sing ana kramane tetep dikramakake. 10 Kirtya Basa IX Tuladhane: Basa ngoko: Tanggaku nganti saiki isih lara durung bisa mlaku. Basa krama lugu: Tanggi kula ngantos sapunika taksih sakit dereng saged mlampah. 2) Basa Krama Alus a. Paugerane Basa Krama Alus Basa Krama alus yaiku basa kang digunakake kanggo pacaturan kang nggunakake basa krama kang alus, nanging yen kanggo awake dhewe tetep nggunakake krama lugu. b. Gunane Basa Krama Alus Basa krama alus digunakake dening: a. anak marang wong tuwa b. murid marang guru c. wong enom marang wong tuwa d. wong kang lagi tetepungan c. Wewatone Basa Krama Alus (1) Tembung-tembung ngoko sing ana krama aluse diganti nganggo tembung krama alus, sing mung ana krama lugune diganti tembung krama lugu, dene sing ngoko ora ana tembung kramane tetep tembung ngoko wae. Tuladhane: Basa ngoko: Bojone Pak Tarji tuku gedhang, pelem, karo apel. Basa krama alus: Garwanipun Pak Tarji mundhut pisang, pelem, kaliyan apel. (2) Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi sing ana tembunge krama alus, ora dienggo, sing dienggo tembunge krama lugu, yen ora ana tembunge krama lugu sing dienggo tembunge ngoko. Kirtya Basa IX 11 Tuladhane: Basa ngoko: Nalika anake Bu Lurah lara, anakku durung mulih. Basa krama alus: Wekdal putranipun bu Lurah gerah, yoga kula dereng wangsul. (3) Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan lan barang, tembung krama aluse ora dienggo, sing dienggo tembunge krama lugu; yen ora ana tembunge krama lugune, sing dienggo tembunge ngoko. Tuladhane: Basa ngoko: Pak Broto pikirane rada kuwatir, sapine sing lara ora gelem mangan, tandurane pari akeh sing rusak. Basa krama alus: Pak Brata manahipun radi kuwatos, lembunipun ingkang sakit boten purun nedha, tanemanipun pantun kathah ingkang risak. Gladhen: Gawea ukara nganggo basa ngoko, banjur owahana dadi basa krama lugu lan krama alus kanthi ngisi tabel ing ngisor iki! No. 12 Basa Ngoko Basa Krama Lugu Basa Krama Alus 1. .......................... ............................ ............................ ......................... ............................ ............................ ........................ ............................ ............................ 2. .......................... ............................ ............................ ......................... ............................ ............................ ........................ ............................ ............................ 3. .......................... ............................ ............................ ......................... ............................ ............................ ........................ ............................ ............................ 4. .......................... ............................ ............................ ......................... ............................ ............................ ........................ ............................ ............................ Kirtya Basa IX 5. .......................... ............................ ............................ ......................... ............................ ............................ ........................ ............................ ............................ Tugas 4: Nerangake Isine Teks Laporan Asil Observasi Maca teks laporan asil observasi kanthi premati kowe bakal mangerteni apa isine teks. Gatekna pituduh ing ngisor iki kanggo nyimpulake isine wacan. 1) Wacanen teks ”Gawe Gas LPG (Elpiji) Dhewe Bisa Murup 24 Jam Nonstop” kanthi premati. 2) Tulisen ukara baku ing saben pada (paragrap) 3) Roncenen ukara-ukara baku supaya dadi sapada. 4) Gawea dudutan (kesimpulan) teks ”Gawe Gas LPG (Elpiji) Dhewe Bisa Murup 24 Jam Nonstop” manut pituduh ing dhuwur! Kegiatan 2 : Nintingi Teks Laporan Asil Observasi Kanthi Klompok Ing pasinaon iki para siswa bakal sinau bebarengan sajroning klompok. Gawea klompok, saben klompok anggotane 4 - 5 siswa! Tugas 1: Nintingi Struktur Teks Laporan Asil Observasi 1) Teks laporan asil observasi ing ngisor iki durung urut. Coba ukara-ukara ing kolom ngisor iki tintingana, sabanjure wenehana nomer saengga bisa dadi teks laporan asil observasi sing urut, kanthi migatekake struktur teks kang kedadean saka dhefinisi umum, dheskripsi bagean, lan dheskripsi manfaat. Dhiskusekna karo anggota klompokmu! Sajrone dhiskusi sliramu kudu nuduhake sikap dhisiplin, gotong-royong, lan pracaya dhiri. Saben klompok maca asile dhiskusi ing sangarepe kanca-kancamu salaras karo asile anggonmu dhiskusi/rembugan saklompok. No. ………… Kirtya Basa IX Teks Alas-alas dirusak, wit-witan dikethoki kanthi sembarangan bakal mbebayani. Ing mangsa udan menawa alas gundhul bakal dumadi bencana alam arupa lemah longsor lan bencana banjir. 13 Manungsa bisa manfaatake isining kekayaan alam ananging aja srakah, tanpa mretungake akibate. Dumadine musibah bencana alam ing Indonesia, rata………… rata disebabake saka tumindake manungsa dhewe kang ora bisa njaga keseimbangane alam. Mulane minangka titahing Gusti, manungsa kudu bisa …………. njaga kaseimbangan lan kalestarene alam lan lingkungan supaya ora dumadi bencana alam. Alam saisine minangka anugrah saka Gusti kang Maha Agung tumprap manungsa. Alam lan lingkungan bisa …………. kajaga kaseimbangane, menawa manungsa bisa tumindak wicaksana njaga kalestarene alam lan ora ngrusak lingkungan. …………. Menawa keseimbangan alam ora kejaga kanthi apik lan dumadi karusakan alam kang mutawatiri, mula manungsa dhewe kang bakal ngalami kapitunan gedhe. …………. 2) Sawise ngurutake paragrap ing dhuwur, irah-irahan sing cocok kanggo wacan ing dhuwur, yaiku: ………………………………………………………………………………………… 3) Saka wacan ing dhuwur bisa diidhentifikasi bagean dhefinisi umum, dheskripsi bagean, lan dheskripsi manfaat/ kagunan kaya ing ngisor iki! No 14 Struktur Teks 1. Dhefinisi Umum 2. Dheskripsi Bagean 3. Dheskripsi Kagunan/ Manfaat Ukara ………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………… ........................................................................... ………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………… ............................................................................ Kirtya Basa IX 4) Critakna maneh isine teks asil observasi ing dhuwur nganggo basamu dhewe! ................................................................................................. ................................................................................................. 5) Gawea duduten isine critamu, banjur tulisen pesan moral/amanah kang tinemu ing teks laporan asil observasi kasebut! ................................................................................................. ................................................................................................. 6) Jlentrehna relevansi pesan moral saka teks asil observasi kasebut karo kahanan jaman saiki kanthi bukti kang nyengkuyung pranyatamu! ................................................................................................. ................................................................................................. 7) Wacanen asil dhiskusi klompokmu ing ngarep kelas kanthi santun. Kanca-kancamu bisa takon tumrap garapanmu sing durung cetha, uga bisa menehi panyaruwe/saran! 8) Sawise dhiskusi, sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan panyaruwe saka klompok liya sarta pamanggihe Bapak/Ibu Gurumu. Sawise garapanmu sampurna, kumpulna marang Bapak/Ibu Guru minangka tugas klompok! Tugas 2 : Nggawe Teks Laporan Asil Observasi Sadurunge sliramu nggawe teks laporan asil observasi, luwih dhisik tindakna observasi utawa pengamatan tumrap teknologi sing ana ing sakupenge desamu. Upamane anane betor (becak motor) sing dienggo antar-jemput bocah sekolah, anane mesin kanggo ngrontokake pari, anane mesin parut klapa, lan sapanunggale. Nalika nganakake pengamatan sliramu kudu nganakake wawan-rembug karo narasumber. Sapa ta narasumber? Narasumber iku pawongan kang bisa menehi sesurupan, katrangan, dhata, informasi tumrap samubarang kang lagi dideleng (diobservasi). Supaya anggonmu nindakake wawancara utawa wawanrembug bisa lancar lan runtut, luwih becik gawe pedhoman wawancara. Apa iku pedhoman wawancara? Pedhoman wawancara iku arupa dhaftar pitakonan kang arep ditakonake marang narasumber. Kirtya Basa IX 15 Gladhen: Gawea klompok kanthi anggota 4-5 siswa. Tindakna pakaryan wawanrembug karo narasumber gegayutan karo teknologi. Sawise kabeh mau koklakoni, tulisen asil pengamatanmu wujud laporan kaya tuladha ing dhuwur! No. Klompok Judhul Asil Observasi Dhefinisi Umum Dheskripsi Bagean Dheskripsi Manfaat Tugas 3: Nanggapi Teks Laporan Asil Observasi Sawise rampung anggonmu nggarap laporan asil observasi, asil tulisan klompokmu wacanen ing ngarepe kanca-kancamu! Coba saiki wenehana tanggapan/ panyaruwe saka garapane klompok liyane! Tugas 4 : Nulis Ukara Nganggo Aksara Rekan lan Angka Jawa Kanggo nambah kawruhmu babagan aksara Jawa, ing pasinaon iki kapunjerake bab panulisan aksara rekan lan angka Jawa. 1) Aksara Rekan. Aksara rekan yaiku aksara kang direka utawa digawe kanggo njangkepi cacahe aksara kang bisa katulis nganggo aksara Jawa. Gunane aksara rekan kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung saka basa Arab. Menawa ora dicethakake, yen kang katulis iku tembung manca, mung cukup katulis nganggo aksara lumrah wae. Cacahe aksara rekan iku ana lima, dene wujude aksara rekan kaya ing ngisor iki : 16 k+ f+ p+ j+ g+ kha dza fa za gha Kirtya Basa IX Pepeling Tata panulise aksara rekan: 1. Menawa aksara rekan karaketan sandhangan pepet (...e ), cecake telu dumunung ing sajrone pepet. 2. Dene yen karaketan sandhangan wulu ( …i.), layar ( …/...), lan cecak (…=…), cecake telu dumunung ing sisih kiwane, sandhangan wulu, layar lan cecak. Tuladha: a. Fitri b. dwifungsi c. Firsa : p+it]i : fWip+u=si : p+i/s 3. Aksara rekan sing duwe pasangan mung pasangane yaiku …..P+ (p+ ), wujude aksara rekan liyane ora bisa dadi pasangan. Mula yen aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg (mati), sesigeging wanda iku kudu dipangku. Tuladha: a. zakat fitrah: j+ktP+it]h b. Imam Ghozali:aimm\[g+oj+li Gladhen: Tulisen nganggo aksara Jawa! 1) Fakir miskin iku oleh santunan. 2) Banyu zam-zam iku bisa dadi obat. 3) Maca dzikir iku kuwajibane umat Islam. 4) Khusnul Khotimah dadi juwara klas. 5) Farhan krungu adzan. 6) Kyai Hamzah lagi khotbah. Kirtya Basa IX 17 2) Angka Jawa Angka Jawa wiwit angka 1 nganti 9 lan ditambah 0. Dene, wujude angka Jawa, yaiku: 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0 P Pepeling Angka Jawa iku wujude uga aksara Jawa. Supaya ora mbingungake, kanggo nulis angka Jawa dipisahake kanthi pada pangkat (: ). Tumrap angka Jawa kang manggon ing tengahe ukara diapit nganggo pada pangkat, dene yen sawise angka Jawa ana tandha koma (,) utawa titik (.), pada pangkat cukup dadi pamisah bae. Tuladha : a. Dhuwitku ana 78.350. ?duwitÑ|an;78350. b. Bukune ana 12, anyar kabeh. ?buku[nan;12,av/k[bh. c.Aku duwe pitik 8. ?akufu[wpitik\;8. Gladhen: a. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa! 1) Omahe ana Surabaya, gang 15 nomer 23. 2) Simbah mantu tanggal 28 April 2015. 3) Modhale mung 750 yuta. 4) Andrian lulus kuliah tanggal 23 september 2005 5) Proklamasi katindakake tanggal 17 Agustus 1945. 6) Sepatuku regane 150.000 rupiyah. 18 Kirtya Basa IX

b. Ukara-ukara kang katulis aksara Jawa ing ngisor iki owahana nganggo aksara Latin! 1.?put][nsimBhan;9;lnWyh[aan;15. ………………………………………………………………………………… 2.?si[n[t]o[nNrmPu=jm\;12;bezi. ………………………………………………………………………………… 3.?xg[n[bnSinM|nDk\;500;rupiyh. ………………………………………………………………………………… [email protected]/t;1;Ap]il\;2015. ………………………………………………………………………………… 5.?m[sD!iplk]mt=gl\;5;juni;2011. ………………………………………………………………………………… 6.?[mzetiTfinpenDidikKn\;2;[mai:2015. ………………………………………………………………………………… 7.?$igitLai/t=gl\;27;Ap]il\;1988. ………………………………………………………………………………… 8.?p+it]iyuliyniput][nome/;2. ………………………………………………………………………………… 9.?duwitÑ|kri;5000;rupiyh. ………………………………………………………………………………… 10.?[b[bkÑ|pdmti,kri;9;w[a. ............................................................................................................................ ..

Struktur teks wayang Miturut bagan Kaperang dadi apa wae?

Struktur teks cerita wayang iku kaperang dadi 3 bagian yaiku orientasi, komplikasi lan pangudharaneperkara.

Teks cerita wayang Kalebu teks apa?

Jawaban. => A. Teks Narasi.

Apa Kang Sinebut teks cerita wayang?

Jawaban: teks cerita wayang yaitu teks utama yg akan diceritakan di pewayangan atau teks sing nyaritakeun cerita bab wayang.

Apa itu Koda dalam drama?

Koda ialah sebuah unsur yang terdapat pada cerita, yang mengandung amanat atau pesan yang ingin disampaikan cerita tersebut. Koda pada umumnya diletakkan di bagian akhir sebuah cerita atau novel.