MIRENGAKEN WARA-WARA Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : X / I Metode : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah Waktu : 2 x 45 Menit ================================================================I. PANUDUH PIWULANG
Standar Kompetensi : MENDENGARKAN Mampu mendengarkan dan lisan memahani wacana sastra maupun nonsastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa Kompetensi Dasar : Mendengarkan pengumuman kegiatan kemasyarakanIndikator :
NYEMAK WARA-WARA Nyemak tegese sawijining proses kegiyatan ngrukokake lambang-lambang lesan kanthi wigati, nduweni pemahaman, apresiasi, sarta interpretasi kanggo entuk informasi, pesen, sarta paham tegese komunikasi sing diwedharake dening wong sing ngomong kanthi piranti basa lisan. Nyemak wacan nonsastra ing piwulang basa jawa bias arupa nyemak wara-wara, nyemak pawarta, lan nyemak crita. Nyemak wara-wara, nyemak pawarta, lan nyemak crita kalebu nyemak intensif. Tegese nyemak kang dilakoni kanthi tumemen lan konsentrasi sing mirunggan kanggo mangerteni teges sing ana. Dene menawa dijlentrehake maneh kalebu nyemak intensif-konsentratif. Awit, ana ing nyemak wara-wara, wong kang nyemak ngupadi bab-bab informasi sing penting. Supaya anggone nyemak mikolehi asil kang dikarepake ana babagan penting kang kudu ditindakake wong kang nyemak.
Wara-wara 1 WIS KABABAR KALENDER ANYAR Pengalamanwisbola-bali mbuktekake: Kalender Jaya Baya “laris” akeh wong sing nyenengi, akeh wong sing mbutuhake. Kanggo dipajang dhewe, utawa kanggo kenang-kenangan r iyaya, tahun baru utawa kanggo tandha tali asih karo keluarga, sanak rowang. Kangwiskelakon, saben kalender Jaya Baya anyar terbit,wisantri wong rebutan tuku! Yen ora langsung rawuh dhewe mundhut menyang kantor JB, bias “pesen” kanthi kirim dhuwit liwatweselutawa transfer bank. Yen ora cepet, mesthi bbakal “kehabisan”! Saiki kalender JAYA BAYA 2011 (sing isih gres, anyar kinyis-kinyis)wissiap terbit. Sing ngresakake pesen/mundhut bias cepet-cepet sesambungan karo kantor Tata Usaha Jaya Baya Jalan Sumatra 31-G (Lantai 4)Surabaya. Telp. 031-5055062, Fax. 031-5055063. Bisa uga kanthi ngirimake bukti transfer rekening BCA No Rek. 519.005855.9 aa/n Minggon Jaya Baya.Rega Eceran: Rp20.000,00 Ongkos kirim: Sajroning Pulo Jawa Rp5.000,00/eks. Sanjabane Pulo Jawa Rp6.000,00/eks. Mundhut akeh/kolektif bakal oleh diskon: *)20 eks.-100 eks. Diskon 10% 101 eks.-250 eks. Diskon 20% 251 eks. Luwih … diskon 30% *) Ongkos kirim kolektif 15% saka rega netto.Jaya Baya 15 Minggu II Desember 2010 IV. PENDALAMAN MATERI Wara-wara ana Ing nhduwur coba bandhingake karo wara-wara ing ngisor iki!Wara-wara 2 RUWATAN SUKERTA, JAMASAN PUSAKA 1 Suro 1431 Kantor Jawa Pos Lama Jl Karah Agung 45Surabaya6-7 Desember 2010. Dalang Ruwat: Ki Darmo Suwito Noyontoko, dalang malem tirakatan: Ki Surono Gondo Taruno kanthi lakon semar gugat. Informasi lan pendaftaran: majalah LIBERTY Jl Karah Agung 45 Surabaya (031) 6288888 (hunting) Elly/Darmono Enggal ndaftaraken, panyarta winates.Jaya Baya 15 Minggu II Desember 2010 Wara-wara 3 LELAYU Innalillaahi wa inna ilaihi roji’un Sampun katimbalan sowan ing Ngarsa Dalem Allah SWT Bpk. SURATMAN (80 taun) (Agen PS No 320) rikala dinten Rebo Pon tanggal 11 Januari 2009, ing RS Al Islam Bandung mugi-mugi Gusti Allah SWT paringi pangapunten Dhumateng sedaya kalepatanipun saha katampi sedaya amalipun Kanthi ganjaran kaswargan. Amien. Ndherek Belasungkawa: Kang Nandhang Sungkawa: Keluarga Besar Suyanto PANJEBAR SEMANGAT dalah keluaga besar PS – 06 / 2009 Sakwise kok bandhingake katelune wara-wara kasebut, genepana dhaftar kang cumawis ing ngisor iki !
V. TUGAS Wara-wara ing gisor iki wacanen banjur garapen tugas-tugas ing ngisor iki! Buku Anyar Wis terbit buku anyar Badher Bang Sisik Kencana, kumpulan crita rakyat Jawa Timur (Basa Jawa) kang kaimpun dening Drs. Moechtar, Pemimpin redaksi Majalah Panjebar Semangat. Crita lan dongeng-dongeng rakyat kang dipilih kanggo isine buku iki ana 11, yaiku 1.Badher Bang Sisik Kencana, 2. Jaka Thole, 3. Kala Munyeng, 4. Macan Gadhungan, 5. Ratu kang Lali Janjine, 6. Matine Raja Singobarong,7. Ludira Suci kang Amrik Awangi, 8. Gendam Semaradana, 9. Atusan Codhot Mbrubul saka Sirahe Ken Angrok, 10. Sunan Bonang lan Lurahe Lelembut, 11. Crita Panji. Buku iki diterbitake kanthi pangajab, muga-muga ana manfaate tumrap para siswa lan para mudha Jawa, para sutresna crita lan dongeng rakyat, sarta para sutresna basal an budaya Jawa umume, ngiras pantes kanggo ngleluri lan memetri basa ibu kita, basa Jawa.Tumrap kang ngersakake, buku kang kandele vii+161 kaca iki bias dipesen liwat Bapak Moechtar, alamate jl Pucang Asri !/9Surabaya 60282, telp. (031) 5207618. regane buku Rp25.000,00 ditambah ongkos kirim Rp10.000,00. pembayaran supaya diliwatake poswesel utawa transfer liwat Bank Lippo Pucang Anom No. Rek. 734.10.29515 a/n Drs. Moechtar. Uga isih ana pasdhiyan buku-buku asil karyane penulis kang padha: Multatuli (Basa Indonesia), rega Rp40.000,00 tambah ongkos kirim Rp10.000.,00; Nitimani (basa Jawa), rega Rp20.000,00 tambah ongkos kirim Rp.10.000,00. PS-52/2009
VI. PENILAIAN LOMBA CIPTA LAN MACA GEGURITAN PIALA GUBERNUR JAWA TIMUR TINGKAT SMP/MTS TOTAL HADIAH RP7.000.00,00 Biro Mental Spiritual Pemprov Jatim bebarengan karo Majalah Panjebar Semangat nganakake lomba ngripta lan maca geguritan kanggo tingkat SMP/MTS se-JAwa Timur ngrebut Piala Gubernur Jawa Timur lan bebana juara 1 Rp3.000.000,00 juara II Rp2.000.000,00 juara III Rp.1.000.000,00 sarta Juara harapan 1 lan 2 siji-sijine nampa Rp.500.000,00. Seleksi Tahap I, asil karya geguritan dikirimake marang Panitia Lomba Baca Cipta Puisi Jawa wiwit wara-wara iki diumumake lan ditutup tanggal 15 Januari 2010. Naskah kang mlebu bakal dibiji lan dipilih sing g apik, kehe patang puluh. Penggurit naskah sing apik-apik cacah patang puluh mau sing bakal melu seleksi tahap 2 diundang maca geguritan ing sangarape dewan juri tanggal 27—28 Januari 2010, dene papane ana ngendi bakal ditemtokake mengko. Transport lan akomodasi menyang ing papan lomba bakal ditanggung panitia.Syarate melu lomba, siswa SMP/MTs Negeri utawa swasta ing Jawa Timur, naskah geguritan asli karyane dhewe, during tau dipacak ing Koran lan majalah, naskah kang dikirimake kudu kinawruhan Guru Pendamping utawa Kepala Sekolahe, siswa siji mung kena ngirimake asil karya siji, , naskah kakirim menyang Panitia Lomba Baca Cipta Puisi Jawa d/a Redaksi Panjebar Semangat Jl. GNI No 2 Surabaya 60174, ing pojok kiwa dhuwur amplop ditempeli kupon Lomba LBPC. Aja lali kinanthenan data pribadhi peserta (jeneng, tempat tanggal lahir, alamat, telpon, SMP, nama SMP, nama orang tua, alamat/telepon, Guru Pendamping,/telpon). Ayo rame-rame melu lomba!! Kanggo ngisi liburan ngiras pantes ngukur kabisan ing babagan susastra Jawa.Panitia Lomba Cipta & Baca Puisi JAwa PS-52/2010
Wara-Wara LOMBA NGARANG ESEI SASTRA JAWA Minangka tataran ajange maca lan nulis basal an sastra Jawa. PS ngadani maneh lomba ngarang esei utawa kritik sastra basa Jawa. Singdadi sorotan kritik yakuwi crita sambung ing PS CINTRONG TRAJU PAPAT. Syarate ndherek lomba : ü Kudu lengganan PS saora-orane telung sasi urut-urutan, asma lan nomer lengganan ditulis ing naskah lomba ü Utawa asmanewistau dipacak ing PS taun 2009, sanajan mung ing LSW, asmane kapan dipacak ditulis ing naskah lomba. ü Dawane esei 4 – 8 lembar folio spasi renggang ü Kena ngasta pirang-pirang irahan,nanging upama menange luwih saka siji, sing diaturi bebana mung siji. ü PS bakal ngaturi bebana 3 (telung) pemenang lomba, saben pemenang nampa Rp. 2000.000,00 (rong yuta rupiah) ü Naskah pemenang bakal dipacak ing PS, wondene sisng ora menang uga bias dipacak ing PS nangingnampahr biasa. ü Naskah ditunggu ing mejane redaksi paling kari 4 nomer PS (sesasi) sawise crita sambung cuthel. PS – 7 / 2009 6. Wara-wara ing ndhuwur katujokake kanggo ….
PARAGRAF INDUKTIF LAN DEDUKTIF Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : X / I Metode : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah Waktu : 2 x 45 Menit ================================================================I. PANUDUH PIWULANG
Standar Kompetensi : 2. MENULIS Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra menggunakan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa Kompetensi Dasar : 2.1 Menulis ringkasan wacana nonsastra tentang budaya jawa Indikator :
III. INFORMASI MATERI PARAGRAF Nggawe sawijining paragraf kalebu sajroning ketrampilan nulis sing ora saben pawongan diduweni. Ketrampilan nggawe paragraf bisa saya ngrembaka menawa disinaoni lan dilatih kanthi teratur. Ketrampilan nyusun ukara siji lan sijine saengga nduweni teges kang gumathok ora teka / bisa tanpa disinaoni, tanpa dilatih, mula saka kuwi, nglatih/gladhen terus-terusan/ora kendhat nggawe paragraf iki bisa nggladhi ketrampilan nguwasani nulis paragraf. Sawijining paragraf biasane kedadeyan saka pirang-pirang ukara. Ukara –ukara ana sajroning paragraf kudune sinambungan antaraning ukara siji lan sijine. Ukara-ukara sing dumadi nyengkuyung sawijining tema / topik. Tema / topik panggonane ana sajroning ukara pokok dene ukara-ukara liyane nduweni sifat njelasake/mbeberake ukara pokok. Ukara sing ngandhut gagasan pokok dijenengake ukara pokok, dene ukara sing ngemot gagasan panjelas diarani ukara panjelas. Wujuding paragraf ditilik saka panggonane ukara pokok ana papat yaiku : 1. Paragraf Deduktif Paragraf sing ukara pokoke ana ngarepan diarani paragraf deduktif. Paragraf jinis iki paling gampang digawe. Ana sajroning bagan paragraf deduktif digambarake kaya ing ngisor iki !
Ana ing sahwening masyarakat kita melu rumangsa prihatin yen ta seni musik keroncong saiki wis langka. Kesilep ana ing jagading seni modern sing mekar ana ing laladan Tanah Air. Bupati Pati H. Tasiman SH uga melu ngrasakake kahanan iki. Nalika paring sesorah ana ing pengeten HUT Himpunan Artis Keroncong Musik Indonesia (Hamkri) Cabang Kabupaten Pati sing sepisanan durung suwe iki, ngandharake seni keroncong saiki wis ora kaya dhek jaman dhisik maneh …… Ukara pokok paragraf ing ndhuwur, “Ana ing sahwening masyarakat kita melu rumangsa prihatin yen ta seni musik keroncong saiki wis langka.” Dene ukara candhake arupa ukara panjelas. 2. Paragraf Induktif Paragraf jinis iki walikane paragraf deduktif. Ukara pokoke ana ing pungkasaning paragraf. Ukarane diwiwite saka bab-bab sing asipat mligi/khusus tumuju klimaks, yaiku generalisasi. Nggawe paragraf jinis iki rada kangelan, nanging cocok tur mathuk kanggo nulis prosa argumentasi Yen dibaganeke, paragraf induktif kaya ing ngisor iki !
Supaya komunikasi kuwi kedadeyan / lumaku kanthi apik, saka kalorone (pihak sepisan lan kapindho) merlokake basa sing dianggo bebarengan. Wujude basa mau arupa swara. Swara kuwi diasilake saka alat wicarane manungsa. Kanthi mangkono bisa dikandhakake swara kuwi alat sing ngleksanani basa. Ukara pokok paragraf ing ndhuwur yaiku,” kanthi mangkono bisa dikandhakake swara kuwi alat sing ngleksanani basa.” 3. Paragraf repetitif Paragraf sing ukara pokoke ana ngarep dalah ana pungkasaning paragraf diarani paragraf repetitif. Ukara pokoke ana ing ngarep banjur dibaleni ana ing mburi minangka kasimpulan. Gagasan pokok diwujudake ana rong ukara, sing kalorone ukara mau meh memper / ora padha persis. Yen digambarake kanthi bagan, kaya ing ngisor iki !
WACANA EKSPOSISI Wacana eksposisi tegese wacana kang mbeberake anane analisis proses kanthi cara narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi ekspositoris utawa naras teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pangertene pawongan. Yen miturut KBBI (2001 : 290) eksposisi tegese uraian / paparan kang nduweni tujuan mbeberake maksud lan tujuan (umpamane ana sajroning karangan). Ana sajroning wacana eksposisi panulis kudu nduweni kawruh / pangerten kang cukup bab-bab sing bakal dibeberake. Tanpa kawruh kang mumpuni, mokal kanggone sawijining panulis bisa mbeberake sawijining kawruh kanthi terang trawaca, mumpuni. Kajaba saka kuwi, kanggo nulis wacana eksposisi uga kudu nduweni kawruh bab pola pengembangan paragraf. Pola pengembangan paragraf sing bisa dianggo ana sajroning wacana eksposisi ana ing ngisor iki . a) Conto-conto / tuladha-tuladha Gagasan sing sifate umum tarkadhang merlokake bukti-bukti utawa conto konkret, conto kang nyata; amrih bisa dipahami dening pamaos Tuladha : Kedele sing arep digawe tempe kudu diumbah kanthi resik, jalaran yen ora resik bisa babar / ora bisa dadi tempe. Kedele sing isih reged / kurang bersih ora bisa agawe matenge tempe. Tempene ish mentah, amarga ragine ora bisa “bereaksi” kanthi sampurna. Dadine kedele mau wurung dadi tempe. Wujude yan isih kedele. Saliyane kuwi, kedele sing ora resik anggone ngumbah, bisa anjalari tempene dadi ireng, ora bisa putih resik ngono kae. b) Mbandingake / Perbandingan Ana sajroning iki diwedharake rong bab kang beda utawa luwih kanggo nyengkuyung gagasan pokok. Tuladha : Tuku pitik zaman saiki kudu ngati-ati, amerga akeh pitik utawa sato iwen sing kena flu burung. Antaraning pitik sehat lan pitik sing nandhang lelara bisa dibedakake. Pitik sehat kuwi pitik sing trengginas, ora lemes. Saka cucuke ora metu ilere tur rupane abang seger ora aclum. Saka brutune ora mbanyu utawa nelek terus tur rupane ora ireng / pucet ning abang seger. Dene pitik sing nandhang lelara kuwi pitik sing lemes, ora nduwe daya. Saka cucuk lan brutune metu iler / banyune lan rupane aclum. c) Analogi Tegese analogi yaiku medharake bab-bab kang padha loro utawa luwih. Ing ngisor iki ana tuladha sing mbandingake antaraning anak lan kembang. Tuladha : Anak kuwi kembang ing urip. Anak kuwi wewangian ana sajroning bebrayan / rumah tangga. Anak kuwi sing bisa nyegah bubrahe balepomah. Ana anak uga digantungake pengarep-arepe wong tuwa/kulawarga. Anak uga tombaking gegayuhan sajroning rekasaning ngaurip. Upamane ana saling babak antaraning urip bebojoan, yen ngelingi anak kang isih suci, bisa dadi lereming ati kang panas. Anak pancen kembanging balepomah. d) Sebab – Akibat Pengembangan paragraf jinis iki migunakake penalaran sebab-akibat. Urutane bisa kawiwitan saka sebab tumuju akibat utawa suwalike. Gagasan pokoke bisa ana ing sebab utawa ana ing akibat. Tuladha : Yen ditilik saka kahanan kang sejatine, sajake isih akeh warga Surabaya kang mbuwang sampah sembarangan. Kamangka sampah kasebut bisa mbuntoni saluran banyu. Akibate, ing sadhengah panggonan tuwuh banjir. Contone kaya kang dumadi ing pungkasaning wulan iki. e) Proses Pengembangan proses arep padha karo pengembangan kronologis. Bedane pengembangan kronologis mentingake bab urutaning wektu, dene pengembangan proses mentingake owah-owahan sing dumadi saka awah-awahan siji tumuju owah-owahan candhake. Tuladha :Menawa simbol J kanggo jejer, W kanggo wasesa, lan L kanggo lesan, paugeran umum kanggo nggawe ukara tanggap saka ukara tanduk kang kaya ing ngisor iki.
WACANA NARASI Miturut KBBI Edisi Ketiga (2001:774) sing diarani narasi “pengisahan suatu cerita / kejadian, cerita atau deskripsi suatu kejadian atau peristiwa; kisahan, tema karya seni”. Dadi narasi tegese karangan sing nyritakake sawijining crita utawa kedadeyan, nggambarake prastawa (miturut KBBI). Ana maneh tegese macana narasi kang luwih jangkep, yaiku wacana kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya-kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Tembung liyane nerangake menawa narasi iku wacana kng nyritakake kanthi cetha rerangken tumindhak sajroning prastawa kang winatesing sawijining wektu. Wacana narasi ana werna loro : a. Narasi Ekspositoris Yaiku wacana kang mung menehi ketrangan lugu / apa anane. Narasi ekspositoris iki arep padha karo eksposisi awit ancas kang tinuju titise karangan (informasi) ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancas tujuane padha karo eksposisi yaiku njembarake pangertene pawongan. Tuladha 1 :Kepala Satuan Narkoba Polres Sumbawa, Ipda Yudi Fanani, Kemis (22/12 – 2005) ditemokake tiwas ing salah sijine kamar hotel ing kutha Mataram kanthi kahanan overdosis sabu-sabu. Polisi sing tugase mandhegani mbrastha narkoba iki dinuga tiwas sakwise pesta narkoba jalaraning tempat kejadian perkara (TKP) ditemokake alat pengisep (bong) SS. Tuladha 2 : Transparancy International (TI), sawijining lembaga penelitian antikorupsi, nyebutake partai politik ing Indonesia mujudake lembaga kang paling korup ing sadawane taun 2005. Lembaga liyane sing miturut TI akeh korupsine yaiku parlemen, kepolisian, bea cukai, pengadilan, kejaksaan, lan pajek. Kosok baline lembaga sing paling aman saka korupsi yaiku lembaga-lembaga keagamaan lan lembaga non-pemerintahan (NGO). b. Narasi Sugestif Yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pengangen-angene wong kang maca. Wong kang maca terus bisa njupuk sari / makna anyar, kang ora dibeberake kanthi cetha ing wacana mau. Contone dongeng, novel, roman, lan cerkak lan sajinise. Tuladha cerkak ing ngisor iki wacanen. Anggone ngingoni manuk darawisana sawatara suwene. Wiwite isih piyik-piyik nganti saiki tumekane diwasa. Mula Ali rumangsa seneng atine, dene ingon-ingone bisa lestari tekan seprene. Darane kuwi wis katon lulut. Nalika disingsoti dening Ali banjur pating bleber miber nyedhaki dheweke. Malah wingenane wis ngendhog barang. Cacahe ana loro. Dening Ali banjur digawekake petarangan saka suket garing. Esuk kuwi kaya padatan sadurunge mlebu sekolah, Ali mesthi luwih dhisik makani manuke mau. Nanging saiba kagete nalika pagupone diinguk, jebule manuke ora ana. Ilang sak endhoge, sak petarangane. Kontan wae Ali arep nangis. Terus nyeluki ibune. “Buuuk…buuk…. iki lho !” “Ana apa ta, esuk-esuk kok wis bengok-bengok,” Ibune nayuri saka pawon. “Daraku ilang buk !” “He, kok bisa ilang kuwi kepriye ?” pitakone ibune karo menyat marani Ali. “Ya embuh, kamangka nalika sorene isih ana,” wangsulane Ali karo tangane sraweyan ngusape eluhe. “Wis…wis, ilang yawis. Saiki luwih becik gage adus terus sarapan. Mengko mundhak telat anggonmu mangkat sekolah,” pituture ibune ngarih-arih. Terus nyambungi maneh “Mbesuk yen ibu nduwe dhuwit rak ya bisa tuku maneh”. Sakwise diarih-arih pungkasane Ali gelem mangkat sekolah. Nanging nalika pelajaran dheweke ora bisa konsentrasi babas pisan amarga terus kelingan manuke sing ilang mau. Pas jam istirahat banjur crita marang Budi, kancane sakelas. “Ilange kapan ta ?” pitakone Budi “Sajake mau bengi,” wangsulane Ali. “Apa wis mbok goleki ?” Budi takon maneh. “Ya durung, wong ngertiku lagi mau esuk.” “Yen ngono mengko nek wis bubaran sekolah coba digoleki bareng-bareng. Mbok menawa isih bisa ketemu,” ujare Budi aweh pamrayoga. “Becik yen ngono, aku manut,” wangsulane Ali wis rumangsa lega amarga ana kanca sing menehi kawigaten lan pambiyantu. Pancen Budi kuwi kancane Ali sing paling kenthel. Ing sekolahan uga minangka murid sing paling pinter dhewe. Antuk rangking siji terus. Cita-citane mbesuk kepengin dadi pulisi. Mulane nalika mangerteni darane kancane ilang dheweke semangat banget kepengin nggoleki. Idhep-idhep kanggo ngasah pikirane. Sakwise bel bubaran sekolah muni, bocah sakloron gegancangan mulih. Ing sadawane dalan padha rembugan. “Li, daramu kuwi yen saba teka ngendi wae ?” pitakone Budi. Ali banjur mangsuli, “Ora tekan ngendi-ngendi kok. Yen miber mung ing sakupenge omah wae. Ora adoh-adoh.” “Yen dideleng omahmu rak rada adoh karo tangga-tangga. Sebab pekaranganmu kuwi rak jembar,” celathune Budi. “Bener.” “Lha sing ilang pira Li ?” “Loro, sak jodho. Ketambahan endhog lan petarangane barang.” “Daramu ana pira ta ?” “Ya mung sak jodho thok.” “Woo, ngono kuwi jenenge ilang kabeh.” Ali mung nyengir karo kukur-kukur sirah krungu ujare Budi. Satekane ing omahe Ali, Budi teus padha nonton papan sakiwa tengene pagupon omah dara mau. Budi banjur ujar “Yen tak pikir-pikir sing njupuk iki kok dudu wong adoh”. Terus nyambung maneh, “Ora saben pawongan weruh yen kowe ngopeni manuk. Jalaran daramu ora nate miber tekan ngendi-ngendi. Dheweke wis biasa utawa wis nate mrene.” Ali takon, “Yen ngono sing njupuk sapa ?” Tanpa mangsuli pitakone Ali, Budi ujar maneh, “Daramu kuwi bakale diopeni. Ora dibeleh utawa dipateni. Amarga dijupuk sak endhoge. Dadine ing papane sing anyar daramu bakal terus ngangremi endhoge.” “Oooo ngono ta,” Ali manthuk-manthuk. “Olehe njupuk ora ijenan, nanging paling ora ana wong loro, Li.” “Lha kok kowe bisa ngerti ?” pitakone Ali. “Sebab kanggo nggawa lunga manuk loro sak endhog, sak petarangane kuwi ora bisa dicekeli dhewekan. Mesthi bakal kewuhan mengkone. Wong tangane mung loro. Ora kaya Bathara Guru sing tangane ana papat, he……he…..he..”wangsulane Budi karo nyoba ndhagel. “Bener kandhamu, sabanjure piye ?” Budi malah balik takon, “Ing desa ken sing ngopeni dara sapa wae?” “Embuh aku ora nate migatekake.” “Lha kowe apa apal ciri-cirine daramu kuwi Li ?” “Ya apal ta. Wong olehku ngopeni kawit piyik.” Karo menyat sak lungguhe Budi terus celathu, “Ya wis, saiki ayo padha digoleki.” “Ing ngendi ?” “Ing desa kene wae. Karo mlaku-mlaku, dolan-dolan.” Sakarone banjur mubeng-mubeng karo golek sisik melik. Terkadang nganti blusukan ing pekarangane wong barang. Nalika tekan mburi omahe Parman, Ali celathu “Lha kae kandhang apa ya ?” “Kandhang pitik. Nanging ora ana salahe ta awake dhewe niliki,” wangsulane Budi karo jumangkah nyedhaki. Sakwise tekan cedhakan Ali kaget. “Lha iki rak daraku!” wuwuhe karo tangane nudingi jero kandhang. Katon ing kono ana manuk dara loro. Sing siji lagi angrem. Kandhange pancen disingget-singget. Dadi manuke ora campur karo pitike. Dumadakan ana swara sing gawe kagete bocah loro mau. “Hei! Lagi padha ngapa kuwi?” Kekarone noleh. Katon Parman wis ngadeg ing kono. “Man, kowe njupuk daraku, ya,” tutuhe Ali. “Jarene sapa, kowe aja ngawur, lho! Wangsulane Parman selak. “Kuwi olwhku tuku wingenane ning pasar,” sambunge. Budi melu nutuh,”Ali kuwi apal lho karo cirine manuke. Yen kowe nyoba selak, mengko taklapurake polisi tenan, lho.” Ali banjur nuduhake ciri-cirine darane. Nanging Parman tetep puguh ora ngaku. Budi banjur ujar,”Ngene wae. Manuk iki rak jaremu olehmu tuku nembe wae. Dadine mesthi durung lulut. Yen duweke Ali mesthi wis lulut. Mulane saiki manuke diiberake wae. Yen mengko disingsoti Ali terus balik marani, kuwi genak duweke Ali.” “Iya, aku setuju,”ujare Ali. Budi ujar maneh,”Yen ora gelem ngiberake berarti iku bener manuk colongan.” Parman isih nyoba selak, “Lho, yen tak iberake banjur ora mbalik maneh piye?” “Ora usah kuwatir. Yen ilang mengko tak ijoli tikel telu saka regane olehmu tuku,” wangsulane Budi. Parman ora bisa suwala maneh, kepeksa ngiberake dara mau. Ali banjur nyingsoti manuk mau. Ora gantalan wektu nalika krungu swarane singsotan, darane peting bleber nyedhaki Ali. Malah salah sijine mencok ing pundhake. Mangerteni sing kaya mangkono mau Parman wis ora bisa selak maneh. Parandene dheweke iya wedi yen mengkone bakal dilaporake polisi tenan. Pungkasane dheweke uga ngaku yen anggone njupuk ora dhewekan. Nanginh karo Edi. Sabenere Parman karo Edi kuwi kanca sak sekolahan karo Budi lan Ali. Malah nunggal kelas. Nanging bocah looro mau saksuwene iki dikenal minangka bocah nakal, asring bolos, ngganggu kanca-kancane, uga seneng colong jupuk barang. Parman terus mbalekake darane Alilan uga bakal ngajak Edi njaluk ngapura, janji ora bakal mbalenitumindake sing kleru mau lan uga janji bakal dadi bocah sing apik. (Herman WH.)Panjebar Semangat -04/2006 Bedane narasi ekspositoris lan sugestif.
Wacana Deskripsi Wacana Deskripsi yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha sawijining kahanan (objek). Objek mau kaya-kaya ana ing ngarepe wong kang maca. Objek bisa kedadeyan saka kahanan, prastawa, manungsa, utawa barang. Miturut KBBI (2001:258) deskripsi tegese “pemaparan atau penggambaran dengan kata-kata secara jelas dan terperinci” Tulaha : Dumugi titi wanci punika, mbok menawa dereng wonten ingkang manggihaken kwali dawa (kwangsul panjang). Kwali yen zaman rumiyin dipun damel saking siti (lempung), lajeng zaman saya majeng wonten ingkang kadamel saking panci (email), lan ugi saking alumunium. Naminipun panci email, lan panci alumunium. Nanging boten panjang. Dados inggih tetep bunder lan mawi tutup. Dene dhingkel, wonten ingkang nyebut luweng, wonten ingkang nyebut pawon (papan awu). Yen damelan kasongan kacithak, naminipun keren. Yen dhingkel (luweng kadamel paten) boten saged kausung / kapindhah. Yen keren saged kajungjung kapindhah pundi kemawon saged. Bedanipun keren lan dhingkel (luweng). Yen keren namung saged dipun tumpangi ceret utawi kendhil utawo kwali setunggal. Yen dhingkel saged kangge masak tiga sareng-sareng kados yen sapunika kompor gas bolongan tiga. Yen keren kados kompor namung bolong setunggal. Mbok menawi kanthi punika sedaya sampun dhong ?Kapetik “Digodhog kwali dawa dipanggang dhingkel mengangah” IV. PENDALAMAN MATERI 1. Pasar Beringharjo Yogyakarta, kang saiki minangka pasar paling gedhe ing tlatah Yogyakarta bisa dikandhakake ora mung sekadar pasar. Amarga pasar kang mapan ing punjering kuthaYogyakartaiku dadi sawijining papan kang penting tumraping kelengkapan sawijining kutha tradisional Jawa kang nduweni corak minangka kutha raja. Sawijining kutha raja zaman semana kudu lengkap menawa ana kraton, alun-alun, pasar lan masjid agung. Ukara pokok : ………………………………………………………………… Jinis pengembangane : ………………………………………………………………… Bagane : ………………………………………………………………… 2. Ing kabudayan Jawa tembung bagus biasane digunakake dadi sesebutan putra kang durung palakrama utawa kang yuswane isih timur. Wondene kusuma kang jarwane sekar utawa kembang kanggo nyebut trahing ngawirya. Kacetha ing unen-unen trahing kusuma rembesing madu . Dadi, Bagus kusuma wujud asma sesilih putra klebu trahing ngawirya utawa putra sentana kang durung palakrama utawa kang yuswane isih timur. Ukara pokok : ………………………………………………………………… Jinis pengembangane : ………………………………………………………………… Bagane : ………………………………………………………………… 3. Wondene lampahan Sengkuni Wuyung wujud pasember marang sawijining trahing ngawirya kang wuyung marang pulung ratu kayadene Sengkuni wuyung marang Kunthi Talibrata kang ing tembe dadi jatu kramane Pandhu Dewanata. Sejatine sapa wae kena wuyung marang pulung ratu, ananging yen dudu pepesthening urip dhuweke, ya ora bakal bisa nggayuh, senadyan ditohi pati pisan. Lire lampahan iki dadi pepeling, menawa jejer ratu mono klebu pepesthening urip. Tegese trahing ngawirya kang pantes jumeneng nata wiwit lairewisginaris dening Gusti Kang Akarya Jagad. Pinilih dadi ratu nerusake keprabon. Ukara pokok : ………………………………………………………………… Jinis pengembangane : ………………………………………………………………… Bagane : ………………………………………………………………… 4. Wektune terus lumaku. Prastawa Pak Bedek lan kang Kasidi entuk tombokan nomer becak wisilang saka pocapan. Apa merga nomer buntut ganti togel ? Apa merga wi tobat ? Sing genah Kang Kasidi saikiwisora tau ngomongke nomer. Malah saiki sregep sholat lan adzan neng langgar. Ukara pokok : ………………………………………………………………… Jinis pengembangane : ………………………………………………………………… Bagane : …………………………………………………………………V. PENILAIAN I. Wenehana tanda ping ana ngarepe aksara A, B,C, D, utawa E marang jawaban kang paling bener! 1. Ukara kang ngemot gagasan pokok ana sajroning paragraf diarani …. a. Ukara panjelas b. Ukara pokok c. Ukara panerang D .Ukara pisanan e. Ukara deduktif 2. Ana sajroning paragraf gagasan pokok sing kudu diduweni cacahe ….. a. 1 b. 2 c. 3 d. 4 e. 5 3. Gatekna paragraf ing ngisor iki ! 1) Sarana akal banjur bisa polah golek butuh sing bisa diolah. 2) Bisa uga pangunen-unen sing mangkono kuwi sing didekake lelandhesan dening Lucas Sumarno 3) Yaiku ngluru pangan / panguripan sarana golek ula. 4) Pawongan sing lair 19 Agustus 1959, manggon ing jalan Sabdo Palon Gang Sempiyt nomer 6 Winongo Madiun njlentrehake, panguripan golek ula kuwiwisdiwiwiti taun 1975. 5) Kanthi golek ula kasebut, kabutuhan sandhang, pangan lan papan Lucas sakeluwarga bisa dicukupi. Ukara pokok paragraf ing ndhuwur ana ukara nomer ….. a. 1 lan 2 b. 1 lan 3 c. 1 lan 4 d. 1 lan 5 e. 2 lan 5 4. Ditonton saka papan panggonane ukara pokok paragraf ing ndhuwur diarani …. a. deduktif b. induktif c. repetitif d. deskriptif e. naratif 5. Ukara panjelas paragraf ing ndhuwur kedadeyan saka ukara ….. a. 1 b. 2 c. 3 d. 4 e. 5 6. Paragraf ing ngisor iki gatekno ! 1) Aja-aja mengko sing diundang ya utusan-utusan ing telung dhaerah iku. 2) Kamangka wong Jawa ikuwisanjrah sumebar ing saindenging propinsi ingIndonesia. 3) Kapara saindenging negara ing donya iki mesthi ana wong Jawa kang dedunung ing kono utamaneMalaysia,Suriname, Caledonia Baru. 4) Malah ingSurinameana lembaga khusus pelestarian Bahasa Jawa. 5) Usule panulis kabeh ingIndonesiakudu ana utusane, ora ketang kanggo penggembira lan ragat dhewe-dhewe. Ukara pokok paragraf ing ndhuwur ana ukara nomer…. a. 1 b. 2 c. 3 d. 4 e. 5 7. Gagasan pokok paragraf ing ndhuwur dumunung ana ukara nomer … a. 1 b. 2 c. 3 d. 4 e. 5 8. Ditonton saka dumununge ukara pokok, paragraf kasebut diarani ….. a. deduktif b. induktif c. repetitif d. deskriptif e. naratif 9. Ukara panjelas paragraf ing ndhuwur kedadeyan saka ….. ukara a. 1 b. 2 c. 3 d. 4 e. 5 10. Tuladhane paragraf deskriptif ana ing sajroning ……..kajaba… a. cerkak b. dongeng c. crita rakyat d. novel e. karya ilmiah 11. Wacana kang mbeberake ananing analisis proses kanthi cara narasi diarani …
CARIYOS BAB-BAB SING LUCU/NYENGSEMAKE Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : X / I Metode : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah Waktu : 2 x 45 Menit ================================================================I. PANUDUH PIWULANG
Standar Kompetensi : 2.1 BERBICARA Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan nonsastra maupun sastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa 1.1 MENDENGARKAN Mampu mendengarkan dan lisan memahani wacana astra maupun nonsastra dalam berbagai ragam bahasa JawaKompetensi Dasar : 2.1 Bercerita pengalaman yang mengesankan dalam ragam krama 1.2 Mendengarkan cerita pengalaman yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman dalam ragam bahasa kramaIndikator : 2.1
III. INFORMASI MATERI Crita kalebu salah sawijining keterampilan Micara. Sing kasebut berbicara/micara yaiku ngetokake/ngungkapake pikiran lan perasaan/rasa-pangrasa sawijining pawongan kanthi sarana tembung-tembung kang rinakit dadi ukara. Salah sawijining kompetensi micara yaiku bab crita pengalaman sing lucu / nyengsemake. Carane milah-milah karangan kang lucu/nyengsemake mawa cara ing ngisor iki !
KLOLODEN KOYOR Kaya adat saben angger dina pasaran Legi ing pasar Sapen Wonosobo akeh wong dol tinuku kewan padha teka, wah jan reja temenan kahanane. Adhakane sawisenpadha pepayon kewan sing didol, padha andhok njajan neng warung, ana sing sega rames, brongkos daging sapi, tongseng, sate utawa gule wedhus. Kaya saben dinane aku adhang-adhang neng ngomah, mbokmenawa ana wong sing butuh pitulunganku. Ana salah sawijining pawongan diterake kancane, ambegane megap-megap kanthi iler kemocor jalaran ora bisa ngulu idu. Wong sing ngeterake mau daktakoni, crita menawa mentas njajan tongseng. Aku age-age nganggo sarung tangan, kanthi posisi lungguh pasien dakkon mangap nuli driji panudingku daklebokake tutuk akobah-obah ngrangsang telak murih muntah. Barengwishoak-hoak bisa muntah, apa sing njalari kloloden katut metu. Wujude iwak kaya koyor ana balunge enom isih wutuh, gedhene saendhog pitik jawa. Pawongan mau banjur bisa ambegan lega lan ngucap matur nuwun marang aku. Barengwissareh pawongan mau nyritakake sawise payu anggone adol wedhus dheweke ngajak kancane mampir njajan mlebu warung pesen tongseng. Jalaran saking ngelihe anggone mamah durung lembut kesusu diulu. Dumadakan kandheg anggone mangan . tongseng mau ora bisa diulu lan uga angel dilepeh. Mangan tongseng durung rampung, koyor durung lembut nyanthol neng gurung. Apa tumon? (Soegito-Wonosobo, PS No. 51-18 Des. 2010)Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
Wacanen pengalaman pribadhi iki kanthi patitis! KAPEKSA NGGUNAKAKE TV LORO . . . Kedadeyan iki tak alami rikala aku isih tugas belajar ingMontpellier– Perancis, yaiku rikala isih sinau Bahasa Prancis, kira-kira wulan April utawa Mei taun 1983, dinane Setu, amarga ya mung Setu lan Minggu aku libur. Guru bahasaku wanti-wanti, supaya cepet bisa Bahasa Perancis, poma-dipoma aja kumpul terus karo wongIndonesia, lan upayakna duwe TV. Aku bisa paham lan setuju anjuran mau, amarga yen kumpul terus karo kanca-kanca Indonesia ngomonge nganggo basa Indonesia terus, ning yen ora tau kumpul nek arep ngoboro-ngobrol kerindhuan lsp, karo sapa ? Ing awal-awal pancen abot. Mula aku duwe krenteg arep tuku TV bekas, sebab yen anyr cetha durung kwagang. Eh …….. kekarepanku kok ya cocok karo kekarepane kancaku, dhosen saka UNPADBandung.Esuk jam 07.00 aku wisbebarengan numpak bus kotanomer 2 tumuju neng kantor pos, sakperlu ngeposake layang lan tuku prangko, lsp. Para sutresna kang nate sinau ing njaba, mesthi ngalami yen akhir pekan mesthi kirim suratneng kaluarga. Sakwise cukup keperluan neng kantor pos, aku nuju a la gare (terminal bus), sakperlu golek bus antarkota kang nuju neng pasar lowak, kang jenengane I’arseau. Aku takon karo wong Perancis :”S’ill vous plait, a I’arseau, c’est ou?” (yen arep neng I’arseau endio ?). C’est ls nsd, monsieur” wangsulane wong mau karo nuduhake sawijining panggonan. Aku lan kancaku banjur nggoleki bus kang nuju pasar lowak, kayata bus 9. aku mlebu bus, kanthi nuduhake karcis, abonemenku marang supir kang uga ngrangkep kondektur, nuli golek lungguhan. Pasar lowak papane jembar, wong dodol pirang-pirang, wiwit adol paku rongsokan, nganti mobil. Aku lan kancaku ndedonga muga-muga ora kepethuk kanca Indonesia, ya …. Kepriyea isin. Aku golek papan dodol TV. Akeh TV bekas kang digelar. Kang tak bingungi kok ora bisa dicoba, amarga ora ana aliran listrik. Aku takon kepriye carane nyoba, sing dadi mangsuli karo ngguyu, yen ora bisa. Mula aku kakro kancaku banjur milih TV loro, siji aku lan siji kancaku. TV kang tak pilih isih apik, resik tur kacane bening. Aku milih sing 20 inchi, semono uga kancaku. Regane mung 20 F, mangka yen anyar kira-kira 350 F. TV banjur tak lebokke dhus kang wis takcawisake saka ngomah. Sakwise tak taleni rapi, terus takgawa mulih. Tekan asrama nuli tak coba, tak goleki anthene 2 lan TF 1, kang biasa nyiyarake acara bahasa. Gambare katon cetha, an berwarna. Aku seneng banget. Banjur tak goleki tombol kanggo ngatur swara, amarga kok ora ana swarane ? Nganti kesel, tetep TV bisu, tegese ana rupa tanpa swara. Mula aku banjur nggoleki kancaku arep ngaruhake kabare Tvne. Eh kanyata kancaku lagi asyik banget ….ngrungokake Tvne, amarga ana swarane ning …….tanpa rupa. Aku crita kahanane TV ku. “ya ra sah ngresula, wong regane murah banget kok kon sempurna”. Keputusane, TV kancaku diseleh neng nggonku, yen arep nonton lan ngrungokake TV disetel bareng loro-lorone.yen arep nonton TV nyetel nggonku, yen mung arep ngrungokake sing disetel TV ne kancaku. Opo tumon ??? Panjebar Semangat – 50 / 2005
1. Ana ing ngendi kedadeyan kuwi kelakok?
Wacanen crita ing ngisor iki kanthi patitis! OLEH LIWAT MERGA GERING Crita iki pengalamanku dhewe. Nalika iku, nyolong kayu alias penebang liar pancen dadi panggaotanku. Anggonku nyambut gawe nunggal panggonan karo lokase sawijining perusahaan HPH. Nalika iku ngepasi wulan Februari, taun 1992. aku sarombongan bisa mlebu kono iku ora liwat dalane perusahaan, nanging liwat dalan liya, sing yen mentas kudanan mesthi ora bisa diliwati mobil. Sawijining dina aku sakanca rada bingung. Jalarane, mobil wis kadhung mlebu alas, ndilalah cuacane udan terus. Dadi mobil kebetheng ora bisa metu. Kejaba truk wis muatan balokan kebak, ing dina iku uga aku kudu bisa tekan ngomah merga ana keperluan sing nylepeg banget. Siji-sijine dalan ora ana liya kejaba kudu liwat dalane perusahaan. Kamangka ing kono ana portal-e sing dijaga satpam rina wengi, kejaba kendharaan perusahaan kono dhewe, ora entuk liwat. Sidane aku sakanca nekad mulih liwat dalan sing dijaga satpam kasebut. Kanthi cara ‘ nyandiwara’. Kebeneran , salah sijining kancaku, Si R, pawakane pancen ngloyet gering kanthi praen pucat abadi. Sakwise lakuku wis cedhak portal, Si R direka-reka kaya wong lara. Dipangku wong telu ing jok ngarep. Awake disengaja ngliga, bathuke ditempeli andhuk cilik teles. Sakawit pak Satpam nggekeng ora gelem mbukak portal, najan wis dikandhani yen nggawa wong lara. Nanging bareng nginguk njero mobil, lan weruh kahanane Si R, sakala pak Satpam runtuh rasa welase, karo cluluk, “Waduh kasihan, kok sampai kurus pucat begitu, sudah berapa hari sakitnya temanmu itu ?” “Baru tiga hari ini Pak, “ wangsulanku kanthi sopan. “Ya sudah, cepat sana lewat !” kandhane nyusu-nyusu kuwatir selak konangan. Lolos saka kono aku sakanca nyekakak , bungahe ngungkuli pitik nemu rayap.Panjebar Semangat – 04 / 2006 6. Kapan prastawa kuwi dumadi?
NERAPAKE PARIKAN LAN WANGSALAN ANA SAJRONING TEMBANG Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : X / I Metode : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah Waktu : 2 x 45 Menit ================================================================I. PANUDUH PIWULANG
Standar Kompetensi : BERBICARA Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan nonsastra maupun sastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa Kompetensi Dasar : Berdialog menggunakan parikan/wangsalan Indikator :
III. INFORMASI MATERI Parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun kilat. Ciri-cirining parikan : 1) Nduweni purwakanthi ab-ab. 2) Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi. Nanging yen dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi. 3) Endhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra. 4) Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon. Tuladha parikan sing pedhotan 4 – 4, 4 – 4
JAMBU ALAS Kelingan manis eseme Trus kelingan ramah gemuyune Tresna lan kasih, kasih sayange Kapan iku klakon dadi bojone Sayangewisduwe bojo …. Nelangsa rasaning ati Yen aku ra klakon melu nduweni Jambu alas sakulite ijo Sing digagaswisduwe bojo Adagula ada semut Durung randha aja direbut …. Jambu alas manis rasane Senajan tilas tak enteni randhane ….
IV. PENDALAMAN MATERI Gawea kelompok sing gunggunge 5 siswa. Saben kelompok nggarap tugas-tugas ing ngisor iki !
JENANG GULA Jenang gula kowe aja lali marangaku iki ya, Kangmas Nalikane nandhang susah sapa sing ngancani Dhek semono aku tetep tresna lan tetep setya, dhuh, Kangmas Dereng nate gawe gelo lan gawe kuciwo Ning saiki bareng mukti Kowe kok banjur lali marang aku Sithik-sithik mesthi nesu banjur ngajak padu Jo ngono ajo ngono Apa kowe pancen ra kelingan Jamane dhek biyen, dhuh, Kangmas…. V. TUGAS Gollekana tembang-tembang Jawa kang nduweni parikan utawa wangsalan!MAOS LAN NYERAT AKSARA JAWA Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : X / I Metode : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah Waktu : 2 x 45 Menit ================================================================I. PANUDUH PIWULANG
II. KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH Standar Kompetensi : 4 MENULIS 1. Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa 3. MEMBACA Mampu membaca dan memahami bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan berbagai keterampilan dan teknik membaca.Kompetensi Dasar : 4.1 Menulis ringkasan wacana nonsastra tentang budaya jawa 3.2Membaca pemahaman wacana berhuruf Jawa 10-15 kalimatIndikator : 1. Menulis kalimat yang mengandung angka ke dalam huruf jawa 2. Menulis kalimat yang mengandung aksara swara dalam huruf jawa 3. Menulis wacana sederhana dengan topik tertentu ke dalam huruf jawa 4. Manyunting wacana yang ditulis dalam huruf jawa oleh temannya 5. Melakukan transliterasi pada wacana berhuruf jawa
III. INFORMASI MATERI AKSARA JAWA AKSARA JAWA CARAKAN/NGLEGENA
F. AKSARA WILANGAN JAWA
I. Wenehana tandha ping (X) ana aksara a, b, c, d, utawa e ana wangsulan kang paling bener! Wacanen aksara jawa ing ngisor iki! ?kyk=aumu[mMwisFisumurupPi,Uns\:2010:zsilL[kA=kkelulusSnK=sy[m]o [sot\,secrnsi[yonl\A=kkelulusSn\UnsHi=se[kolhanSeti=kt\s,m,A,taun\:2010:mu=:89,88:pe/[sn\,ategesM|dunFibnDi=k[roA=kkelulusSn\UnsTaun\:2009:k=cch[a:94,85:pe/[sn\,a[nh[a,A=kkegglLn\UnsHikik=pli=duwu/mlhtinemuai=[yogYk/t,k=aumu[mMfia=gepMi[no=kb[ro[mte/[rpenDidiknHi= I[nDo[nsiyh.miturut\sTtisTik\ti=kt\A=kkegglLn\UnsHi=[yogYk/tmunDk\:400:pe/[snFibnDi=k[roA=kkegglLnTaun\:2009:m=k[yogYaikufibijikfi[f[n pelkSnUnsK=pli=juju/.ai[k[naikiategesSi=juju/mlhaju/.akib[tT,[aorwuru=kef[fynHikimesQibklN|wuha[krstidtidlnK|r=pe/cymr=asi[lLUns\, 1. Isi paragraph ing ndhuwur ngrembuk babagan ing ngisor iki kajaba ….
[lotFfi;592;miilY/rupiyh.si=fikuwti/r[k,ajajasike[pPpama[rnThk=sj[kZo[totTetepMe/tanN[kUnsMauang[nD=[c[n=[zk[roanFefe[lLa=g/rnMau. li[r,UnsHxpFif[fkK[k[p]o[y[kFni=OkN|mT/temT|. 7. Pira ragade Unas ing tahun 2009? a. 480 milyar b. 481 milyar c. 482 milyar d. 483 milyar e. 484 milyar 8. Dene Unas tahun 2010 ngentekake ragad …. a. 589 milyar b. 592 milyar c. 529 milyar d. 952 milyar e. 259 milyar 10. Pira kacekke ragad UNas ing tahun 2009 karo tahun 2010? a. 7 milyar b. 8 milyar c. 9 milyar d. 10 milyar II. Aksra jawa ing dhuwur salinen nganggo aksara latin! 1. ?kyk=aumu[mMwisFisumurupPi,Uns\:2010:zsilL[kA=kkelulusSnK=sy[m]o [sot\,secrnsi[yonl\A=kkelulusSn\UnsHi=se[kolhanSeti=kt\s,m,A,taun\:2010:mu=:89,88:pe/[sn\,ategesM|dunFibnDi=k[roA=kkelulusSn\UnsTaun\:2009:k=cch[a:94,85:pe/[sn\,a[nh[a,A=kkegglLn\UnsHikik=pli=duwu/mlhtinemuai=[yogYk/t,k=aumu[mMfia=gepMi[no=kb[ro[mte/[rpenDidiknHi= I[nDo[nsiyh.miturut\sTtisTik\ti=kt\A=kkegglLn\UnsHi=[yogYk/tmunDk\:400:pe/[snFibnDi=k[roA=kkegglLnTaun\:2009:m=k[yogYaikufibijikfi[f[n pelkSnUnsK=pli=juju/.ai[k[naikiategesSi=juju/mlhaju/.akib[tT,[aorwuru=kef[fynHikimesQibklN|wuha[krstidtidlnK|r=pe/cymr=asi[lLUns\, Wangsulan: __________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________ 2. ?saunTraikua=grn\UnsHugmunDkH[khbzet\,[ynHi=taun;2009;rgf\Uns\k=[goswe/nni=ti=ktTnM|=;483;milY/rupiyh,taun\;2010;aikip]sstMe[vCo [lotFfi;592;miilY/rupiyh.si=fikuwti/r[k,ajajasike[pPpama[rnThk=sj[kZo[totTetepMe/tanN[kUnsMauang[nD=[c[n=[zk[roanFefe[lLa=g/rnMau. li[r,UnsHxpFif[fkK[k[p]o[y[kFni=OkN|mT/temT|. Wangsulan: _________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________ III. Paragraf ing ngisor iki salinen nganggo aksara jawa! 1. Argumentasi menawa UNAS mujudake standardisasi tumrap bocah-bocahIndonesiamujudake alesan kang digawe-gawe. Sebab, kepriye kita biisa meksa-meksa nemtokake standar tumrap samubarang kang nyatane kahanane pancen beda? Beda kang ora sethithik kok arep diukur mawa standar kang padha.Wisgenah ora tinemu nalar blas. Wangsulan: _________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________ 2. adhedhasar apa kang katur kabeh mau, kaya-kaya saiki iki timbul kontradiksi Anggaran pendidikan kena diarani wis luwih saka cukup, dana kanggo Unas mundhak terus, nanging mutune pendidikan prasasat ora ana majune. Wangsulan: _________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________V. TUGAS Aksara Jawa ing ngisor iki wacanen ing ngarep kelas! kuqslaisihfuru=fu[wcirik+sB|fy ?a[kh[w=osi=pdvebutK|qslmi[n=okkuqbufy,am/gk][tonSurk/tafini=rtWisFia[konimi[n=oksumBe/ri=bufyjw,nzi=k[bhmau,mnutZenFik[n$inuwun\[#[jowulnHiki,cirik+[sSfuru=k[ton\mlhpentanK|qslaisihsem]wut\aisihpdk[rokuqkuqliy[n,furu=anF|[wnicirik+sMi[n=okkuqbufy,mlhkeprsem]wut\,m=[ko[nop][tl[n$inuwun\[#jwuln\, ?$inuwun\[#jwul[nMo[nomi[n=okslhsiji[nput]%@u#uw!;12;si=fia=gepHmB[l[lo[fni=sefulu/sefulu/[r,am/gae[mohz[konNi[yn\g,p,a,az[bhai,k=m [sS,zed[tonMi[n=ok%@u#uw!;13;a=ge[nTnNikX=gha[nNrm[n.mulg,p,a,[t[jowul!BvJ|/[aovCtSkk][tonSurk/tafini=rtBvJ|/mfegMi[n=oks,I,k,s,p,b,;13;ai=ssnpu/nmb]n\surk/tsi=pe/nh[aansisihku[lonK`[tonSurk/t. ?bukTii[n,p][tl[nN[t[jowul!\nlik[w=owiwit\m<bugpurwtesK|qznTiai=je[rokuqsl,rs[n[aorzes\pdk[rom<bukuqliyaumu[mM.[bfk[robblisii=anF|[wnicirik+s\mLigi. ?sbvJu/[r[t[jowul!HugzenFik,pm[rnTh[kotslkufugeXmZ|riauribufy[loklK|qsl,s[a=gpentanK|qsl[aortmBhsem]wut\nzi= MIRENGAKEN CRITA RAKYAT Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : X / I Metode : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah Waktu : 2 x 45 Menit ================================================================I. PANUDUH PIWULANG
Standar Kompetensi : 1. MENDENGARKAN Mampu mendengarkan dan lisan smemahani wacana astra maupun nonsastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa Kompetensi Dasar : 1.3 Mendengarkan cerita rakyat yang disampaikan secara langsung atau melalui rekamanIndikator :
NYI PUSPO CEMPOKO Udan wiwit esuk mau nggrejeh. Hawane adhem senajan ora njekut, nangingwisnyebabake wong wegah metu. Kejaba sing pancen duwe kebutuhan ndheseg pilih njintel neng ngomah. Nyetel tv, mangan enak lan liyane maneh sing sarwa enak. Angen-angen kaya kuwi jian pas ceples kaya angen-angene Jaiman, joko tuwa sing njingkrung kemulan sarung lungset ing becake. Becak sing biasa mangkal neng pojok prapatan Gendingan Pemuda. Dina-dinane biasane rame tarikan penumpang saka blanja ing Sri Ratu Supermarket, utawa sing lagi mlaku-mlaku ing Bojng. Ning wis rong ndina iki prasasat pasa merga udane nggrejeh saka esuk nganti sore. Nyoba mbecak jatah wengi, malah luwih nelangsa maneh. Penumpang bisa diitung driji. Nggo setoran becak bae nombok. Kayadene awan kuwi pangirane ya bakal tombok setoran maneh. Mangka setoran rong dina wingi durung kebayar. Ngkoh Mboe wis ngabani yen dina iki wancine setoran. Ning wiwit esuk ora entuk narik becake maneh. Sida kojur, arep nyambut gawe apa maneh ? Kelunta-lunta tekan Semarang ibukotane Jawa Tengah, sengaja ngumbara golek upa. Omah lan sawah sailat ing ndesane Boyolaliwiskendhang di dol. Kanggo nambakke simbokne singwisrandha. Larane kaya larane wong sugih, komplikasi diabetes, liver ditambah jantung,wiskomplit. Siji ditamani liyane kumat, gonta-ganti nganti kemput digolekake tamba, ya dhukun, dokter klebu wong pinter paranormal. Tekan wancine entek alas entek kandhang malah nyawane ora ngukup. Adhine lanang siji ndhil Jaikun, wis ora gelem ngurusi simbokne. Kalah pengaruh karo bojone sing sugih, Jaikun pilih mapan ing Jakarta. Kabare saiki dadi pemborong sing cukup sukses. Meh kabeh gaweyan kasar wis dilakoni Jaiman. Saka nguli batu, nguli reresik uwuh ing pasar pecinan Gang Baru, buruh lepas pabrik batako lan liyane. Ora bisa netep awit kabeh gaweyan sing diayahi mau mung tenaga musiman. Arep nyoba nguli manol ning Pasa Johar, Pedamaran utawa Beteng, dheweke ora duwe modal setor kanggo nuku lahan. Rega sing dipathok dening mandor sepuluh nganti limalas yuta. Dhuwit saka ngendi ? Kanggo ngawekani hawa adhem lan rasa bosen, ketambahan sumpek njintek ing njeron becak sing krukuban, Jaiman mbukak sendheman jok. Ing kono dislempitake plastik jas udan lan lembaran tabloid mistik sing dijupuk saka tumpukan koran lan buku bekas, nalika ngangkut bakul rombengan wingenane. Tabloid kuwi ngemot artikel bab mistik pesugihan, ditulis kahanan papan lan carane njaluk pesugihan. “Nyi Puspo Cempoko”. Merga mung tamatan SD, anggone maca ya grothal-grathul. Diwaca tuntas syarat-syarat lan akibat tembe mburine. Atine banget ketarik nanging tidha-tidha, antarane nerusake kekarepan apa mundur sadurung melangkah. Ngelingi kahanane uripe sing ngrekasa prasasat ora nduwe masa depan, atine dadi gilig. Nanging ngelingi khotbahe Ustadz Munawar mau bengi ing mushola, dheweke dadi gojak-gajek maneh. Esuk kuwi Jaiman wis nangkring ing ndhuwur bis ekonomi jurusan lasem. Liyer-liyer sawise wareg mangan mi kopyok ing Terminal Terboyo – Semarang. Jenenge bae bis bumel, yen jamane cilikane Jaiman sejajar karo sepur truthuk. Saben ana wong nyetop dindhegi. Bis gedhe kuwi rasane sumpeg mambu kringet campur swara serak asal muni, saka pengamen mbarang nganggo kencrung. “Oooo kowe meh lunga mrana ta le …… pa wis mbok antepi tenan tekadmu kuwi ? Tebusane pancen enak-enak neng ya rekasa uga. Nyai-ne iku kejem lo le, nek kowe wani nganti slingkuh……. Woo sida njengking tenan mengkone!” Kandhane penumpang setengah tuwa, sing lungguh ing sandhinge. Wola-wali senajan mung lirih supaya ora krungu penumpang liyane , ngandhani Jaiman sing ketrucut sedyane marang penumpang lanang setengah tuwa kuwi. ”Mpun pokoke mpun kula tekadi kok lik, timbang urip mung mecak ngaten terus, nggih njajal ngrasake urip penak ngoten lik. Lha jenenge usaha rak nggih kudu dikendeli lan lan diwaneni ngoten,” sumaure Jaiman mbalik kaya wong ngajarari. Penumpang mau meneng sedhela karo mandeng menjaba. “Lha kowe wis ngerti ancer-ancere papan kuwi le?” “Nggih dereng lik, napa sampeyan ngertos utawi nate ngrika?” Wong lanang kuwi nyedhot rokok, asape disebul nglepus’ ora urusan ngganggu penumpang liyane, jaragan bis ekonomi tanpa AC. Banjur bisik-bisik maneh ancer-ancer dununge makam kramat Kabongan ing Rembang, papan pesugihan Nyi Puspo Cempoko. “Aku mbiyen nate ngeterake dulur misanku mrana….. kira-kira wis sepuluh tahunan kepungkur. Uripe njur mubra-mubru, nyampar nyandhung tiba kepenak dadi wong sugih….. nanging setengah taun kepungkur, matine ngenes banget …..”. “Ngenes dos pundi lik ?!” pitakone Jaiman ngangseg. “Ora perlu dak critakake, wong kowe mau wis mantep kepengin mrana. Ya enggal diayati lan sing ngati-ati,” kepunggel kojahe wong lanang setengah tuwa mau, nalika bis mlebu lan parkir ing terminal Kudus. Wong kuwi ngepuk-puk pundhake Jaiman karo mandeng landhep. Apa rasa welas ing sunar mripate. Sabanjure pamitan mudhun sebab pancen wis tekan tujuane, kari Jaiman ngingsed lungguhe, nunggu bis mangkat menyang Rembang. Panas wiwit sumelet nalika ngliwati kutha Juwana, kanan keringe dalan mung tambakl-tambak uyah werna putih, gawe sulap ing mata. Wusana liyep ngantuk sakeplasan. Ing antara ngliyepe kuwi kaya ditunggu lan diawe-awe wanita ayu mesem manis madu. Jaiman digandheng mlebu wewangunan endah kaya kraton jaman biyen. Gragrapan nalika kondektur bis mbengoki penumpang, yen wis tekan terminal Rembang, terminal ing pinggir pesisir ora pati rame penumpang. Sulur-sulur wit gedhe nambahi swasana angker ing pekuburan umum Kabongan. Senajan srengenge ndrandhang, rasa singup kuwi tumlawung ing pasujarahan Nyi Kabongan, utawa sing disebut Nyi Puspo Cempoko. Apamaneh yen wayahe surup utawa tengah wengi, dheweke kudu semedhi ing papan kuwi ijen, kaya sarat sing dikandhakake enggal sugih mblegedhu, paribasan nasak geni marong tetep dilakoni. “Ngadhepi magrib mengko, kowe adus kramas ing sumur tuwa kae. Lagi dakter ngalap pesugihan marang Nyi Puspo Cempoko. Tabuh kenthongan kaping rolas keprungu saka kadohan, saka gerdhu kamling ronda desa sacedhake kuburan Kabongan, mratandhani wis tengah wengi, sangar lan sangate wektu nenepi. Mripate sepet kandel rasane mbliyut ngantuk. Saliyane pancen kesel ing perjalanan, uga swasana sepi mamring ijenan tanpa rowang. Wis dipeksa ngganjel mata, nanging rasa ngantuk kuwi saya nggandhuli, ler ngliyep kesilir angin. Ing antarane liyep ngaluyup, Jaiman rumangsa ketemu karo paraga ayu kaya nalika keturon ing bis. Ing kono wanita sing ayune uleng-ulengan, lancir kuning lan weweg isi kuwi, kaya ngacarani Jaiman mlebu ing pendhapa omahe. Omah sing njenggarang kaya kraton, omah sing endah sing durung nate ditemokake Jaiman ing ngendi bae. Omah sing mencorong padhang, senajan tanpa lampu nanging gebyar sulak kencana tretes manikam. Esem lan lelewa dalasan ganda wangi sing ngambar saka angane paraga ayu kuwi, ngungkat ati lanange Jaiman makantar-kantar. Dhasare Jaiman tukang becak sing ora duwe kasil tetep, bisane mung kenal lan srawung karo perek ciblek planyahan sing mangkal ing halte lan pinggir ndalan , yen dheweke lagi mbecak wayah wengi. Nyawang putri ayu lelewa karo nglukar busana setengah nglegena. Birahine murub kesulut, ancang-ancang nyaut mumpung swasana omah kaya kraton kuwi sepi. Nanging durung nganti njangkah, paraga ayu kuwi aweh sasmita supaya Jaiman ora nyedhak. Senajan sawangan endah panas kuwi kaya dipamerake, nanging dheweke kayadene kepaku tetep lungguh sila sedheku. Mung panyawange kedher gawe sirahe nggliyer. Paribasan wong ngelak lan keluwen, dicepaki dhahar lan unjukan sarwa mirasa, nanging ora bisa muluk lan nenggak. “Durung wancine kang Jaiman njawat lan nyenggol aku, sebab uba rampe sing dadi paugeran durung kok cukupi. Mengko malem Selasa Kliwon ngarep, aku sing bakal methuki kakang, ing kono aku bakal pasrah bongkokan, lan bakal aweh pitulungan kamulyanmu. Nanging sadurunge kakang kudu ngecap jempol perjanjen pati urip karo aku, diwaca dhisik apa sing ketulis ing pernjanjen iki. “Manis sengaja nyenggolake payudara sing weweg nyengkir gading ing lengene Jaiman. Gulungan mori putih kuwi dibukak, dheweke wis ora kober lan ora kepengin maca larikan ukara perjanjen, mung ngerti yen ing sisih ngisore wis akeh banget tandha cap jempol werna abang getih. Nyi Puspo menehake peso cilik landhep mingis-mingis, nyasmita supaya dheweke ngiris jempole tengen. Ilining getih dicapake ing mori putih sing wis ana jenenge dheweke. Nyi Puspo nggulung maneh mori putih kuwi, lan sepisan maneh nyenggolake kuwi luwih mepet payudarane ing lengene Jaiman, karo mbisiki : “Cepakna kamar lan uba rampene ing ngomahmu, kamar sing ora kena dileboni utawa dianggo sapa bae. Malem Selasa Kliwon ngarep aku bakal teka “leladi” marang kakang. Saiki kakang kena bali ….. kakang kari nunggu kanugrahanku, sebab wis resmi dadi pendherekku ….hi ….hi ….hiiii”, Nyi Puspo nyekikik mbidhung ati, mundhur saya samar kebuntel pedhut sing nggembuleng. Jirat makam bali wening, kesaput bun lan gumeriting swara barongan pring pinggir kuburan. Lamat-lamat kenthong lan adzan subuh ngumandhang saka mesjid desa Kabongan. Jaiman bali ing Boyolali, wis seminggu iki dheweke reresik omah cilik, tutupan gedheg payon gendheng ndesa. Omah sing wis suwe kosong ora ana sing gelem nunggu. Kerabat lan sedulure wis yasa omah dhewe-dhewe kepara adoh. Dadi omah tingggalan pinggir pesawahan lan kebon jeruk kuwi nganggur lan kurang kopen. Senthong cilik sisih tengen kuwi wis dirangkepi gedheg anyar nutupi sing pating trompong bolong dipangan umur. Sethong sing dipilih bakal dadi kamare. Amben pring lawas dipengkuhi, dilambari klasa pandhan anyar. Awan mau wis tuku kembang setaman, menyan lan ratus wangi. Ora lali degan ijo lan ndhog pitik sejodho, gedhang raja setangkep lan cowek lemah anyar. Jaiman wis tata-tata kanggo nampa tekane Nyi Puspo Cempoko. Tengah wengi, rembutan njlirit tanggal enom ora kuwawa madhangi wengi, senajan lintange anjrah sumunar. Kaya swasana anjrah ing njeron senthong kamare Jaiman. Anjrah mubal atine murub birahine dening telewane Nyi Puspo Cempoko sing netepi janji. Menehi kebutuhan lan kepuasan biologis, uga bakal menehi ganjaran. Jaiman kayadene kapas ngambang ing awang-awang. Wola-wali anggone ngombe banyu kanikmatan sing diwenehake Nyi Puspo. Semono uga tandange paraga ayu kuwi ing dipan klasa pandhan, polahe kaya musafir sing garing ngelak banyu. Paraga loro kuwi lelumban ing samodra kabirahen, ngesok keprigelan adu kasudibyan. Banjir kringet campur ngongso lan ngangsure napas sing krenggosan. Wngi sepisanan sing ngukir sejarah tumrape Jaiman si tukang becak. Srengenge wis manjer ing tengah, sunar panase cumlorot nembus selane gendheng sing rada mlongo, mblerengi mripate Jaiman sing riyep-riyep. Ngolet ngeluk boyoke sing prasasat putung-putunga, lungkrah otot bayune kaya dilolosi. Aras-arasen gumregah tangi karo gagap-gagap sisihe, ngrayanti sing dadi lawan tandhinge mau bengi. Tinemu wis kothong mung sandhangane dhewe pating blasah ing jogan lemah. Thingak-thinguk karo wuda mbligung dheweke nliti meja sing isi sesajen. Degan ijo wis kalong siji wis dipecah. Ndhog pitik sijine enggal dipecah dilengleng isine, disurung nglonggo sisane degan ijo. Krasa seger sumyah awake. Bali otot bayune lan balunge sing rumangsane pathing kethaklik kuwi. Didelengi cowek lemah sing gumletak sisihe kembang telon. Mripate mlolo bareng ngerteni cowek isi dhuwit mas saukuran atusan logam amba, cacah telung iji. Dhuwit mas bebungah sepisanan saka Nyi Puspo Cempoko, anggone wis saresmi mau bengi. Telung warsa wis kawuri, wis ora kepentung malem Selasa Kliwon mlaku kaping pira. Jaiman saiki wis malih dadi juragan sembako, ngrangkep blantik sapi ing tlatah Boyolali lan Klaten. Dheweke mapan ing pinggiran dalan gedhe arah Kartasura. Gedhonge magrong-magrong adu arep karo toko lan gudhang sembakone. Kepara ngidul cedhak pesawahan watara rong atus meteran, dibangun papan kanggo penggemukan sapi. Karyawane cacah rong puluhan, durung kepetung sopir lan buruh lepase. Truk kanggo ngangkut hasil bumi, anyar-anyar ana lima, pick up angkutan ana sepuluh. Mobil sedan Toyota Altis diparkir ing garasine. Jaiman wis dadi “orang terpandang” ing wewengkon kono. Uga klebu wong sing sosial, utamane marang bocah-bocah yatim, piatu utawa kulawarga sing kesrakat. Mula omahe sering kanggo papan jujugan para “golek sumbangan”. Mung anehe bocah-bocah yatim piatu utawa wong kesrakat sisng ditulung ora gantalan sasi tiwas. Mbuh merga kacilakan, utawa lara dadakan. Wis cukup santer kabar kabur yen juragan Jaiman njupuk pesugihan, lan ngorbanake wadal. Nanging kabeh mau durung bisa dinyatakake, sebab durung ana bukti sing nguwatake. Rada aaneh miturut kenalan, kaanca, sedulur lan tangga teparone, nganti wektu iki Jaiman durung karep omah-omah. Yen srawung karo prawan, randha ayu pisan, Jaiman ora sulap. Prasasat adhem tanpa reaksi. Luwih aneh maneh juragan Jaiman sering ngomongan dhewe, kayadene caturan karo wong liya. Sok malah katon mesra barang. Mangka ora ana sing diajak caturan. Ing wanci tinamtu yen diajak ngomong sok ndleya jawabane, sok ora nyambung ukarane. Kejaba paraga sing dianggep sukses, Jaiman uga paraga sing aneh. “Ran …… aku arep menyang Semarang sedhela, mengko sore aku wis bali …aja lali cepakna sajen kaya biyasane jangkep. Selehen ing ngarep kamar sepen kae. Yen ana sing nggoleki aku, aturana nelpon HP ku …… nyoh iki kanggo tuku bakso pojok pasar kae”. Welinge juragan Jaiman marang Sumiran pembantu setia, bocah yatim saka Simo sing wis melu meh telung tahunan. Sumiran mantuk karo nampani dhuwit kanggo tuku uba rampe sajen lan turahane dadi duweke. Atine sumringah nampani dhuwit atusanewon abang kuwi, sebab turahan susuke paling sethithik rong puluh ewunan, mlebu kanthonge. Cengkelak nyetarter Supra Fit gadhuhane ngener pasar Kartasura. Sumiran uga nyatheti yen saben malem Selasa Kliwon, juragane ajeg pasang sesaji ing “kamar khusus” tanpa jendhela, mesthi ajeg kancingan, dene kuncine mung juragane sing nyimpen. Klebu reresik kamar kuwi ora nate dipasrahake wong liya. Saklebatan Sumiran nate ngulati nalika juragane mlebu kamar kuwi, lan dheweke nggawakake sesajen, ngulungake ing ngarep lawang kamar tutupan kuwi. Kamar kuwi gandane wangi lan dipasangi lampu bolp cilik werna abang. Tuwuh pepenginane juragane tumindak apa ing jeron kamar tutupan kuwi. Kenceng tekade mengko bengi dheweke bakal sesidheman nginjen kahanan njeron senthong kuwi. Rencana lumaku lancar, wiwit rampung magrib Sumiran wis mapan anteng ing ndhuwur pyan. Bangkekane ditaleni tambang plastik, njagani yen ngantuk ora bakal tiba. Wektune saya mrambat, rasane kaya nganti tahunan. Nanging Sumiran wis sedhiya lulur anti nyamuk, banyu putih botolan plastik lan sawetara cemilan kanggo ganjel weteng. Lintang-lintang abyor ngiringi rembulan ngadhepi purnama. Nyedhaki tengah wengi Sumiran krungu lawang sepen mau dibukak juragane. Enggal dheweke mengkurep tatakan blandar, masang mripat nginjen njeron senthong sepen. Katon juragane nguripake lampu tidur ing pojokan spring bed. Sepen kuwi dilambari babut abang, meja marmer kuna lan kursine loro, kaca pengilon ukiran gedhe lan spring bed ukuran medium. Lemari jati ukiran antik cedhak kaca pengilon. Sesajen komplit kaya sing dituku ing pasar Kartasura mau, diseleh ing tampah gumlethak ing babud. Kumelun dupa wangi hio sing ditancepake mapan ing walike lawang. Juragan Jaiman lukar klambi lan celanane kari nganggo celdam (kancut). Sila komat-kamit gumrenggeg maca mantra sing ora cetha, ing sangarepe tampah sesajen ngadhepi arah spring bed. Sumiran sing nginceng ing sandhuwure krasa mengkirig githoke ndeleng swasana mistis ing njeron snthong sepen kuwi. Ora suwe ana pedhut nggembuleng ing njeron senthong, sawetara samar tipis. Ora ngeti sangkan parane ing ndhuwur spring bed wis turonan paraga ayu sandhangan tipis nrawang. Saumur-umur nembe iki Sumiran ngerti ana paraga ayu prasasat tanpa tandhing. Pawakan semolohe mencutake lan lelewa sing bisa ngobong jiwa sing ringkih. Alon-alon paraga ayu mau tangi, ngadheg nyedhaki silane juragane. Gemeter awake Sumiran nyawang adegan panas ing njero kamar sapen kuwi. Paraga ayu sing ora dimangerteni mlebu saka ngendi, awit ora ana jendhela lan lawang kamar kuwi dikancing dening juragane saka njero, lagi uleng ngetog tenaga nuntasake kanikmatan. Sumiran jaka jemagar kuwi awake gemrobyos. Lemes dhedhes awake Sumiran, kaya lemese pasangan paraga ing senthong ngisor. Alon-alon Sumiran kepengin nginjen maneh, nanging nratab atine nalika ndeleng juragane sing wuda mblejed kuwi uleng karo ula gedhe jinis puspa kajang. Nanging malah krenggosan kaya saresmi karo ula mau. Diucak-ucek mripate dikira sulap penyawange, nyata pancen juragane iwut saresmi karo ula puspa kajang. Panggraitane banjur nyandhak swara-swara miring ing caturan njaba, yen juragan Jaiman ngingu lan njupuk pesugihan. Kawistara saka wis ana nem karyawane sing matine kanthi cara kacilakan misterius. Sumiran dadi yakin yen juragane sugihe kuwi merga saresmi karo ula kuwi. Atine dadi giris. Diarah ora ninggalake swara sing bisa ngganggu juragane sing lagi iwut, Sumiran metu saka pyan, mlipir mudhun saka gendheng ing kebonan mburi omah. Nalikane dheweke arep nyingkirake andha sing kanggo manjat mau, sikile krasa kaya nggrenjel ngidak barang empuk tur lunyu. Saiba kagete nalika panyawange nyandhak blegere ula puspa kajang sing lagi mlungker, ngolet ngeses lan nalika ula gedhe kuwi ndleser ngrambati sikile lan nggubet awake, ora bisa polah mung ndlongop keweden. Saya kenceng gubatane ula kuwi, Sumiran tiba glangsaran. Pas raine mapan adu arep karo cangkeme ula sing mangap ngisis siyung, ilate meled-meled arus ndilati mripate sing mlolo. Pating krepyek swarane balung sing remuk. Tanpa swara Sumiran jaka yatim jemagar kuwi tiwas kanthi kahanan nrenyuhake. Esuke geger ing ngomahe juragan Jaiman. Mayite Sumiran ditemokake wong golek suket, sing biasa ngarit ing njaban tembok kebon mburine juragan Jaiman. Polisi sing teka kanthi nggawa asu pelacak, ora bisa nuduhake alur rajapati. Dalasan laboratorium forensik ing Surakarta, uga ora bisa miyak penyebab kematiane sumiran, mung analisa yen balung-balunge remuk merga ketindhihan barang sing abot. Nanging barang abot jinis apa, dhokter mung angkat bahu ora bisa menehi wangsulan gumathok. Ing pungkasane kepolisian mung nyimpulake, matine sumiran merga kacilakan. File sauntara ditutup, nunggu yen ana sisik melik lan data anyar minangka bahan penyelidikan lan penyidikan. Sapungkure patine Sumiran , juragan Jaiman kecanthol atine karo pembantu wadone. Prawan manis umur sangalasan taun saka wewengkon Tumenggung. Dijupuk saka panti asuhan Islam, nalika Jaiman laku dagang mbako srinthil. Mampir ing salah sijine pondhok pesantren sing ana panti asuhane. Ing kana atine ketarik karo Marliyah, bocah manis pinter ngaji kuwi. Nembung marang kyai pengasuhe, yen Marliyah dijaluk dadi anak asuh lan mergawe ing ngomah lan tokone ing Boyolali. Mbah kyai ngidinake nanging kanthi janji yen Jaiman kudu nglakoni syariat Islam, utamane shalat limang wektu. Jaiman sing kedunungan rasa marang Marliyah nyanggupi. Kanthi diterake dhewe dening mbah kyaine, Marliyah boyongan menyang ngomahe Jaiman. “Kamar iki suker lan omah iki kebilut hawa reged. Ana aura peteng ing ngomah iki, prayogane awakmu sing ngati-ati ya ndhuk. Arahen sabisa-bisa juraganmu ajaken manekung marang Gusti Allah, aja nganti nyingkur lan mlincur. Seringa wiridan yen kahanan ngidinake. Aja nyedhaki kamar iki !” Piwelinge mbah kyai Badruddin marang Marliyah. Nalika semana mbah kyai nginep sewengi ing ngomahe Jaiman, lan Jaiman lagingobrol gayeng karo tamu kanca bisnise. Rong wulan wis kepungkur saka tiwase Sumiran, malah wis nyedhaki satus dinane. Wengi kuwi malem Selasa Kliwon, wektu sapatemone Jaiman karo Nyi Puspo Cempoko. Wengi-wngi sing endah lan wengi sing tansah diantu-antu dening Jaiman. Kejaba oleh tamba ngelake batin lan birahi sing ngorong, uga bakal ketambahan dinar ing simpenane. Nanging wengi kuwi Jaiman sajak aras-arasen. Batine mangro antarane kuwajiban ngladeni kridha biirahine Nyi Cempoko,lan rasa ati sing nyanthol marang Marliyah. Prawan pondhok sing manis lugu kuwi gawe gonjing miringe atine. Mangka nalika sembrana parikena nembung marang Marliyah dhewe, supaya gelem dadi sisihane, prawan mau mung ndhingkluk isin. Pangirane Jaiman Marliyah gelem, mung rada rikuh anggone njawab. Rencanane ora suwe bakal tembung liwat Baddrudin ing Temanggung. Tabuh rolas wis gemonthang saka jam antik ing pendhapa. Kutug kumelun dupa ratus nggembuleng ing senthong sepen. Kaya ritual ing saben Malem Selasa Kliwon, Nyi Puspo mesem mudhun saka peturon sring bed, mesem semringah nyedhaki Jaiman lan sabanjure sewengi natas ngajak salulut. Wengi kuwi merga ati sing goreh merga kegodha wewayangan Marliyah, Jaiman katon loyo. Mung sambalan wis rubuh, ora kuwat ngayati babakan sabanjure. Nyi Puspo rumangsa kagol, esem sing manis nuwuhi ayune sing uleng-ulengan kuwi, malih dadi esem sing kecut. Keprungu lirih tembunge: “Kang Jaiman …… aku ngerti yen atimu ora nyawiji marang aku ….. lan aku ngerti marang sapa atimu mangro….Kowe gawe kagolku ….. Sesuk dak tunggu tekamu ing Kabongan !”. Plas ilang saka pandulu, putri ayu kuwi ninggalake juragan Jaiman sing nggloso kentekan daya. Ing jeron sedan Toyota Altis-e, Jaiman sering unjal ambegan landhung mbuwang ati sing semplah. Paling telat wanci surup kudu wis tekan keramat Kabongan ing Rembang. Papan pasujarahan sing ditekani sepisanan watara patang taun kepungkur, nalika dheweke isih dadi tukang becak sing mangkah ing prapatan Gendingan Semarang. Dheweke kudu kudu ngadhep Nyi Puspo dina kuwi, kaya pakone nalika kagelan wingi bengi. Dheweke kari pasrah yen nganti kedukan dening Nyi Puspo Cempoko. Saka pangrasane wis cukup akeh dheweke atur tumbal wadal pesugihane. Wadal wujud nyawa saka karyawan sing melu ngupaya ing toko lan perusahaane. Dheweke uga ngelingi ing antarane perjanjen sing biyen dicap jempo getih, ana ukara sing sapa sesambungan batin karo Nyi Puspo, ora kena mangro katresnan marang wanita liya, apamaneh nganti kawin. Kutukan lan pengajaran perih bakal kesandhang dening sing njaluk pesugihan kasebut. Ngrepake tabuh sanga nalika dheweke ditinggal ijen dening juru kundi ing sangarepe jirat kijing Nyi Puspo Cempoko. Pedhut putih ngemuli anggane juragan Jaiman. Mbaka sethithik buyar ganti wadage Nyi Puspo sing ngadeg ing sangarepe. “Aku wis marak sowan Nyi ….. banjur ana dhawuhapa, lan sadurunge aku nyuwun ngapura yen wingenani bengi ….” “Wis kakang ora perlu kok bacutake aturmu, aku wis ngerti gorehing atimu. Kowe kari milih….nerusake sesambungan karo aku ….. apa ngeboti atimu sing miring marang prawan podhok kuwi. Yen kowe isih kepengin sesambungan klawan Kabongan…dak jaluk patine prawan kuwi saka tanganmu dhewe…. Carane mangsa borongo, dakwatesi wektumu mung sepasar saka dina iki …..wis saiki dang baliya!” Rada sereng pangatage Nyi Puspo. Sawetara iki juragan Jaiman dheleg-dheleg, nuhoni isining perjanjen utawa rasa tresna lan ora tega. Grenang-greneng ngomong dhewe kaya wong gemblung, yen dijak caturan ora nyambung. Klesak-klesik santer saka para pegawene saya ndadi , yen juragane wis ketempelan merga pesugihan. Marliyah dadi ngerti sapa satemene juragan sing bakal ngrabi dheweke kuwi. Senajan mung nembung pribadi ora ono sing ngerteni, tumrape Marliyah juragane kuwi pancen duwe niyat tulus ngrabi dheweke. Ndeleng kahanane Jaiman lan rerasan kanca-kanca kerjane, rasa cubriya bab “misteriuse” kamar sepen tutupan ing loteng kuwi saya kandel. Nalikane Marliyah tangi saka sujud lan ngucap “Allahu Akbar”, sumiyut glathi landhep ngener gulune. Nanging saka kersane Allah pawongan mau mbengok karo nekep dhadhane, glathi iku mencelat ngenani kaca pengilon pecah ambyar. Kaget ndeleng juragane Jaiman sing arep mrawasa lan mateni dheweke, saikine cekakaran karo mecicil nekep dhadhane, Marliyah jelih-jelih njaluk tulung. Sakala dadi geger ing omah kuwi. Gemrudug pagawe lanang wadon watara wong lima sing pancen kajibah turu ing kono, andum gawe. Ana sing tetulung marang Marliyah sing ngguguk trauma, ana sing ngresiki pecahan kaca beling sing sumebar lan nyingkirake glathi.Sebagiyan ngrumat juragane sing dadi ropyan. Dokter pribadine juragan Jaiman ditelpon, teka niti preksa nadi, keteg jantung lan liyane, banjur aweh suntikan penenang. Juragan Jaiman digotong mudhun diturokake angler ing kamare. Marliyah mberot wengi iku uga njaluk bali menyang Temanggung. Ora gelem disemayani, wusana diterake nganggo pick-up dikancani Wagiyem. Kanthi sesengukan Marliyah nyritakake kahanan sabenere nalikane arep dipateni juragane. Mbrabak lan getem-getem juragan Jaiman, ngerteni yen Marliyah dalasan Wagiyem lan Paidi mlayu menyang Temanggung. Rumangsa cabar anggone bakal mateni prawan pondhok kuwi, merga saka krenahe Nyi Puspo. Mangka wektu sing diwenehake mung kurang sedina. Ing antarane rasa gela, tresna lan donya brana ndadekake pikirane saya kuwur limbung. Tindakane wis kaya wong pengung, cedhak nesu adoh guyu. Apa sing ditindakake pegawene prasasat sarwa salah. Nalika nguman-uman ing tokone, Jaiman jengkel mbuwang tegesane. Tibane tegesan ngenani campuran bensin sing lagi kanggo ngumbah spet plitur mebel. Mbulat geni marak tansaya nderbala. Poyang-payingan pegawe lan wong sing lagi tetuku ing toko sembakone. Geni saya gedhe ketiyup angin sing awan kuwi deres lan santer. Ora suwe toko saisinewismeh gusis, geni mrambat nyaut gedhong lan mobil kesayangane. Histeris Jaiman mlayu mlebu ngomah gedhong singwiskobar. Pating plethok lan semburat geni mubal, kumelun keluk ireng ndedel ing awang-awang. Lalu lintas dalan gedhe rong arah dadi macet total, mahanani tekane mobil pemadam saka Salatiga lan Kartasura telat. Omah gedhong, toko, peternakan saisine ludhes dadi areng ora ana sing ngukup. Saka puing-puing tinemokake jisim Jaiman. Ngelingi jasane Jaiman sing sering mbiyantu lan sosial kuwi, masyarakat ing kono ngrukti jisime kanthi apik. Dina iku uga senajan nyedhaki magrib, jisim dikubur ing pekuburan umum pedhukuhan cedhak kali. Ngelingi papan sing dirasawiskebak kijing lan cungkup, Jaiman digawekake luweng mapan ing pereng pinggiran kali, sadedhake barongan pring ori. Langit sing awan mau terang sumilak, wiwit mendhung lan udane riwis-riwis. Alon-alon jisim sing mekungkung ora bisa dijejegake, senajanwismaneka cara dicakake, dilebokake ing luwangan.Nanging ora bisa mlebu merga kurang dawa lan kurang amba. Kepeksa diunggahake maneh, kanggo ndawani lan ngambani dhudhukan luwang kubur. Prastawa iki lumaku luwih saka ping telu, sing layat grenengan mangkel. “Piye mbah Modin …. Yen ngene terus mbok nganti bar Isyak ra bisa rampung, selak udane teka deres”. Paraga tuwa sing disebut mbah Modin mau meneng muter pikir, umak-umik maca donga. “Yaa wis ….. pancen iki lelakon lan pepeling saka Gusti Allah …. Jenaczah didhunke maneh, sing neng njero ditambah wong loro maneh ….lha ngono ……… alon-alon dilumahake dhisik ….saiki ditekuk sikile bebarengan …… Yaaa Allahu Akbar !”. Swara krepek balung tugel merga ditekuk lan dipidak, keprungu cetha. Sing padha layat istighfar bola-bali, mbarengi pocong sisih sirah lan tali-taline diuculi. Sabrebetan katon praupan ireng ireng rai gosong, mripat mlolo lan cangkem mlongo senajan wis diiket. Ditatani gelu, papan landhakan lan diurug lemah. Pathok dipasang mbarengi udan wiwit deres. Enggal sing layat arep bali ninggalake kuburn sing wiwit peteng. Durung nganti pitung pecak pelayat sing paling keri ninggalake jirate Jaiman, ana swara kemrosak banjir teka lembak-lembak. Banyu kali kuwi santer lan ngesrong liwat kubure Jaiman. Mbaka sethithik kuburan anyar kuwi gogos lan ambrol ketrajang banjir bandhang. Jisime Jaiman katut ilining banjir dadakan, sing wiwit mendha udane terang.PS 47 – 48 / 2005 IV. PENDALAMAN MATERI A. Sakwise maca crita rakyat kasebut wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
V. TUGAS A. Ing njaba kelas Perangan crita rakyat ing ngisor iki wacanen kanthi premati !DAMPO AWANG Dhek abab 15 Masehi ing Pulo Madurasa ana sawenehing krajan kang kondhang aran krajan Buwana Keling. Krajan ing Pulo Madurasa iki kalebu krajan kang madireng pribadi kebak kawibawan. Krajan sakupenge kono ora ana kang munasika katentremane Krajan Buwana Keling. Kepara krajan sanjabane Pulo Madurasa iya ora ana kang wani-wani nyanyah nyunyah nyenyamah marang Krajan Buwana Keling. Apa sebabe dene Krajan Buwana Keling ing Pulo Madurasa iku kalokengrat ayem tentrem ora ana mungsuh kang wani njamahake kawibawane ? Awit kang jumeneng raja ing Krajan Buwana Keling iku sawijire pawongan kang digdaya jayeng palugon. Sang anata ing Krajan Buwana Keling iku kaya dewa mangejawantah, nganggo gelang oyod mimang, kadang jawata lan dibala hapsara. Raja Krajan Buwana Keling iku asmane Sang Prabu Bermanamadu. Kaya wis dadi kondrating alam, saweneh pawongan kang minulya duwe kaluwihan bandha donya. Umume para kulawarga lan keturunane banjur duwe watak kurang prayoga. Duwe watak adigang adigung adiguna. Watak ngendelake gedhene pangwasane, ngendelake ketrampilane, lan ngendelake kapinterane. Semono uga Sang Prabu Bermanamadu kang kadigdayane prasasat ngluwihi dewa linuwih iku, putrane uga duwe watak longor sesongaran. Dupeh putrane raja kawasa digdaya tanpa tandhing kuwi, banjur rumangsa duwe drajat luwih unggul satemah mbergudul. Sang pangeran iki temen-temen diuja lan diugung dene Sang Prabu Bermanamadu. Apa sapanjaluke kabeh dituruti wae. Mulane Sang Pangeran iki seneng banget nyuwun barang saweneh kang aneh-aneh. Ing kalamangsa Sang Pangeran nyuwun dhestar kang duwe daya kasiyat kena kanggo tetumpakan ing awang-awang. Senajan panjaluk kuwi nglengkara banget nanging Sang Prabu Bermanamadu ngudi bisane nyukupi apa kang disuwun dening Pangeran Pati Krajan Buwana Keling iku. Sang Prabu Bermanamadu iki kalebu manungsa unusaning janma, kena diarani lagi winongwong ing jawata, mula panyuwune putrane kang aneh lan langka iku diangep lumrah wae. Apa maneh ibarat lelaku ing tengah wengi, anak iku ;kaya rembualan kang dadi cecolok madhangi petenge wengi. Kanggo nuruti panyuwune Pangeran Pati kuwi Sang Prabu Bermanamadu kanggo sauntara wektu banjur ninggalake Krajan Buwana Keling saperlu teteki mahashasepi ing lengkehing Gunung Ijo iku wis oleh sawatara wulan. Ing tengah wengi kang peteng rada remeng-remeng karana mung disoroti lintang dlemok cung iku, dumadakan ana kaki-kaki ngrawuhi Sang Prabu Bermanamadu. Rawuhe paraga saktiku ngagetake ati. “Ehhh-ehhh-ehhh ! Angger Prabu Bermanamadu, kejot penggalihmu ? “Engngng …enggih Eyang, kawula kaget sanget, Andika sinten nun ?” “Jeneng lan julukan pangaran-aran iku kanggo ora wigati. Kang luwih wigati iku nyumurupi apa panujumu teka-teki ana kene ?” “Dhuh Eyang ingkang tuhu nyalawadi, tamtunipun Andika pana ?” “”Lha yen Eyang wus pana, kanggo apa ndadak takon sliramu ?” “Waleh-waleh punapa Eyang, inggih karana godhanipun yoga ?” “Putramu godha ? Kang sira karepake godha iku sing kepiye ?” “Eyang ingkang tuhu winadi. Tuhunipun buyut Andika punika nyuwun dhestar ingkang saged dados wahana mabur wonten ngawiyat” Eyang winadi iku banjur maringi udheng marang Sang Prabu Bermanamadu. Sakwise nguncali udheng kuwi kaki-kai aneh iku paring piweling telung warna. Sepisan, kang kaparingan pusaka udheng wulung iku Sang Prabu Bermanamadu, awit kang lelaku teteki iya Sang Prabu Bermanamadu. Kapindho, udheng wulung iku aja kanggo longor sesorangan. Kaping telune, udheng wulung kang kena kanggo mbru iku duwe pengapesan yaiku yen adhep-adhepan karo saweneh jaran putih. Saksise kasil bisa oleh udheng wulung kang kena kanggo mabur iku Sang Prabu Bermanamadu banjur gegancangan wae koindur menyang Krajan Buwana Keling. Ing saenehing dina udheng wulung iku diparingake marang putra pangeran pati. Bocah langan kang mrusal iku dina-ddina mung mbeber udheng wulung ditumpaki mabur dham-dhaman ing awang-awang. Mula putra Krajan Buwana Keling iku kalokengrat duwe julukan Sang Dhampo Awang. Pangeran Pati Sang Dhampo Awang bareng kagungan pusaka sakti wujud udheng wulung kang kena kanggo mabur kuwi tingkahing bebudene tansaya ngewakake banget. Ngedir-ngedirake marang kasektene satemah dadi pawongan kang glelang-gleleng gembelengan banget.. Duwe watak deksura sapa ingsung sapa sira ngono iku. Watak wantune Dhampo Awang kang paling ala yaiku thukmis karem gawe dolanan bocah wadon tanpa ana tanggung jawab kang maton. Bebarengan wektune kakro kahanan ing Krajan Buwana Keling kuwi, ing Krajan Majapahit Pulo Jawa uga ana lelakon aneh kang gawe gegere eong sapraja Majapahit kono. Nalika kuwi kang ngasta panguwasa ing Krajan Majapahit yaiku Sang Prabu Brawijaya ka V. Kang jejer minangka patih asmane. Gajah Mada. Nanging kuwi dudu Patih Gajah Mada ing jamane Prabu Hayam Wuruk biyen. Anggone dijenengake Gajah Mada supaya Majapahit tetep wibawa kaya biyen. Ing sawijine dina dumadakan tanpa kawruhan sebabe kuda klangenane Sang Prabu Brawijaya V kang aran Turangga Kuda Remeng iku ucul saka pagedhogane. Banjur tetegar ing alun-alun gawe rusake wewangunan ing alun-alun Majapahit kono. Gamel kang kajibah minangka sratine Turangga Kuda Remeng iku ora bisa nyekel Turangga Kuda Remeng kang katon mbrengangang lan galok iku. Kahanan tansaya dadi kosek bareng para prajurit uga ora godag ngrangket Turangga Kuda Remeng kang tansaya rongeh bengah-bengeh tetegaran ing alun-alun Krajan Majapahit kuwi. Akeh para prajurit kang dadi kurbane. Turangga Kuda Remeng kasebut. Yen diematake temenan. Turangga Kuda Remeng iku kaya kesetanan. Mripate mlereh abang pendirangan nggeririsi banget. Angele ngrangket Turangga Kuda Remeng iku ora mung sebab Kuda Remeng iku giras lan kesit wae. Naning kang luwih angel trap-trapene yaiku dene ana wewaler saka sang nata, aja nganti tatu. Nate ana prajurit papat kang gamben-gamben diutus nyekel Turangga Kuda Remeng iku. Prajurit papat ikut mapan ana catur loka. Tegese ana kang ana wetan, kidul, lor lan kulon. Jaran siji dikrubut prajurit papat. Turangga Kuda Remeng tansaya bringas ngempros ngos-ngosan. Prajurit kang maju nglimpe saka mburi ditampani Nganggo slenthakan sikil loro mak keprok satemah glayaran tan mangga puliha. Prajurit kang saka ngarep digejoh lan dikrokot kupinge dadi metu getihe dleweran. Prajurit kang saka ngiringan uga ora kuwagang nyedhaki Kuda Remeng jalaran kuda giras iku minger cepet banget, nylenthak lan nyakot sakepenake wae. Prajurit papat iku ora wurung iya kasoran. Sarehne para prajurit wis ora ana kang bisa mrantasi, mula dipasrahake tumenggung reksa khayawan. Saweneh tumenggung gagah prakosa iku uga mung dadi pengewan-ewanan. Pungkasane Sang Prabu Brawijaya V pasrah marang Patih Gajah Mada nyekel Turangga Kuda Remeng ing alun-alun iku dadi dadi warta kang narik kawigatene para kawula ing Praja Majapahit. Ngepasi dina cak-cakane Patih Gajah Mada ngrangket Turangga Kuda Remeng iku para kawula cilik padha nonton ing alun-alun. Iki tontonan gratis temenan. Sadurunge ngayati nyekel Turangga Kuda Remeng iku Ki Patih Gajah Mada ndhongak mendhuwur komat-kamit maos mantra sakti. Sawise kuwi banjur nyedhaki Turangga Kuda Remeng. Jaran giras iku dadi lulut marang Ki Patih Gajah Mada banjur lon-lonan nyengklak ing gigire jaran. Turangga Kuda Remeng iku banjur mlayu lon-lonan ngedrap manis banget. Wong kang padha nonton surak keplok mbata rubuh. Nanging ora kanyana jaran giras iku nglumba nguncalake ki Patih nganti gumebruk tiba klumah ing lemah. Patih sepuh iku banjur digejoh, dislenthak lan dikrokot nganti gubrah getih. Wong-wong sanalika padha cep klakep kamitenggengen anteng pindha reca…….Panjebar Semangat – 44/2004 Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki ! I.
I. Wenehana tanda ping ana ngarepe aksara a, b, c, d, utawa e marang wangsulan kang paling bener ! NYERAT GEGURITAN Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : X / I Metode : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah Waktu : 2 x 45 Menit ================================================================I. PANUDUH PIWULANG
Standar Kompetensi : 2. MENULIS Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa 3. MEMBACA Mampu membaca dan memahami bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan berbagai keterampilan dan teknik membaca. Kompetensi Dasar : 1.3 Menulis geguritan 3.3 Membaca indah geguritanIndikator :
A. GEGURITAN Geguritan kalebu jinis puisi Jawa Modern. Dene wujud puisi Jawa Tradisional arupa tembang, kalebu tembang macapat, tembang tengahan, lan tembang gedhe. Sing kalebu tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dhandhanggula. Kalebu tembang tengahan yaiku Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung. Dene tembang gedhe yaiku Girisa. Puisi jawa sing arupa tembang kaikat dening sawenehing paugeran/pathokan. Pathokan-pathokan kang ana sajroning tembang kaya sing katulis ing ngisor iki. a) Guru gatra tegese cacahing gatra (baris/larik) saben satunggal pada (bait/pupuh). b) Guru wilangan tegese cacahing wanda (suku kata) saben sagatra. c) Guru lagu / dhong-dhing tegese tibaning swara vokal ana ing pungkasaing gatra. Geguritan utawa geguritan juja-makjujane dianggo kanthi tujuan nyindir / nyemoni kahanan masyarakat wektu kuwi. Kajaba saka kuwi uga nduweni unsur pendidikan. Geguritan nduweni gatra kang ora tetep. Umume (biyen) gatrane kedadeyan saka wolung wanda, uga diwenehi ukara ing gatra kapisan sing unine “Sun gegurit”. Geguritan saikiwisbeda, ngalami owah-owahan. Geguritan padaha karo puisi bebas sing ora kaiket dening cacahing baris saben bait, cacahing wanda saben gatra, uga ora kudu ana tembang “sun gegurit”, lan ora kudu bab ngandhut unsur pendidikan. Tema kanggo geguritan iki warna-warna kayata; moral, lingkungan, katresnan, masalah sosial, lan liya-liyane. Ing ngisor iki ana tuladha geguritan sing temane asmara/katresnan. Geguritan kuwi rinipta minangka wujud saka wedharan gagasan/rasa pangrasa pangripta. Ana patang babagan kang kudu dimangerteni menawa arep maca geguritan, yaiku analisis situasi lan pamireng, milih geguritan, mbedah geguritan, lan latihan / gladhen. 1) Analisis situasi lan pamireng Tegese kanggo mangerteni kondhisi wektu arep maca puisi. Ana ngendi papane, bengi apa awan, ning jaba apa njero ruangan, piye situasine (sedhih, gumbira, serius), pamirang umure pira, agama, pendhidhikan lsp. 2) Milih geguritan Ana babagan kang bisa dadi tetimbangan nalika milih geguritan
PIWELING Dening Sendang Mulyono Aku ngugemi ngendikanmu, Ibu Nalika arep budhal sekolah Nyangking tas kebak buku Ngger, jagad iki amba tebane Aja cilik ati Kabes bisa karengkuh Kanthi gelmu Ngger , ngendikane pujangga winasis “Ngelmu iku, kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas ngantosani Setiya budya pangekesing durangkara” Pancen angel yen durung ketemu Mula aja pegat sinau Dadia wong pinter nanging Aja keminter lan keblinger Dadia wong sugih nanging Aja sumugih Dadia petinggi nanging Aja ngapusi lan korupsi Geguritan ing ndhuwur yen ditilik saka tembung, tembung sing dianggo katon cetha/transparan. Ora ana tembung sing nganggo konotasi / kias. Maknane apa anane. Lugas lugu/salumrahe. Iramane enak diwaca apa anane, rima / sajake / tembung-tembung kang nduweni uni sing memper/meh memper bisa ditemokake ana sadhengah baris. Vokalisasi cetha.PIWELING Ibu, aku tansah ngugemi ngendikanmu. Nalika semana aku arep budhal sekolah nyangking tas kang isine kebak buku. Ngendikanmu nalika kuwi,”Ngger, jagad iki ambatebake. Kowe aja cilik atik. Awit kabeh bisa karengkuh kanthi ngelmu. Ngger, ngendikane pujangga winasis kaya ana ing tembang pucung. Elinga : ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas ngantosani, setya budya pangekasing durangkara.” Pancen angel yen durung ketemu dalane. Mula saka kuwi aja pegat anggonmu sinau. Dadia wong sugih ananging aja nganti sumugih. Dadia petinggi nanging aja nganti sumugih. Dadia petinggi nanging aja ngapusi lan korupsi.B. BASA RINENGGA KANGGO PEPAES SASTRA Rinengga nduweni teges dipacaki, pinajang dipaesi utawa kinarawista. Kabeh mau nduweni perlu supaya dadi endah, bregas, lan ngresepake. Basa rinengga bisa uga diarani basa pajangan, basa pacakan, utawa basa bregasan. Basa rinengga mesthi wae duweni surasa kaendahan utawa kaendahaning surasane. Tegese senadyan endah, wong liya tetep bisa mangerteni apa kang tinulis. Sanadyan mesthi wae akeh uga basa kang endah sing angel disurasa tegese. Basa rinengga iku asring diprangguli ana ing geguritatn utawa gancaran kang arupa cerkak, roman utawa novel. Ana rong cara kanggo ngrengga basa, kayata:
IV. PENDALAMAN MATERI A. Tulisen sawijining geguritan kanthi tema ing ngisor iki! Aja lali geguritan kuwi kudu nganggo basa kang rinengga, paling ora ngnaggo lelewaning basa (stilistika)! v Lingkungan v Asmara/ Katresnan v Narkoba v Sosial v Pendidikan B. Wenehana tanda ping ana ngarepe aksara a, b, c, d, utawa e marang jawaban kang paling bener ! 1. Ing ngisor iki ciri-cirining geguritan zaman biyen, kajaba …….
Valentine Tanpa upama bungahe driya Angles rasa ndika tanggap sasmita Mangayubagya nugraha dalem awujud tresna Bengi tanggap warsa iku nimas Awale laku dak dhodhog kori atimu Tanpa kedale lesan Agawe mulak-mulak jaja kadya kinubere Kawah Candradimuka Nanging ing prastawa iku esemu nyimpen prajanji Ili laku kumricike panganti Nganthi esem teleng ati Geter rasa krudha asmara Tanpa suwala lilin iku luluh Rikala dina asih tresna Esem ngujiwat Sumunar mbirat rasa samudana Ndika walaka sajrone driya Andum rasa nggayuh tresna Mecaki dawane mangsa 2. Geguritan ing ndhuwur nduweni tema ….
V. TUGAS Geguritan Ing ngisor iki wacanen kanthi apik ! CANDHIK ALA Wanci surup Pindha mawa Bagaskara katon bang mawinga-winga Binareng tumekaning ratri Samubarang kudu diayahi kanthi setiti, ngati-ati Ora kena grusa-grusu Sing sareh aja kesusu Mengko mundhak kesuru Wanci surya angslup Ana pangkoning ibu pertiwi Ana janma tan kasat netra Tarkadhang manjalma Mula samubarang sing menga Uga kahanan kang tinarbuka Enggal diinepna Kanthi nyenyuwun lan ndedonga Supaya kabeh diparingi raharja Sumber, 190407 Ibune GillangUJIAN NASIONAL Pasuryan katon nggembol sanggan kang abot Padha pucet, ndingkluk Tumungkul amarikelu Sajak nduweni sanggan kang maewu-ewu Telung ndina dipecaki Suwene kaya sewindu Rasane kaya dhadha ditujes sewu eri Perih, linu,lan ngilu O…. ujian nasional Kaya ngene abote Mangka anggonku sinau luwih saka sewu dina Ning nasibku ditemtokake amung telung ndina Upama biji rapot bisa kanggo tetimbangan Mesthine sangganku ora abot temenanan O… ujian nasional Aku pasrah amarga sistem isih feodal Sumber, 190407 Ibune Gillang Paugeran mbiji geguritan kang kokwaca ing ndhuwur kaya ing ngisor iki!
____________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________6) Sedhila maneh para siswa nglakoni ujian nasional, kepriye tanggapanmu marang geguritan kang mawa irah-irahan Ujian Nasional? Wangsulan:________________________________________________________________________________________________________________________________KARTI BASA Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kelas / Semester : X / I Metode : Latihan, tanya jawab, demontrasi, diskusi, ceramah Waktu : 2 x 45 Menit ================================================================I. PANUDUH PIWULANG
II. INFORMASI MATERI A. JINISING TEMBUNG Miturut jinising tembung-tembung kabedakake dadi rong perangan, yakuwi tembung lingga (kata dasar) lan tembung kangwisowah saka linggane (kata jadian/bentukan). Tembung lingga yakuwi sakabehing tembung kang durung ngalami owah-owahan. Tuladhane: anak, jaran, rob, banjir, lsp. Miturut para ahli basa, tembung lingga sinebut kata asal utzwz tembung kang durung ngalami owah-owahan, lan sabenere dumadi saka tembung sing luwih dhisik ana utawa tembung-tembung kang luwih tuwa. Tembung tembung kuwi diarani tembung wod (akar kata). Tembung wod suk, nurunake tembung lingga: pasuk, rasuk, rangsuk, susuk, dhesuk, isuk, lsp. Tembung wod pis, nurunake tembung lingga tipis, tapis, kempis, kempes, dhepis. Tembung wod lur, turunake tembung lingga dulur, ulur, sulur, pilur. Tembung wod wur, nurunake tembung lingga: uwur, siwur, kawur, mawur, sawur lsp. Tembung kang wis owah saka linggane kabedakake dadi telung perangan, yakuwi tembung andhahan, tembung kang dirangkep (kata ulang),lan tembung camboran utawa wancahan (kata majemuk). Tembung lingga tekuk, bisa diowahi dadi tembung-tembung ditekuk, panekuk, tinekuk, tekukan, tekuk-tekukan, lsp. Kabeh tembung kuwi diarani tembung andhahan. Dene cara-carane tembung lingga didadekake tembung andhahan kuwi ana pirang-pirang. Ing ngisor iki tuladhane.
Tuladhane: omah dadi lingga andhahane somah. Somah bisa dadi tembung andhahan maneh saka tembung sesomahan. Ubeng dadi lingga andhahan kubeng, kubeng isih bisa didadekake tembung kinubeng. Tembung kang kalebu lingga andhahan yakuwi:
tembung lingga kang antuk seselan (-er-, -el-) sabenere sajinis, amarga bisa ganti-gumanti. Tuladha: krelip, klelip . dene tembung lingga kang antuk seselan –el-, -er-, uga kalebu tembung kahanan/kaanan. Rimbag bawa ana telu: (1) bawa kapi, bawa kami, bawa kuma; (2) bawa ha; (3) bawa ma. Katelune diwedharake ing ngisor iki.
Bawa ma kuwi kedadeyan saka tembung lingga kang antuk seselan –um- papane ana samburine aksara purwa tembung. Tuladha: kenthus dadi k-(um)- enthus : kumenthus; kaki dadi k-(um)-aki: kumaki. Tembung lingga kang antuk seselan –um-, tarkadhang ngalami owah-owahan ana aksara purwaning tembung. Tuladha:
B. PEPRINCENING JINISING TEMBUNG Basa saja kaperang dadi 9 golongan tembung, yakuwi:
Tuladha: Nurahma nangis, Gozy tiba. J W J W Tembung nangis, tiba kuwi wasesa lan yen ditilik saka jinising tembung kalebu tembung kriya. Sanadyan amung kedadeyang saka jejer lan wasesa ukara ing ndhuwur kalebu ukara singwis komplit. Dene tembung kriya sing isih mbutuhake tembung liyane amrih sampurnane diarani tembung kriya mawa lesan (kata kerja berobjek/transitif). Tuladhane tembung kriya sing kaya mangkono yakuwi: nabrak, nabok, menthung, adol, nyiram, ngetung, nagih, nuthuk, lsp. Suwalike tembung nangis, ora perlu utawa ora mbutuhake tembung liyane ` Nama sakabehing barang utawa apa wae kang dianggep barang diarani tembung aran. Miturut kalungguhaning tembung ana sajroning ukara tembung aran bisa kalebokake ana ing jejer utawa lesan. Tuladhane ing ngisor iki. Adhiku nendhang bal J W J Tembung adhiku lan bal, diarani tembung aran. Tembung aran kaperang dadi rong golongan, yakuwi:
ü diwenehi panambang –e gedhe dadi gedhene lega dadi legane ü diwenehi tembung panggandheng (kata depan): kang/sing. Ssing cilik lungguh ngarep, sing gedhe lungguh mburi. Kang lena bakal ketiwasan. ü menawa nduweni kaanan/sipating manungsa biyasane dadi sesulihe jenenge manungsa kuwi kanthi carra diwenehii tembung si. Kaya si cebol nggayuh lintang. ü diwenehi tembung Panggandheng/kata depan ana sangarepe. Kanthi lega legawaning ati. Gatekno ukara ing ngisor iki!
III. PENDALAMAN MATERI
1. Tembung kang durung ngalami owah-owahan diarani ….
ULANGAN UMUM SEMESTER I SMA SE KABUPATEN REMBANG TAHUN PELAJARAN 2009 / 2010 PETUNJUK KHUSUS
Wara-wara Nuwun-nuwun, Mugi kawuningnan dhateng para siswa lan siswi lan para dwija Basa Jawi saindhening Kabupaten. Mbokbilih benjing: Dinten/Tanggal : Minggu Kliwon, 22 Juli 2007 Wanci : Tabuh 08.00 Enjing Papan : Gedung DPRD Kabupaten, Jl. Sudirman Badhe dipunadani kegiyatan dialog kabudayan jawi ingkang badhe dipunaturaken dening Tukhul, lan Yati Mbangir saking Solo. Para siswa lan dwija Basa Jawi ingkang badhe kersa rawuh kedah mundhut serat sedhahan rumiyin………….. Pengarsa PanityaAtmaja 1. Wara-wara ing dhuwur katujokake kanggo …
kajaba …
B S1 15. Ing tahun 2000 donya kosekmaneh prakara penyakit infeksi ensefalitis Jepang. Ing Indonesia poncot wetan kaya dene pulo Bali lan wilayah Nusa Tenggara Timur, dikabarake ana warga kang ketaman infeksi ensefalitis Jepang iki. Mula nalika kuwi otoritas kesehatan negara Australia paring penget marang warga Australia kang leledhang menyang Indonesia kudu ngati-ati njaga kesarasane. Wacan ing dhuwur kalebu jenis wacan sing arupa …
Wacan: ? xgkede[lmunDkPe=rjinTau[t[mPnzis\, ?ai=awlTaun\;2008;aikipe=rji[nT[mPlnTausmBtPeveb[bBxgkede[lmi[no=kbanBku[nmunD[kHorb[anB[an\;100;pe/[sn\,?zwimi[no=kgud=[zpe=rji[nT[mPlnHu,seb[gynKudusiypSiypNutupHusa[nkrn[aorkuwtTukukede[l.
41. Irah-irahan wacan ingndhuwur yaiku ...
☻☻☻ ULANGAN SEMESTER 1 TAHUN PELAJARAN 2010/2011 1) Wara-wara ing ngisor iki wacanen kanthi patitis! Bapak-bapak , ibu-ibu menawi panjenengan badhe ngersakaken TV, Kulkas, Tape lan alat-alat elekronik ingkang sahe mboten gampil risak. Panjenengan saged mundhut ing Toko Dahlia , ingkang alamatipun Jalan Sudirman No 3 Rembang. Toko Dahlia Elekronik pancen joooos tenan …… Wara-wara kasebut ngemot bab…..
Sinten mawon ingkang saged manggihaken mobil Kijang Inova kanthi plat nomer K 2435 RD , menawi priya bakal kula dadosaken sedherek sinarowedi, menawi wanita bakal kula dadosaken jatu krama. Wara-wara kasebut awujud…… a Iklan b Pawarta c Sayembara d Layanan masyarakat e Iklan kecik 3) Assalamualaikum WR.WB Dhumateng para warga desa Sidowayah katuran rawuh wonten rapat ingkang badhe dipun adani benjang : Dinten : Jumat Wekdal : tabuh 07.00 ngantos dumuginipun purna Papan panggonan : ing balai desa. Kaperluan : Rapat pengurus enggal.…. Wara-wara ing ndhuwur katujokake kanggo….
BSF Bakal Dikrembakake Adicara Bengawan Solo festival ( BSF) lan festival Bonraja kang taun iki kalorone mapan ing Taman Sriwedari bakal terus dikrembakaake dadi adicara kanggo mbabar, ndhudhah, ngleluri lan ngrembakakake Budaya kutha ing tlatah kutha solo. Miturut Dinas Pariwisata Seni lan Budaya kutha Solo, Handardono, sawetara dina kepungkur, udakara setaun pungkasan iki ing kutha Solo akeh papan kanggo ngrembakake seni tradisi. Kanyatan iki yen dijurung dening kawicaksanane pemerintah bakal mujudake kutha Solo minongka kutha budayaSolo Pos, Kemis Kliwon 3 Januari 2008 4) Adicara BSF lan Festival Bon Raji kalaksanaake ana ing….. a Bengawan Solo b Sriwedari Solo c Sriwedari jogyakarta d Ngayogjakarta e Kali Bengawan 5) “Udakara setahun pungkasan iki, kutha Solo akeh papan kanggo ngrembakake seni tradisi” Ukara kuwi kawedharake dening…. a Solo Pos b Solo Festival c Pamarintah d Handardono e Festival Bon Raja 6) Adicara BSF lan Festival Bon raja nduweni pangajab supaya… a Sriwedari dadi kutha budaya b Bon Raja dadi kutha budhaya c Bengawan dadi kutha budaya d Ngayogyakarta dadi kutha budaya e Solo dadi kutha budaya 7) Pawarta ing ndhuwur kaemot ana ngendi? a Solo Festival 3 Januari 2008 b Solo Pos 3 Januari 2008 c Bon Raja Festival 3 Januari 2008 d Sriwedari Festival 3 Januari 2008 e Bengawan Solo 3 Januari 2008 Disemoni Radio Dina Setu 22 Januari kepungkur, aku karo T dolan menyang omahe kancaku. Olehku mertamu suwe banget. Karo omong aku mbatin, kok ora ana tandha-tandha yen arep metu suguhane. Ora ngerti ndadak saka njero omah ana swara radio seru banget” Saudara pendengar …sekarang akan kami hadirkan beberapa lagu…..sebagai penghantar minum teh….” Ngono mau swarane penyiar. Krungu swara penyiar mau aku lan T pandeng-pandengan. Sing duwe omah sajak tanggap sasmita. Ora wetara suwe sing wadon metu karo nggawa teh rong gelas lan suguhan. Apa tumon, gara-gara disemoni radio …gorokan ora sida garing. Rembang, 25 September 2010 8) Kapan kedadeyan kuwi kelakon? a 22 September 2010 b 25 September 2010 c 22 Januari 2011 d 22 Januari 2010 e 25 September 2011 9) Crita ing nduwur kalebu crita sing kepriye? a Mbingungake b Nganyelake c Nyedihake d Nyengsemake e NggentunakeMuga-Muga Diparingi Eling Dadi wong tuwa sing nduwe anak kelasVISD, kelas IX SMP utawa kelas XII SMA padha mumet ,mikir kepriye carane nyekolahke anake menyang sekolahan sing dikepingini anake. Manawa kari mlebu sekolah jane ya neng endi-endi wahe bisa, nanging kadhang ora cocok karo kekarepane. “Bapak! Mangke kula mlebet SMP Karang Pucung mawon, nggih!“ omongeNovising lagi lulus SD 14 Gontawangi. “ Iya-iya….” Bapak mbombong-mbombongi. “Bapak, kula milih mlebu SMA 2 Purwokerto mawon nggih, soale sekolahanipun terkenal favorit,” guneme Gatot marang bapake. ”Ngrembuk bab napa, Kang? pitakone bapake Darmin…” Ngrembuk bab sekolah….”omonge Bapake Gatot. “Lah keleresan niku,…. Critane kula niki ajeng nyuwun tulung kalih bapake Gatot.” “Tulung apa, si?” “Anak kula, Darmin kepengin mlebet ing SMA 103 Purwojati, nanging bijine niku mung pas-pasan. Rata-rata ujian gur gangsal…. Duka niku , Niku mawon sampun lumayan saged lulus!” “Kuwi udu bisa lulus! Dilulusake….! Mesakake….” “Lah niku , kajenge kula niku ajeng nyuwun tulung kalih Bapake Gatot, njenengankankenal kalih guru-guru SMA 103 Purwojati ngriku. Mulane tulunglah anak kula ben saged ketampi teng ngriku, soal amplop ... beres! “ Oalah….oalah dudu perkara amplop sing marai beres….. sing mesti Darmin kon luru sekolahan alternatif. SMA 103 Purwojati gudhange wong pinter-pinter…mengko yen Darmin keponthal-ponthal malah stress angel olehe nambani.” “ Apa amplop kula tambah? Setuju? Kula ngertos beres….!”. ”Kang…! Anggepe njenengan aku iku apa sih? Tak omongi, mesakake Darmin… yen arep nyogok sakmono akehe langsung wae karo kepala sekolahe! Syukur yen kepala sekolahe sipate padha karo njenengan, seneng dhuwit amplop sogok suap, lha yen kepala sekolahe kuwi wonge terpuji? Morale bener? Sida-sida njenengan didamprat mentah-mentahan!” Sidane bapake Darmin bali ngluntung ora oleh gawe. Embuh kepriye akhire, kuwi urusane Bapake Darmin ….Muga-muga ben diparingi eling !Kapethik saka Jaka Lodhang, dening mas Guru 10) Pachelathon ing nduwur nyeritakake bab apa? a SMA 2 Purwokerto d. Bapake Darmin b Golek sekolah e. Bapake Gatot c SMA 103 Purwojati 11) Kepriye watake Bapake Darmin? a Tukang nyogok d. Apikan b Tukang nggunem e. sabar c Tresna marang anake 12) Piwulang sing bisa kapethik saka “Muga-muga diparingi eling” yakuwi…. a Dadi wong kudu seneng srawung b Dadi wong kudu sregep c Dadi wong kudu tresna marang anak d Dadi wong ojo seneng nyogok e Dadi wong ojo seneng golek sekolahan 13) Sapa wae sing lagi guneman ana ing pachelathon kuwi? a Novi, Darmin , Bapake Gatot. b Novi, Gatot , Darmin.Bapake Darmin. c Novi, Gatot, bapake Gatot, bapake Darmin. d Novi,Bapake Gatot, Darmin, Gatot e Novi, Gatot, Darmin, Bapake Gatot. 14) Sapa sing bingung luru sekolahan? a Novi b Gatot c Bapake Gatot d Darmin e Bapake Darmin. 15) Ciri pokok wacan narasi yaiku….
“Iya-iya, sabar sedhela, aku tak mangkat mrana.” Karo mlayokake pikepku, nganti ora tak rasa pikepku mbandhang satus kilometer per jam, merga dalane lurus tur wis rada sepi merga bengi. Bareng wis meh tekan cedhak lapangan desa Karang Endah, saka kadohan kena sorot lampu jauh pikepku, katon ana toyota kijang superkap ijo lumut mandheg neng suketan pinggir aspalan. Sudhut pandhang perangan crita ing ndhuwur yaiku.. a Wong kapisan dadi paraga utama b Wong kapisan dadi paraga sampingan c Wong kapisan dadi pawongan katelu d Pawongan katelu tunggal e Pawongan kapisan dadi paraga kapindho 26) Latar perangan crita ing nduwur yaiku…. a Wayah sore ing omah b Wayah awan ing bengkel c Wayah awan ing cedhak lapangan d Wayah isuk ing cedhak lapangan e Wayah bengi ing cedhak lapangan 27) Ing ngisor iki sing dudu unsur intrinsik cerkak yaiku… a Liding crita b Pendhidhikan pengarang c Paraga crita d Latar e Piwulang 28) Dene alur crita cerkak ing nduwur, nganggo alur…. a Alur maju b Alur Mundur c Alur Campuran d Alur maju-munduralur e A lur Mundur-maju 29) Kenengapa ninik kok nelpon mas Gun…. a Amarga wedi dewekan b Amarga sepi c Amarga mobile mogok d Amarga kijange ijo e Amarga lagi kenal Mas Gun 30) Antok ndhepipis ing bangku pojok mburi. ”Aku wis kapok nglakoni iki. Suwe-suwe mesthi bakale konangan. Aku wedi yen ditokake saka sekolah iki. Aku ora arep njaluki dhuwite bocah kelas X maneh.” Nilai sastra perangan crita ing dhuwur yaiku…. a Moral b Etika c Estetika d Ekonomi e Sosial31) “Lak ya wis ngrasakake larane kepriye ta,nok? ya kuwi entuk-entukane yen bacah dikandani ora kena, malah nggugu karepe dhewe. Wis ,arep mbok kapakake motormu sing wis ajur kabeh kuwi!” Anik mung meneng, nanging sajroning atine getun. Pesen ing perangan cerita ing dhuwur yaiku… a Seneng ugal-ugalan b Wong nandhur bakal ngundhuh c Alon-alon waton kelakon d Mikul dhuwur mendhem jero e Aja grusa-grusu 32) “Bola-bali olehku kandha. Kowe kudu nyinau paramasastra jawa ta Nduk..!“ Paramasastra kuwi perlu, ora mung urip sing nganggo tatanan karangan ya duwe tatanan. Ukara ya duwe tatanan. Dadine wujud banjur bisa tumata. Paramasastra kuwi perlu” “Sampun Eyang, sampun nate dalem sinau..”” “Disinau njur ditrapake pisan ora kok mung angger diwaca sabrebetan” “Dadosipun mesthi sae inggih Yang ?“ Upamane uwong dadi wong sing ngerti unggah-ungguh kae.” Piwulang kang bisa kapethik saka perangan crita ing ndhuwur yaiku….. a Bocah kudhu sregep sinau b Bocah kudhu duwe tatanan c Bocah kudhu gelem sinau parama sastra d Bocah kudhu gelem sinau basa jawa e Bocah kudhu manut simbahe 33) Dene watake eyang kepriye…..? a Wong kang seneng nesu b Wong kang iseh ngugemi parama sastra lan unggah ungguh basa c Wong kang seneng nggatekake putu d Wong kang sepuh e Wong kang sregep sinau 34) Aku ngguyu mengo nyawang pasuryane. Socane sing saya riyip-riyip tinudung alis putih, rambut putih iki embahku lan krasa bungah aku krungu yen panjenengane wis tahu maos karanganku. Wis saged. maringi panacad. Kepriye watake aku ana crita ing ndhuwur a Wong kang seneng dicacat b Wong kang seneng ngguyu c Wong kang tresna marang simbahe d Wong kang ala atine e Wong kang seneng nulis karangan lan gak nduwe lara ati 35) Ukara ing ndhuwur sing nyengkuyung watake paraga katon ing…. a Ngguyu ,mengo nyawang pasuryane b IKi embahku lan krasa bungah aku krungu yen panjenenganewistau maos karanganku c Wissaget maringi panacad d Socane singwissaya riyip-riyip e Tinudung alis putih, rambute putih. Wacanen crita ing ngisor iki kanthi patitis! (soal no 36-40)Jaka Bodho Jaka Bodho luru kayu menyang alas. Kaya adat sabene, anggone tumandang gawe sinambi rengeng-rengeng. Kaya mengkono mau bisa nuwuhake rasa seneng. Emba kagete Jaka Bodho, bareng meruhi ana wanita ayu kang sumendhe ana sangisore wit gedhe. Wanita ayu kang kaya Dewi Ratih pindhane nuli dicedhaki banjur dibopong ,kagawa bali. Tekan ing ngomah, wanita mau diturokake ing senthong. Wayah surup ibune Jaka Bodho mambu ganda badheg, bareng digoleki tibake gandha mau asale saka awake wanita ayu iku. Ibune Jaka Bodho kandha yen wanita ayu mau wis mati , buktine ganda badheg mau asale saka wanita ayu kuwi. Jaka Bodho age-age mbopong wanita mau banjur dikilekake menyang kali. Pirang pirang ndina udane nggrejeh. Jaka lagi lungguh sapengadhep karo ibune. Sakloron lagi ngoceki tela pohung arep digawe tape. Dumadakan ibune Jaka Bodho ngenthut ambune badheg banget. ”Aduh…Ibukuwismati…ibukuwismati…huuuu.” Jaka Bodho nangis ngguguk banjur mbopong ibune perlune arep dikelikake ing kali, bola-bali ibune oncat supaya dicolake nanging Jaka Bodho malah saya kenceng anggone nyekeli lan saya rikat anggone lumaku. Bareng tekan kali ibune dijorokake ing kali, plung lap. Stleraman ibunewisora katon maneh. 36. Tuduhna yen Jaka Bodho kuwi pancen bodho!
41. Anak polah bapa kepradah. Yen ditulis mawa aksara jawa dadi… a. anakPlhb[pokep]fh b. anakPlhbpkep]fh c. an[kPolhbpkep]fh d. ank\[polhbpkep]fh e. ank\[polhb[pokep]fh 42. Sluman , slumun , slamet. Yen tinulis nganggo aksara jawa yaiku …. a. sÓ|masÓ|munsL[mt\ b. sÓ|mn\[slumun\sLamet\ c. sÓ|man\sÓ|mun\[sl[mt\ d. sÓ|mn\sÓ|mun\sLmet\ e. slumn\sÓ|mun\[sl[mt\43. Sabar subur yen ditulis nganggo aksara jawa ! a.sb/subu/ b.fb/fubu/ c.sbrsubu/ d.fbrfubu/ e.sbrsubu/ 44. Adigang, adigung , adiguna yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku ! a.adig=adigu=adigun b.afig=afigu=afigun c.afigzadigu=adigun d.afig=afiguzadigun e.afig=adigu=afigun 45. je/bsukimw[by, yen tinulis aksara latin …
[fwipujwti ?[fwipujwtiaikuput][nbegwnBgsPti.fsnm[n[fwiset-wti,[fwiset-wtimpnHnpe/tpnH/[gobelh.[fwipujwtifipunF|tG/w[fni=r[f[nNor[somlnF[fosP][msWriai=ngrmnF]k. 46. Irah-irahan wacan ing nduwur yaiku… a. Dewi Punawati b. Dewi Panuwali c. Dewi Pujawati d. Dewi Pojiwati e. Dewi pijuwani 47. Dewi Pujawati kuwi putrane sapa? a. Raden Narasoma b. Raden Janaka c. Bagawan Bagaspati d. Bagawan Abiyasa e. Raden Werkudara 48. Sapa garwane Dewi Pujawati? a. Raden Nakula b. Raden Janaka c. Raden Narasoma d. Raden Puntadewa e. Raden Werkudara 49. Dasanamane Dewi Pujawati yaiku…. a. Dewi Setyawati b. Dewi Banuwati c. Dewi Surtikanti d. Dewi Erawati e. Dewi Arimbi 50. Dewi Pujawati dadi prameswari ono ing nagara…… a. Argabelah b. Mandraka c. Pringgodani d. Mandura e. Madukara II. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi bener! 1. Apa kang sinebut wacana deskripsi? Cethakke ciri-cirine wacan dreskripsi! 2. Gawenen pengalaman pribadhimu sing nyengsemake paling sithik gunggunge telung paragraph (saparagraf kurang luwih limang ukara)! 3. Wacan ing ngisor iki salinen nganggo aksara latin. Sumber ; //ngleluribasajawa.wordpress.com Page 2Video yang berhubungan |