Katilik saking cakepan guru wilangan lan guru lagu pungkasan tembang asmaradana yaiku

MIRENGAKEN TANGGAP  WACANA/KHOTBAH

            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa

Kelas / Semester           : XI / I

Metode                         : Latihan, tanya jawab, ceramah

Waktu                           : 2 x 45 Menit

================================================================

I.          PANUDUH PIWULANG

  1. 1.       Supaya mudheng babagan tanggap wacana lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. 2.       Uga maca Materi Bab MIRENGAKEN TANGGAP WACANA
  3. 3.       Kanggo ngukuhake pemahaman, diprayokakae supaya maca buku referensi liyane.
  4. 4.       Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. 5.       Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. 6.       Rembugen lan konsultasikake karo guru menawa nemoni  reribet.

II.   KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH

Standar Kompetensi                   :

MENDENGARKAN

Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa.

Kompetensi Dasar         :

Mendengarkan sambutan atau khotbah yang disampaikan secara langsung atau rekaman

Indikator                       :

1. Menyebutkan pokok-pokok isi tanggap wacana Peringatan Hari Besar/Perpisahan Kelas XII

2. Merangkum pokok-pokok isi tanggap wcana yang didengarkan  dengan kalimat sendiri

3. Menyampaikan secara lisan  rangkuman pokok-pokok tanggap wacana yang telah ditulisnya dengan menggunakan bahasa krama

4. Menanggapi (isi) tanggap wacana yang disampaikan secara lisan oleh teman sekelasnya

III.  INFORMASI MATERI

Tanggap wacana (sambutan) lan khotbah iku kalebi jinising sesorah utawa medharsabda. Mulane kuwi, syarat, tata cara lan metode kang kagunakake padha karo sesorah. Sing mbedakake among ancas utawa tujuwane. Medharsabda utawa sesorah nduweni tujuwan medharake isining adicara kanthi cetha wela-wela, terang trawaca; dene yen tanggap wacana kalebu jinising sesorah sing medharake atur panuwun lan sebab-sebab adicara kuwi diadani/dianakake. Gampange, tanggap wacana kuwi among nyambut lan ndherekake para panyarta tumuju ing babagan inti/wos kanga rep dirembug. Dene sesorah kuwiwis medharake babagan kang wos utawa inti.

Ing ngisor iki teori babagan sesorah.

A. Werdinipun Sesorah

            Micara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medharsabda yakuwi nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking micara sawenehing wong bias ora lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi singwis limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.

Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda jejibahane. Bias trampil sesorah kuwi kudune sregep sinau lan seneng gladhen.

B. Jinising Sesorah

  1. Sesorah kanthi cara apalan/memoriter

Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-panemu anyarrasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen, bisa njalari kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa bocahh-bocah sing nembe ajar pidhato.

  1. Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip

Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi.  Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tjuan sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara sarasehan utawa temu wicara.

  1. Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu

Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.

  1. Sesorah kanthi cara ekstemporan

Sesorah cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang ana ing sangareping muride.

C.  Cengkorongan Sesorah

1. salam pambuka

2. atur puji syukur marang Pangeran

3. atur kasugengan, kairing atur panuwun

4. wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah

5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhin)

6. panutuping atur/salam

D.  TULADHA TANGGAP WACANA LULUS UJIAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun!

Alhamdulillahirobil’alamin, asholatu wassalu’alal asrofil ambyaaki wal mursaliin sayyiidinaa wa maulana Muhamadin wa ‘ala ‘aalihii washobihi ajma’in. ‘ama ba’du.

Salam kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula-panjenengan sedaya. Amin.

Panjenenganipun Bapak Dwija Linuwih, pangarsanipun pawiyatan SMA Negeri 4 ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;

Bapak/Ibu guru sarta karyawan SMA … ingkang satuhu sinudarsana; sarta para kanca kelas …. Ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, mliginipun nikmat iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah kula sedaya saged makempal – manunggal ing aula SMA N4  kanthi kabagaswarasan lan kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng angga kita sedaya.

Para Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka badal wakil sarta wod lumaraping atur para kanca kelas XII , mboten kesupen ngambali atur sugeng rawuh kairing agunging panuwun, dene sampun kersa angestreni pepanggihan menika.

Kejawi menika, kula ugi ngaturaken panuwun dhateng pangarsa SMA N4 ingkang sampun kersa nampi sarta mangku sadaya sarana, ubarampe tuwin samudayanipun amrih cekapipun pepanggihan menika. Mugi-mugi kesaenaning  penggalih kaparingana nugrahaning Pangeran Ingkang Maha Asih. Kula sakanca nyuwun pangapunten kanthi sanget boten saged nyaosi pinwales menapa-menapa.

Bapak-bapak, Ibu-Ibu Guuru, bapak-Ibu Wali Murid sarta para kanca sedaya, woosing atur kula sedaya kelas XII ngaturaken agunging panuwun ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Rahiim ingkang sampun paring sih pitulungan ngantos para kanca siswa kelas XII ing Ujian nasional sarta Ujian Sekolah wekdal menika saged lulus sarta tamat sedaya. 100%.

Dene ingkang kaping kalih, kula minangka wakilipun para kanca matur nuwun sanget dhumateng para Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun kersa maringi piwucal, kawruh, wewarah, tuwin pitedah ingkang murakabi sanget. Boten langkung kula sakanca nyuwun pangestu mugi-mugi saged ngalengaken sinau ing tataran ingkang langkung inggil kanthi gangsar. Dene ingkang boten nglajeng aken, sageda pikantuk pedamelan laras kaliyan kasagedanipun.

Wondene atur ingkang kaping tiga, kula pitados bilih kula sakanca ruumiyin asring sami nakal, boten nggega dhawuh, nerak angger-anggering sekolahan, lan sanes-sanesipun. Sadaya wau temtu damel runtikipun penggalih. Ingkang menika kula sedaya siswa kelas XII rumaos getun keduwung sanget. Pramila kula sedaya  ngasih-asih nyuwun, mugi-mugi para Bapak/Ibu Guru kersa paring bedhahing tambak samodra pangaksama.

Para Bapak/Ibu Guru, Bapak/Ibu  Wali Murid, sarta para kanca sedaya, mekaten atur kula. Bokbilih wonten kirang sarta kalepatanipun kula pribadhi nyuwun lumunturing sih pangaksama.

Akhirul kalam, Wabilahiitaufiq wal hidayah… Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Nuwun!

IV. PENDALAMAN MATERI

A.  Tutupen buku/modulmu

  •  Tuladha tanggap wacana ing ndhuwur kudune diwaca  dening salah sijining kancamu (utawa gurumu) kanthi patitis, banjur semaken!
  • Garapen pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Sing rawuh ana acara syukuran kalulusane kelas XII kuwi antarane ing ngisor iki kajaba …

  1. Pangarsa SMA
  2. ParaGuru
  3. ParaKaryawan
  4. Paraalumni
  5. Parawali murid

2.  Bapak Dwija Linuwih kuwi ngasta dadi … SMA N4.

Tembung kang trep kanggo ngisi ukara gothang ing ndhuwur yakuwi ..

  1. Pangarsa
  2. Guru
  3. Karyawan
  4. Pustakawan
  5. Wali murid

3. Wosing atur wakil saka kelas XII kabeber ana ngisor iki kajaba …

  1. Agunging panuwun ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Rahim
  2. Matur nuwun dhumateng para dwija
  3. Nyuwun pangestu saking para dwija
  4. Nyuwun pangapunten awit ndamel runtiking penggalih
  5. Nyuwun sami angestreni menawi ketampi wonten perguruan tinggi

4. Inti utawa wosing atur wakil siswa XII cacahe ana …paragraph.

a.  2                  b.  3                  c.  4                  d.  5                  e. 6

5.  Kenangapa atur wakil saka kelas XII ngaturake agunging panuwun ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Rahim?

  1. Jalaran diparingi karaharjan lan kasugengan
  2. Jalaran diparingi sih pitulungan kanthi lulus lan tamat 100%
  3. Jalaran diparingi  piwucal, wewarah lan seserapan
  4. Jalaran diparingi pitedah ingkang sanget murakabi
  5. Diparingi saged nglajengaken wonten tataran ingkang inggil

6.  Ing ngisor sebab-sebab  atur wakil saka kelas XII  matur nuwun dhumateng para dwija, kajaba …

  1. Kersa maringi piwucal
  2. Kersa maringi wewarah
  3. Kersa maringi pitedah
  4. Kersa maringi ilmu kang murakabi
  5. Kersa maringi idin ing pawiyatan sainggilipun

7. Ing ngisor iki sebab-sebab atur wakil kelas XII nyuwun pangapura , kajaba …

  1. Asring nakal
  2. Ora ngguugu dhawuh
  3. Nerak angger-angger sekolah
  4. Nerak pager sekolah
  5. Ora nggugu pangandikan

8. Ing ngisor iki sing kalebu atur kasugengan kairing atur panuwun.

  1. Salam kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula-panjenengan sedaya. Amin.
  2. Panjenenganipun Bapak Dwija Linuwih, pangarsanipun pawiyatan SMA Negeri 4 ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;
  3. Bapak/Ibu guru sarta karyawan SMA … ingkang satuhu sinudarsana; sarta para kanca kelas …. Ingkang kula tresnani.
  4. Langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, mliginipun nikmat iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah kula sedaya saged makempal – manunggal ing aula SMA N4  kanthi kabagaswarasan lan kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng angga kita sedaya.
  5. Para Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka badal wakil sarta wod lumaraping atur para kanca kelas XII , mboten kesupen ngambali atur sugeng rawuh kairing agunging panuwun, dene sampun kersa angestreni pepanggihan menika.

9. Dene sing kalebu ngaturake puji syukur marang pangeran yaiku …

  1. Salam kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula-panjenengan sedaya. Amin.
  2. Panjenenganipun Bapak Dwija Linuwih, pangarsanipun pawiyatan SMA Negeri 4 ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;
  3. Bapak/Ibu guru sarta karyawan SMA … ingkang satuhu sinudarsana; sarta para kanca kelas …. Ingkang kula tresnani.
  4. Langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, mliginipun nikmat iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah kula sedaya saged makempal – manunggal ing aula SMA N4  kanthi kabagaswarasan lan kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng angga kita sedaya.
  5. Para Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka badal wakil sarta wod lumaraping atur para kanca kelas XII , mboten kesupen ngambali atur sugeng rawuh kairing agunging panuwun, dene sampun kersa angestreni pepanggihan menika.

10. Sing kalebu paragraph kangwismeh mlebu marang wos utawa intining atur yakuwi …

  1. Salam kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula-panjenengan sedaya. Amin.
  2. Panjenenganipun Bapak Dwija Linuwih, pangarsanipun pawiyatan SMA Negeri 4 ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;
  3. Bapak/Ibu guru sarta karyawan SMA … ingkang satuhu sinudarsana; sarta para kanca kelas …. Ingkang kula tresnani.
  4. Langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, mliginipun nikmat iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah kula sedaya saged makempal – manunggal ing aula SMA N4  kanthi kabagaswarasan lan kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng angga kita sedaya.
  5. Para Bapak, Ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka badal wakil sarta wod lumaraping atur para kanca kelas XII , mboten kesupen ngambali atur sugeng rawuh kairing agunging panuwun, dene sampun kersa angestreni pepanggihan menika.

B.  Tanggap wacana mengeti Nuzulul Quran  ing ngisor iki (bisa diwaca dening salah sijing kancamu utawa diwaos dening gurumu! Semaken, banjur pitakonan-pitakonann ing ngisore wangsulana!

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun!

Alhamdulillahirobil’alamin, asholatu wassalu’alal asrofil ambyaaki wal mursaliin sayyiidinaa wa maulana Muhamadin wa ‘ala ‘aalihii washobihi ajma’in. ‘ama ba’du.

Salam kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula-panjenengan sedaya. Amin.

Langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng paring barakah, hidayah, saha inayah-Ipun sarta sih nugraha pangayoman, saengga kula panjenengan saged nglempak ing papan menika, saperlu ngawontenaken pengetan dintten agung Nuzulul Qur’an sesarengan.

Sanggyaning ja maah rakhimakumullah ingkang kebak rahmating Allah,

Ing dinten menika surya kaping 17 Ramadhan 1444 Hijriyah kula lan panjenengan sedaya ngawontenaken pengetan Nuzulul Qur’an inggih menika tumurunipun ayat-ayat suci Al Qur’an ingkang kawahyokaken dhumateng Kanjeng Nabi agung junjungan kula panjenengan, nabi Muhammad SAW, ingkang kadadosan saking 30 juz, 114 surat lan kaprinci dados 6666 ayat.

Salajengipun, kula ngaturaken panuwun dhumateng kaum muslimin lan muslimat ing wilayah padhukuhan ngriki, ingkang sampun paring pambiyantu awujud menapa kemawon ingkang loyogipun kangge nyekapaken sedaya kabetahan pengetan menika, mugi sedaya amal kesaenan tinampi Allah SWt lan pikantuk lelintu ganjaran ingkang murwat. Amin.

Ugi dipunaturaken agenging panuwun wonten ngarsanipun BApak Al Mukaram KH Dimyati sakingBogoringkang ing samangke badhe paring pangaosan Nuzulul Qur’an, mugi saged nambahi kandeling iman lan taqwa kula sarta panjenengan sedaya. Amin.

Pengetan dinten ageng menika, sayektosipun sampun karancang, karacik tharik-tharik amrih rancag, sae saha maremaken sedayanipun. Nanging sedaya wau inggih kapurba saking cubluking para sanak kadang kalebet kula piyambak, saha kiranging seserepan, pramila kapeksa kthah cecer cewet ing samudayanipun. Pramila saking menika,sedaya kekirangan sarta kalepatan kula sedaya, awit saking namaning panawung kridha (panitia) tansah nyuwun agenging pangapunten.

Kantos waosan Bismillahirohman Nirrohiim adicara menika kawiwitan.

Kula pribadhi, sedaya lepat saha kasaring atur naming tansah nyuwun pangapunten.

Akhirul kalam Wabilahi Taufiq wal Hidayah wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Jangkepana  kolom –kolom ing ngisor iki!

Cengkorongan

Pararagraf

  1. atur puji syukur marang Pangeran
  1. atur kasugengan, kairing atur panuwun
  1. wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
  1. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhin)
  2. panutuping atur/salam

Paragraph

Pitakonan

Wangsulan

Ing dinten menika surya kaping 17 Ramadhan 1444 Hijriyah kula lan panjenengan sedaya ngawontenaken pengetan Nuzulul Qur’an inggih menika tumurunipun ayat-ayat suci Al Qur’an ingkang kawahyokaken dhumateng Kanjeng Nabi agung junjungan kula panjenengan, nabi Muhammad SAW, ingkang kadadosan saking 30 juz, 114 surat lan kaprinci dados 6666 ayat. 1. Kapan pengetan Nuzulul Qur’an kuwi diadani?

2.

1.

2.

Ugi dipunaturaken agenging panuwun wonten ngarsanipun BApak Al Mukaram KH Dimyati sakingBogoringkang ing samangke badhe paring pangaosan Nuzulul Qur’an, mugi saged nambahi kandeling iman lan taqwa kula sarta panjenengan sedaya. Amin. 1. _______________________

__________________________

Pengetan dinten ageng menika, sayektosipun sampun karancang, karacik tharik-tharik amrih rancag, sae saha maremaken sedayanipun. Nanging sedaya wau inggih kapurba saking cubluking para sanak kadang kalebet kula piyambak, saha kiranging seserepan, pramila kapeksa kthah cecer cewet ing samudayanipun. Pramila saking menika,sedaya kekirangan sarta kalepatan kula sedaya, awit saking namaning panawung kridha (panitia) tansah nyuwun agenging pangapunten.

V. TUGAS

1. Gawea tanggap wacana kanthi topic-topik ing ngisor iki!

  • Mengeti dina pahargyan kamardikan kaping 66 RepublikIndonesia
  • Pengetan Isro Mi’roj
  • Pengetan dina Pendidikan
  • Pengetan Hari Ibu
  • Pengetan Maulud Nabi

NYEMAK WAWANCARA

            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa

Kelas / Semester           : XI / I

Metode                         : Latihan, tanya jawab, ceramah

Waktu                           : 2 x 45 Menit

================================================================

I.          PANUDUH PIWULANG

  1. 1.       Supaya mudheng babagan wawancara lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. 2.       Uga maca Materi Bab NYEMAK  WAWANCARA
  3. 3.       Kanggo ngukuhake pemahaman, diprayokakae supaya maca buku referensi liyane.
  4. 4.       Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. 5.       Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. 6.       Rembugen lan konsultasikake karo guru menawa nemoni  reribet.

II.   KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH

Standar Kompetensi                   :

MENDENGARKAN

Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa.

Kompetensi Dasar         :

Mendengarkan wawancara

Indikator                       :

1. Menyebutkan pokok-pokok isi wawancara

2. Merangkum pokok-pokok isi wawancara dengan kalimat sendiri

3. menyampaikan secara    lisan  pokok-pokok isi wawancara yang telah ditulisnya dengan menggunakan bahasa karma

4. menanggapi (isi) isi wawancara yang   disampaikan secara lisan oleh teman sekelasnya

III.        INFORMASI MATERI

A. NYEMAK WAWANCARA

Nyemak wawancara kuwi salah sawijining jinis nyimak sing kudune diduweni para siswa ana sajroning piwulangan basa Jawa. Piwulangan nyemak iki nduweni tujuan nglatih “kepekaan” murid sajroningnampautawa nggoleki informasi. Informasi kasebut digunakake kanggo nyengkuyung ketrampilan migunakake basa liyane kayata wicara lan nulis.

Piwulangan nyemak wawancara bisa dilakokake kanthi maneka cara lan teknik penyajian. Kayata, nyemak langsung utawa nyemak nganggo piranti rekaman saka kaset / video.

Ing ngisor iki diwenehi tuladha salah sijining teknik piwulangan nyemak wawancara kanthi kegiyatan ing ngisor iki.

1.  Nyemak wawancara lan nyathet bab kang wigati tur mranani ati.

Topik ana sajroning wawancara mesthi beda-beda. Bab kuwi gumantung saka apa kang dibutuhake piyayi sing wawancara lan sing nyemak. Wawancara bisa merak ati menawa si penyemak mirasa topike aktual lan dibutuhake.

Tuladha format sing bisa digunakake nyemak.

2.  Nggawe dudutan bab-bab kang wigati lan merak ati.

Sakwise ditemokake informasi sing wigati lan merak ati, banjur para siswa didhawuhi nggawe kelompok lan ndiskusikake bab-bab penting lan merak ati sing ana sajroning wawancara mau. Gatekno lan waspadakno bab kang wigati lan merak ati mau wiwit saka pambukaning wawancara tumekaning pungkasaning wawancara. Sakwise rampung, saben-saben wakil saka kelompok nglaporake asile, kelompok liyane menehi tanggapan. Kanthi dhasar tanggapan kasebut owahane hasil kerja kelompok dadi luwih becik.

3.   Nggawe dudutan  isi wawancara

Saka informasi sing wigati tur merak ati mau, saben-saben siswa nggawe kasimpulan / dudutan saka hasile wawancara mau. Carane kanthi ngrembakakake bab-bab kang wigati singwisdicathet para siswa kanthi migunakake tandha hubung/sambung sing gumathok. Cekak-aose, dudutan kuwi ditulis kayadeene ngarang gancaran (prosa) ora awujud pitakonan-pitakonan maneh. Sakwise rampung, garapane para siswa diijolake karo kancane.

Tlitinen hasil garapan  kancamu kanthi migatekake isi, cara nggunakake ukara, tandha wacan lan ejaan, sarta pase nggawe kasimpulan / dudutan. Sakwise kuwi hasil singwisditliti kuwi dilaporake lan ditanggapi.

Adhedasar asile koreksian kancamu, dandani  dudutanmu kanthi format ing ngisor iki !

IV.        PENDALAMAN MATERI

Ing ngisor iki ana tuladha wawancara sing bisa disimak. Salah sawijining

B.  TULADHA NYEMAK WAWANCARA

Ing ngisor iki ana tuladha nyemak

NASIBE SENI  TRADHISIONAL KANG MRIHATINAKE

Siswa   : Sugeng siang, Bu? Kula Gisellya wakil saking kelas XI IPA 1 badhe nyuwun wekdal Ibu kangge wawancara minangka syarat njangkepi tugas piwulangan Basa Jawa. Saged nggih, Bu?

Guru     : Bisa wae.

Siswa   : Ngaten, Bu. Kados pundi nasibipun seni tradisional samangke?

Guru     : Wah, mrihatinake banget. Sebab para mudha saiki akeh sing ninggalake seni tradhisional mau. Malah akeh sing wis ora ngerti bbabar pisan. Mbok menawa luwih kepencut lan nengenake seni barat.

Siswa   : Kenging menapa kok saged kedadosan makaten, Bu?

Guru     : Mesthine ya akeh sebabe. Salah sijine miturut analisise Ibu, para mudha saiki kepingin banget diarani modern, ora kettinggalan zaman, terus mbudidaya bisa nguwasani seni barat. Ning ya kuwi banjur ninggal seni tradisional. Jalaran diarani wis kuno, ndeso, ora njamani, lan liya-liyane.

Siswa   : Lajeng kados pundi ngrembakaken malih seni tradisional menika, Bu?

Guru     : Ya macem-macem carane. Sering nonton seni tradisional, ajar seni tradisional, lan piwulangan basa jawa kuwi kalebu salah sijining cara nglesterake seni lan budaya Jawa.

Siswa   : Lajeng menawi wonten sekolah mriki, menapa ingkang sampun katindakaken pihak sekolah gegayutan kaliyan nglestarekaken budaya Jawa?

Guru     : Lo, kowe kuwi kepiye, visi misine sekolah iki rak babagan budaya ta? Eling apa ora? Terciptanya insan relegius yang berjiwa nasionalis yang unggul dalam prestasi dan luhur budi berwawasan global. Tegese, sekolahe awake dhewe iki mbudidaya tansah antuk prestasi, utamane babagan seni. Jalaran menawa nggayuh prestasi akademik ora kaconggah, ya terus nguber prestasi  babagan seni. Malah  SMA-ne dhewe iki nduweni sebutan utawa paraban mirunggan lho. Sebagai sekolah pewaris budaya. Apa ora hebat?

Siswa   : Kok saged makaten, Bu?

Guru     : La, iya, ta? Amarga sekolahe dhewe kuwi, nduweni kethoprak, wayang wong, seni teater, trampil nari, pokoke sing magepokan karo seni tradisional.

Siswa   : Ooo inggih, Bu. Kula nembe nggagas babagan menika.  Menawi umpaminipun seni-seni menika saged tansah dipun leluri mangke rak sae, nggih, Bu? Lajeng ngaten lo, Bu. Miturut Ibu, kanthi ngleluri budaya lan seni tradhisional Jawa menika menapa wonten paedahipun?

Guru     : Akeh banget, ta, Nok. Apa kowe ora tau krungu negara yang berbudaya itu dapat dilihat dari kesenian yang dimilikinya.

Siswa   : Ngaten, nggih, Bu? Matur nuwun sanget, nggih, Bu, wekdalipun. Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Guruu   : Wa ’alaikum Salam Wr. Wb.

C. Paragakake wawancara ing ndhuwur. Liyane nyemak kanthi permati. Banjur isenana format wawancara ing ngisor iki!

IV. PENDALAMAN MATERI

I.  Wenehana tandha ping  ing aksara a,b,c,d, utawa e ana wangsulan sing paling  

bener!

1.  Tujuane nyemak ana sajroning piwulangan basa Jawa yaiku ………….

  1. Amrih bocah dadi pinter
  2. Nglatih kepekaan siswa nggoleki informasi
  3. Ngundhakake kawigatane siswa
  4. Nyinaoni ketrampilan nulis lan maca
  5. Dhasari ketrampilan migunakake basa

2.  Ana wawancara ing ndhuwur topik sing dirembung kuwi babagan …….

  1. CTL ing ndonyaning pendhidhikan
  2. Kawruh / ilmu langkung penting
  3. Pasinaonan kanthi ngetrapake kawruh
  4. Piwulangan sing musatake ana urip / bebrayan
  5. Metode inkuiri lan unsur intrinsik

3.  Ing ngisor iki unsur-unsure CTL, kajaba ….

  1. Inquiri                b. Teknik bertanya         c. Penilaian autentik         d. Modeling     e. Diskusi

4.  Ing ngisor iki tegese pengajaran Kontekstual …..

  1. Sawijining pengajaran sing nggiatake, njembarake, lan ngetrapake kawruh lan ketrampilan akademis ana bebrayan saben dinane.
  2. Pasinaonan sing ana gegayutane kalawan pengalaman sing dilakoni para siswa.
  3. Pengalaman sing ditrapake siswa ana sajroning pasinaonan.
  4. Pasinaonan sing musatake ana siswa, bebrayan nyata, lan ngetrapake kawruh basa.
  5. Pasinaonan sing mentingake migunakake basa, dudu kawruh basa.

5.  Dhasare ana penilaian autentik yaiku , kajaba ….

  1. Tugas-tugas sing Konstekstual lan relevan
  2. Tugas-tugas sing akeh cacahe
  3. Ngetrapake kawruh lan ketrampilan
  4. Ananing pengetrapan kawruh basa saban dinane
  5. Proses lan produk bisa diukur.

V.  TUGAS

A. Ing njaba kelas

I.  Golekana naskah  wawancara ana kalawarti / ariwarti banjur templekno ana kertas HVS. Sakwise kuwi isenana format ing ngisor iki !

1.         tema / Topik                  : ………………………………………………………..

2.         Nara Sumber                 : ………………………………………………………..

3.         Pewawancara    : ………………………………………………………..

4.         Isi Wawancara   :

a) Pambuka                   : …………………………………………………………

b) Isi                             : …………………………………………………………

c) Panutup                    : …………………………………………………………

5. Kasimpulan               : …………………………………………………………

II.   Semaken wawancara ana tv (bisa acara formal utawa – hiburan) banjur isenana format ing ngisor iki !

1.         tema / Topik                  : ………………………………………………………..

2.         Nara Sumber                 : ………………………………………………………..

3.         Pewawancara    : ………………………………………………………..

4.         Waktu tayang (hari, tanggal, jam)            :

5.         Isi Wawancara   :

a) Pambuka                   : …………………………………………………………

b) Isi                             : …………………………………………………………

c) Panutup                    : …………………………………………………………

6 . Kasimpulan/dudutan  : …………………………………………………………

MAOS INTENSIF

PARAGRAF DEDUKTIF LAN INDUKTIF

            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa

Kelas / Semester           : XI / I

Metode                         : Latihan, tanya jawab, ceramah, diskusi

Waktu                           : 2 x 45 Menit

================================================================

I.          PANUDUH PIWULANG

  1. Supaya paham babagan paragraf deduktif-induktif lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab MAOS INTENSIF PARAGRAF DEDUKTIF LAN INDUKTIF.
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, diprayokake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Rembugen lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.

II.         KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH

Standar  Kompetensi      :

4. MENULIS

Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.

3. MEMBACA

Mampu membaca dan memahami  bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca.

Kompetensi Dasar                     :

4.1 Menulis ringkasan wacana nonsastra tentang budaya jawa

3.1 Membaca pemahaman paragraf berdasarkan letak kalimat utama.

Indikator                                   :

  1. Menjelaskan jenis-jenis paragraph berdasarkan letak kalimat utamanya
  2. Menentukan tema/topic paragraph yang dibacanya
  3. Menentukan gagasan pokok paragraph yang dibacanya
  4. Menentukan  kalimat utama pada paragraph yang disajikan
  5. Membuat paragraph dengan kalimat utama di awal atau di akhir atau di awal sekaligus di akhir paragraph

6.   Menyunting paragraph yang ditulis teman

III.        INFORMASI MATERI

PARAGRAF

            Nggawe sawijining paragraf kalebu ana sajroning ketrampilan nulis. Ketrampilan iki ora saben wong nduwe. Muula gladhen nulis paragraph diperlokake banget. Ketrampilan nyusun ukara siji lan sijine saingga nduweni teges kang gumathok ora teka ngono wae. Ananging kabeh kudu disinaoni, tanpa digladhi lan disinau mesthi wae ketrampilan nulis ora bakal kaconggah.  Mula  saka kuwi,, gladhen kang ora kendhat nggawe paragraf iki bisa nggladhi ketrampilan nguwasani nulis paragraf.

Sawijining paragraf biasane kedadeyan saka loro utawa luwih ukara. Ukara –ukara ana sajroning paragraf kudune sambung-sinambung antaraning ukara siji lan sijine. Ukara-ukara sing dumadi nyengkuyung sawijining tema / topik.

Tema / topik panggonane ana sajroning ukara pokok Dene ukara-ukara liyane nduweni sifat njelasake/mbeberake ukara pokok. Ukara sing ngandhut gagasan pokok dijenengake ukara  pokok, dene ukara sing ngemot gagasan panjelas diarani ukara panjelas.

Wujuding paragraf ditilik saka panggonane ukara pokok ana papat yaiku :

1.  Paragraf Deduktif

Paragraf sing ukara pokoke ana ngarepan diarani paragraf deduktif. Paragraf jinis iki paling gampang digawe. Ana sajroning bagan paragraf deduktif digambarake kaya ing ngisor iki !

                                                       K  u   /   u    P
      K P1  / U  Pj1
                            K P2  / U  Pj2
                                                 K  P 3   / U  Pj 3
                                                                           K P 4  /  U  Pj4
                                                                                                      K  P 5   / U Pj 5

Ketrangan : K u  /  Up    : Kalimat utama / Ukara pokok

Kp  /  Upj : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas

Tuladha :

Kasus lolose Gayus Tambunan njalari jagading negara hukum, dadi horeg kena ketaman lindhu. Tumrap kalangan kepolisian , muncule kedadeyan mau rinasa mujudake ”samplukan” kang nglarakake ati lan nyuremake rai. Gayus Tambunan dhewe, sabubare nyatakake rasa getune ing sajroning sidhang, kanthi cekak aos ngakoni, untuk tidak memperpanjang polemik, yang ada di Bali itu betul saya.” Kasus kasebut bisa gawe bureme citra hukum Indonesia, lan saya nuwuhake kesan ora enak, kaya-kaya Indonesia bisa keblegong ing penganggep: negara hukum kang dihukum.

Jaya Baya, 13 Minggu IV November 2010

Ukara pokok paragraf ing ndhuwur, Kasus lolose Gayus Tambunan njalari jagading negara hukum, dadi horeg kena ketaman lindhu.  Dene ukara candhake arupa ukara panjelas. Ukara-ukara panjelas kuwi nyengkuyung ukara pokok.

2.  Paragraf Induktif

Paragraf jinis iki walikane paragraf deduktif. Ukara pokoke ana ing pungkasaning paragraf. Ukarane diwiwite saka bab-bab sing asipat miligi tumuju bab kang asipat rowa/umum utawa klimaks, yaiku generalisasi. Nggawe paragraf jinis iki rada kangelan, nanging cocok tur mathuk kanggo nulis prosa argumentasi. Salah sijining ciri paragraf induktif ana tembung-tembung tertemtu sing awujud dudutan. Tuladha: dadi, mula saka kuwi.

Yen dibaganeke, paragraf induktif kaya ing ngisor iki !

                             K  p1   /   u    Pj1
      K P2 / U  Pj2
                            K P3  / U  Pj3
                                                 K  P 4   / U  Pj 4
                                                                           K P 5  /  U  P5
                                                                                                      K  P 6   / U P 6
                  KU / Up

Ketrangan : K u  /  Up    : Kalimat utama / Ukara pokok

Kp  /  Upj : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas

Tuladha :

Sawetara wektu kepungkur iya ana lakon kang akeh irip-empere karo kedadeyan ing ndhuwur. Malah ana kang nganggep luwih ngisin-isini! Yaiku, ana sel ing rutan khusus wanita, kang dening kang ngenggoni disulap dadi … panggung karaoke. Bisa kadadeyan kaya mangkono klawan aman-aman ing satengahing rutan kang jinaga kuwat lan rapet! Sebabe apa ora jalaran … dhuwit? Isih ana bae oknum petugas kang doyan dhuwit! Isih ana pager mangan tanduran, ngono paribasana!

Jaya Baya, 13 Minggu IV November 2010

Ukara pokok paragraf ing ndhuwur yaiku Isih ana pager mangan tanduran, ngono paribasana!

3.  Paragraf repetitif

Paragraf sing ukara pokoke ana ngarep dalah ana pungkasaning paragraf diarani paragraf repetitif. Ukara pokoke ana ing ngarep banjur dibaleni ana ing mburi minangka dudutan/kasimpulan. Gagasan pokok diwujudake ana rong ukara, sing kalorone ukara mau meh memper, ananging ora padha persis. Paragraf jinis iki ana sing ngarani paragraf deduktif-induktif.

Yen digambarake kanthi bagan, kaya ing ngisor iki !

                                                       K  u   /   u    P
      K P1  / U  Pj1
                            K P2  / U  Pj2
                                                 K  P 3   / U  Pj 3
                                                                           K u  /  U  P

Ketrangan : K u  /  Up    : Kalimat utama / Ukara pokok

Kp  /  Up  : Kalimat Penjelas / Ukara panjelas

Tuladha:

Dudutaning pangerti saka crita ing ngarep, samestine yen ing lapas utawa rutan, dianani aturan keras –ing bab wayah tangi, wayah turu, wayah ados, lan ransom, sarta mangane pisan. Kabeh pesakitan ing rutan utawa lapas kudu disiplin , anut aturan, adil ing pandum murih nuwuhake kesan saya kuwat: tumindak adil tumrap kabeh pesakitan,, gak perduli kang sugih, utawa kang uripe kkekurangan ing sanjabaning pakunjaran. Lan kang luwih wigati maneh, kanggo nguwatake unsure kapok mbaleni tumindak korupsi lan sabangsane. Mula pranatan kang keras mau kudu diterapake kanthi samesthine.

  Jaya Baya, 13 Minggu IV November 2010

4.  Paragraf Deskriptif

Ukara pokok paragraf deskriptif ditemokake ana sakabehing perangan paragraf. Dadi, saben ukara sing nyengkuyung dumadine paragraf diarani ukara pokok. Sakabehing ukara sing ana nduweni kawigaten kang padha, kanthi bebarengan nyawiji dadi siji paragraf kang gemolong.

Paragraf deskriptif akeh banget dianggo ana sajroning prosa narasi.  Mula saka kuwi, paragraf deskriptif uga diarani paragraf naratif. Tuladhane paragraf deskripti kayadene cerkak, novel lan sapiturute.

Bagan paragraf deskriptif.

                                         K  u   /   u    P
                       K u  /  u P
                                     K  u   /   u    P
                                                            K  u   /   u    P

Tuladha :

Pandhu ngungun. Mentale rubuh. Dheleg-dheleg ana ngomah. Ora wani metu. Ora wani nyang kantor desa. Semono uga Marsiti. Dheweke rumangsa isin, wirang. Sing tumindhak luput. Pandhu, kang nampa akibate wongng saomah. Nastiti malah nganti emoh sekolah. Patrape sing kaya

IV.        PENDALAMAN MATERI

a. Wenehana tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c, d, utawa e ana wangsulan kang bener!

Paragraf ing ngisor iki wacanen  kanthi patitis!

Pasar Beringharjo Yogyakarta, kang saiki minangka pasar paling gedhe ing tlatah Yogyakarta bisa dikandhakake ora mung sekadar pasar (1). Amarga pasar kang mapan ing punjering kutha Yogyakarta iku dadi sawijining papan kang penting tumraping kelengkapan sawijining kutha tradisional Jawa kang nduweni corak minangka kutha raja (2). Sawijining kutha raja zaman semana kudu lengkap menawa ana kraton, alun-alun, pasar lan masjid agung (3). Ngasi tumekaning saiki pasar Beringharjo tetep nduweni teges mirunggan tumraping ngrembakaning perekonomian kutha Yogyakarta (4).  Pemprov Yogyakarta tansah ngupadi amrih lestarine Pasar Beringharjo.

1. Ukara pokok paragraph ing ndhuwur ana ing nomer ….

a.  1            b.  2                  c.  3                  d. 4                   e.5

2.  Topik paragraph ing ndhuwur yaiku …

  1. Teges-pentinge Pasar Beringharjo
  2. Pasar Beringharjo ora muung sekadar pasar
  3. Pasar ing punjeraning kutha
  4. Pasar Beringharjo pasar kutharaja
  5. Pemprov Yogyakarta ngupaya lestarine Pasar Beringharjo

3.  paragraph ing ndhuwur katilik saka papane ukara pokok diarani …

  1. Deduktif
  2. Induktiif
  3. Repetitif
  4. naratif
  5. deskriptif

Wacanen paragraf ing ngisor iki!

Ing kabudayan Jawa tembung bagus biasane digunakake dadi sesebutan putra kang durung palakrama utawa kang yuswane isih timur. Wondene kusuma kang jarwane sekar utawa kembang kanggo nyebut trahing ngawirya. Kacetha ing unen-unen trahing kusuma rembesing madu .sing tegese keturunan wong kang nduweni drajat kang dhuwur utawa tedhak turune ngaluhur.   Dadi, Bagus kusuma wujud asma sesilih putra klebu trahing ngawirya utawa putra sentana kang durung palakrama utawa kang yuswane isih timur.

4.  Papan dununge ukara pokok paragraph ing ndhuwur ana ukara nomer ….

a.  1            b.  2                  c.  3                  d.  4                  e.  5

5.  Miturut papane ukara pokok, paragraph ing ndhuwur diarani ….

  1. Deduktif
  2. Induktiif
  3. Repetitif
  4. naratif
  5. deskriptif

5.  Ing ngisor iki tembung kang nduweni teges enom utawa mudha .

  1. palakrama
  2. timur
  3. sekar
  4. ngawirya
  5. yuswa

6. Dene  tembung kang nduweni teges luhur yakuwi.. .

  1. palakrama
  2. timur
  3. sekar
  4. ngawirya
  5. yuswa

7. Tembung kang nduweni teges kawin/nikah  yakuwi ….

  1. palakrama
  2. timur
  3. sekar
  4. ngawirya
  5. yuswa

8.   Wondene lampahan Sengkuni Wuyung wujud pasember marang sawijining trahing ngawirya kang wuyung marang pulung ratu kayadene Sengkuni wuyung marang Kunthi Talibrata kang ing tembe dadi jatu kramane Pandhu Dewanata. Sejatine sapa wae kena wuyung marang pulung ratu, ananging yen dudu pepesthening urip dhuweke, ya ora bakal bisa nggayuh, senadyan ditohi pati pisan. Lire lampahan iki dadi pepeling, menawa jejer ratu mono klebu pepesthening urip. Tegese trahing ngawirya kang pantes jumeneng nata wiwit laire wis ginaris dening Gusti Kang Akarya Jagad. Pinilih dadi ratu nerusake keprabon.

Paragraph ing ndhuwur miturut papane ukara pokok diarani paragraph ….

  1. Deduktif
  2. Induktiif
  3. Repetitif
  4. naratif
  5. deskriptif

9.  Ukara kang ngemot gagasan pokok ana sajroning paragraf diarani ….

  1. Ukara panjelas
  2.  Ukara pokok
  3.  Ukara panerang
  4. Ukara pisanan
  5.  Ukara deduktif

10.  Ana sajroning paragraf gagasan pokok sing kudu diduweni cacahe …..

a.  1            b. 2                   c. 3                   d. 4                   e. 5

11.  Gatekna paragraf ing ngisor iki !

1)       Sarana akal banjur bisa polah golek butuh sing bisa diolah.

2)       Bisa uga pangunen-unen sing mangkono kuwi sing didekake lelandhesan dening Lucas  Sumarno

3)       Yaiku ngluru pangan / panguripan sarana golek ula.

4)       Pawongan sing lair 19 Agustus 1959, manggon ing jalan Sabdo Palon Gang Sempiyt nomer 6 Winongo Madiun njlentrehake, panguripan golek ula kuwiwisdiwiwiti taun 1975.

5)       Kanthi  golek ula kasebut, kabutuhan sandhang, pangan lan papan Lucas sakeluwarga bisa dicukupi.

Ukara pokok paragraf ing ndhuwur ana ukara nomer …..

a. 1 lan 2                 b. 1 lan 3           c. 1 lan 4                       d. 1 lan 5           e. 2 lan 5

12.   Ditonton saka papan panggonane ukara pokok paragraf ing ndhuwur diarani ….

a. deduktif   b. induktif                      c. repetitif          d. deskriptif       e. naratif

13.  Ukara panjelas paragraf ing ndhuwur kedadeyan saka ukara …..

a. 1             b. 2                   c. 3                   d. 4                   e. 5

14. Paragraf ing ngisor iki gatekno !

1)       Aja-aja mengko sing diundang ya utusan-utusan ing telung dhaerah iku.

2)       Kamangka wong Jawa ikuwisanjrah sumebar ing saindenging propinsi ingIndonesia.

3)       Kapara saindenging negara ing donya iki mesthi ana wong Jawa kang dedunung ing kono utamaneMalaysia,Suriname, Caledonia Baru.

4)       Malah ingSurinameana lembaga khusus pelestarian Bahasa Jawa.

5)       Usule panulis kabeh ingIndonesiakudu ana utusane, ora ketang kanggo penggembira lan ragat dhewe-dhewe.

Ukara pokok paragraf ing ndhuwur ana ukara nomer….

a. 1  b. 2                   c. 3                   d. 4                   e. 5

15.  Gagasan pokok paragraf ing ndhuwur dumunung ana ukara nomer …

a. 1  b. 2                   c. 3                   d. 4                   e. 5

16.  Ditonton saka dumununge ukara pokok, paragraf kasebut diarani …..

a. deduktif    b. induktif                      c. repetitif          d. deskriptif       e. naratif

17.  Ukara panjelas paragraf ing ndhuwur kedadeyan saka  ….. ukara

a. 1  b. 2                   c. 3                   d. 4                   e. 5

18. Tuladhane paragraf deskriptif ana ing sajroning ……..kajaba…

a. cerkak

b. dongeng

c. crita rakyat

d. novel

e. karya ilmiah

II.Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Jelasake apa bedane paragraf deduktif lan paragraf induktif !

Wangsulan : ……………………………………………………………………….

……………………………………………………………………………………….

2. Apa sing dikarepake paragraf repetitif ?

Wangsulan : ……………………………………………………………………….

……………………………………………………………………………………….

3. Gawea paragraf deduktif kanthi ukara pokok kadurjanan ana ing negara Indonesia wis kebangeten cacahe!

Wangsulan : ……………………………………………………………………….

……………………………………………………………………………………….

  1. 3.  Gawea paragraf naratif kang nyritakake babagan nalikaning katresnan kuwi teka!

Wangsulan : ……………………………………………………………………….

……………………………………………………………………………………….

4. Gawea sawijining paragraf induktif kanthi ukara pokok ing ngisor iki !

“Mula saka kuwi Basa Jawa kudu dilestarekake”

Wangsulan : ……………………………………………………………………….

……………………………………………………………………………………….

V.  TUGAS

Wacanen wacana ing ngisor iki, banjur garapen pitakonan kang sumadya!

Suk KApan Gilirane Koran Basa Daerah?

Maca warta ngenani bab pangaji-ajikanggone Koran basaIndonesia, jejer dadi sutresna basa daerah, njur tuwuh pitakonku, “ Yen Pusat Bahasawislimang taun nganakake pangaji-ajikanggosuratkabar sing dianggep becik lan bener anggone migunakake basaIndonesia, njur suk kapan pangaji-aji sabangsane mangkono mau ditibakake nyang Koran basa daerah?”

Ya bener, gelar yektine saiki iki wisora ana suratkabar padinan sing migunakake basa daerah, kaya dhek zaman kepungkur. Kayadene: sedia Tama (yogya), Darma Kandha (Solo), Espres (Surabaya), Sipatahunan (Bandung) lan uga ana sawatara ing Sumatera, ning saora-orane rak iya isih ana minggon utawa tengah wulanan sing metu mawa basa daerah (Jawa lan Sunda). Sarta cacahe pemaose iya isih bias diaturake lumayan akeh.

Lha apa alane, yen ta Pusat Bahasa Depdiknas uga nganakake pangaji-ajikanggo majalah sing mawa basa daerah mau? Sapa ngerti, yen anane pangaji-aji saka Depdiknas mau banjur saya nuwuhake grengsenge kaum wartawan/redaktur basa Jawa anggone ngudi mbeciki basa daerahe ing ndalem hudyane sing diembani.

Merga, miturutgelar yektine kayadene singwisnate dak aturake saiki iki, subur utawa curese basa daerah minggari gumantung nyang tangane para guru lan dosen basa daerah, dalah para redakture majalah-majalah basa daerah. Tumrap bebrayan Jawa, mesthine iya gumantung nyang tangane para guru/dosen basa Jawa, dalah redaktur-redakture majalah-majalah Basa Jawa.

Jaya Baya No 13. Minggu IV November 2010

No

Ukara pokok

Jinising paragraph

Ukara panjelas (ukara no…)

1

2

3

4

NULIS LAN MACA AKSARA JAWA

            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa

Kelas / Semester           : XI / I

Metode                         : Latihan, tanya jawab, ceramah, diskusi

Waktu                           :4 x 45 Menit

================================================================

I.          PANUDUH PIWULANG

  1. Supaya paham panulisan aksara jawa lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab NULIS LAN MACA AKSARA JAWA.
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Rembugen lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan/reribet.

II.         KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH

Standar Kompetensi       :

4 MENULIS

Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.

3 MEMBACA

Mampu membaca dan memahami  bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca.

Kompetensi Dasar                     :

4.3  Menulis huruf Jawa

3.2  Membaca pemahaman wacana berhuruf Jawa 10-15 kalimat

Indikator                                   :

  1. Menuliskan wacana  yang ditulis dalam huruf latin ke dalam tulisan atau aksara Jawa
  2. Menyunting tulisan aksara Jawa yang ditulis oleh teman .
  3. Melakukan transliterasi pada wacana berhuruf jawa
  4. Membaca wacana berhuruf jawa dengan pemenggalan dan  intonasi/pelafalan yang tepat.
  5. Menjawab pertanyaan yang berhubungan dengan bacaan
  6. Manulis wacana berhuruf latin ke dalam wacana berhuruf Jawa

III.        INFOMASI MATERI

SEJARAH AKSARA JAWA

            Ing buku HA  NA  CA  RA  KA  ( Bapak Slamet  Riyadi ) sing diterbitake dening Yayasan Pustaka Nusantara Yogyakarta diandharake menawa ngrembug sejarahe aksara jawa anyar kang uga diarani Sastra Sarimbagan utawa Carakan iku ora bisa dipisahake karo bab kelairan lan pandhapuke aksara kasebut. Ana konsepsi cacah loro kanggo nlusuri kelairane aksara jawa yaiku konsepsi tradisional lan konsepsi secara ilmiah.

Adhedasar konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka, crita turun-temurun awujud tutur tinular bab padudon lan kperang tandhinge Doro lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majethi. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi. Minangka pangeling-eling Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legeng cacah rong puluh wiwit saka               (ha) nganti             (nga).

Ha                   Na                    Ca                    Ra                    Ka

Ana Caraka (utusan)

Da                    ta                     Sa                    Wa                   La

Padha Suwala (padudon, pancakara)

Pa                    Dha                  Ja                     Ya                    Nya

Padha  dene digdayane

Ma                   Ga                    Ba                    Tha                   Nga

Wasana  padha dadi bathang

Iku mau konsepsi secara tradisional bab kelairan lan panyusune aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20 cacahe lan disusun dadi patang larik iku, mujudake guritan sing gampang diapalake lan dieling-eling mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis aksara Jawa.

Dene miturut konsepsi secara alamiah, ana limang periode aksara Jawa (Studi Paleografi dening Casparis).  Periode kapisan (Aksara Pallawa) dening Bapak Atmodjo diperang maneh dadi loro. Kanthi mangkono kabeh ana nem periode, yaiku:

  1. Aksara Pallawa tataran wiwitan, digunakake sadurunge taun 700 Masehi. Contone tinemu ing Prasasti Tugu ingBogor.
  2. Aksara Pallawa tataran pungkasan, digunakake abad VII lan tengahan abad VIII. Tinemu ing Prasasti Canggal ing Kedu, Magelang.
  3. Aksara Jawa Kuna kawitan, digunakake taun 750 – 925 Masehi, contone tinemu ing Prasasti Polengan ing Kalasan, Yogyakarta.
  4. Aksara Jawa Kuna tataran pungkasan, digunakake taun 925 – 1250 Masehi, tinemu ing Prasasti Airlangga.
  5. Aksara Majapahit, digunakake ing taun 1250 – 1450 Masehi. Tinemu ing Prasasti Singosari lan Malang sarta ing lontar Kunjarakarna.
  6. Aksara Jawa Anyar, digunakake taun 1500 Masehi nganti saiki. Tinemu ing Kitab Bonang lan buku-buku sabubare iku.

Miturut Dr. Purwadi,  M.Hum ing buku Asal Mula Tanah Jawa, nulis yen ana dedongengan liya ngenani aksara Jawa iki, yaiku asale saka Dewa Panyarikan kang memba sawijing brahmana, aran Brahmana Srita. Tumurun saka kahyangan menyang tanah Hindustan kang sabanjure tumuju Tanah Jawa. Tindake menyang Tanah Jawa kekanthen dening brahmana cacah wolu. Ing Jawa para brahmana mau mulangake tulisan jawa.

Othak-athik mathuk pancen gaweyane wong Jawa. Klebu werdine aksara Jawa kang rinonce kaya iki :

Ha (H) urip, Na (Nur), Ca (Cahya), Ra (roh / rasa), Ka (kumpul), Da (dadi), Ta (tetes), Sa (sawiji), Wa (wadon), La (lanang), Pa (pati), Dha (dhadhal), Ja (jiwa raga), Ya (ya  Allah), Nya (nyata), Ma (amnungsa), Ba (gilir gumanti), Ba (bakal), Tha (thukul), Nga (ngalam donya).

Yen tembung-tembung ing ndhuwur iku dironce, aksara jawa cacah 20 iku nduweni uni / teges:

“ Urip (asal saka) nur cahya (lan) roh (kang) kumpul dadi tetes sawiji (nuwuhi) wadon (lan) lanang, (samangsa tumekeng) pati, (bakal) dhadhal jiwa ragane, ya Allah, nyata manungsa gilir gumanthi bakal thukul (ing) ngalam donya”

Jaya Baya Edisi 40 lan 42

Kanthi giInubah saperlune

A. AKSARA JAWA CARAKAN/NGLEGENA

Huruf Pengetikan Aksara Jawa Huruf Pengetikan Aksara Jawa

Ha

A

A

pa

p

p

Na

N

n

dha

D

d

Ca

C

C

ja

J

j

Ra

R

R

ya

Y

y

Ka

K

k

nya

V

v

Da

F

F

ma

M

m

Ta

T

T

ga

G

g

Sa

S

S

ba

B

b

Wa

W

W

tha

Q

q

La

L

L

nga

Z

z

B. AKSARA JAWA PASANGAN

H

H

H

P

P

P

N

N

N

Dh

Dh

D

C

C

C

J

J

J

R

R

R

Y

Y

Y

K

K

K

Ny

V

V

D

F

F

M

M

M

T

T

T

G

G

G

S

S

S

B

B

B

W

W

W

Th

Q

Q

L

L

L

Ng

Z

Z

AKSARA LATIN

PENGETIKAN

AKSARA JAWA

A

A

A

I

I

I

U

U

U

E

E

E

O

O

O

D. AKSARA MURDA

Aksara latin

Pengetikan

Aksara murda

Na

!

!

Ka

@

@

Ta

#

#

Sa

$

$

Pa

%

%

Nya

^

^

Ga

&

&

Ba

*

*

E. AKSARA REKAN/REKAAN

AKSARA LATIN

PENGETIKAN

AKSARA JAWA

Kh

K+

k+

F

P+

p+

Dz

F+

f+

Gh

G+

g+

Z

J+

j+

F. AKSARA WILANGAN JAWA

Aksara latin

Aksara jawa

Pengetikan

Aksara jawa

1

1

6

6

2

2

7

7

3

3

8

8

4

4

9

9

5

5

0

0

G. AKSARA SANDHANGAN                 

NAMA SANDHANGAN

AKSARA LATIN

PENGETIKAN

AKSARA JAWA

Wulu

I

I

I

Suku

U

U

U

Taling

E

[

[

Pepet

E

E

E

Taling tarung

O

[o

[  o

Layar

_r

/

/

Wignyan

_h

H

H

Cecak

_ng

=

=

Pangkon/pangku

\

\

Pengkal

_ya

– (minus)

Cakra

_ra

]

]

Keret

_re

}

}

Adeg-adeg

Awal kalimat

?

?

Pada lungsi

Titik

.

.

Pada lingsa

Koma

,

,

Pada pangkat

Mengapit angka

“   “

IV.        PENDALAMAN MATERI

A.         Aksara Jawa ing ngisor iki salinen nganggo aksara latin !

sbFpnDitrtu

?lai/[ryudis\#iraikuluwihdisikTinimB=$uyufnautwdu/yuf!.mul aikup]buf}sTr#],rtuai=negrasTinpurzufrs,ai=s[j]oni=wekT|lgisrirb]hmn.yudis\#irluwihtuwtemenS/tbklMe/[dkk[kb]yt %nD|.[rh[nyudis\#irluwihtuw,p][yog[ngumnTirtu.aikudwuhpznFik[np]bud}sTr#]k=steme[n,ni=bvJ|/ksusulHi=pznFik[z[n,ajfiknDk[km=[ko[no.mugmugankK|$uyufnk=bklFfirtu,snjnaisih[boch.

?swi[sSzenfikm=[ko[no,asuasuamBau=autwjegugZlubHi=si

sih[lo/,[wtn\kiful\lnK|[lon\,nliks[mo[nos=wifur,adi[n f}sTr#pi/slnMix=,pvJene=z[nbvJ|/zenFiik:a[wonSzetPzlubBi=seg[wonHi=wekFlLai/ri=fu/yud!,nlikfipunZnfikkKenb[dkjumene=zkenRtuai=[bvJ=zipun\,

III. Adhedhasar wacan aksara jawa ing ndhuwur, wenehana tandha ping ana ing aksara a, b, c, d, utawa e ana wangsulan kang bener!

1. Irah-irahan wacan ing ndhuwur yakuwi …

  1. Sabda pandita ratu
  2. Sapda pandhita ratu
  3. Sabda pandita ratu
  4. Sapda pandita ratu
  5. Sabda pandita rathu

2. Miturut wacan ing ndhuwur sing lahir luwih dhisik yakuwi …

  1. Duryudana
  2. Suyudana
  3. Drestaratra
  4. Yudhistira
  5. Widura

3.  Nalika semono sing dadi ratu ing Negara Hastinapura yakuwi …

  1. Duryudana
  2. Suyudana
  3. Drestaratra
  4. Yudhistira
  5. Widura

4.  Sing kapernah adhine Drestaratra yakuwi …

  1. Duryudana
  2. Suyudana
  3. Dursasana
  4. Yudhistira
  5. Widura

5.  Ukara pokok paragraph kapisan unine ….

  1. Lahire Yudhistira iku luwih dhisik tinimbang Suyudana utawa Duryudana
  2. Mula iku Prabu Drestaratra ratu ing negara Hastinapura ngudarasa
  3. Ing sajroning wektu lagi sarira brahmana
  4. Yudhistura luwih tuwa lan bakal merdekakake brayat Pandhu
  5. Muga-muga anakku Suyudana kang bakal dadi ratu

B. Wacan aksara jawa ing dhuwur tulisen nganggo aksara latin!

__________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________

C.  Salinen nganggo aksara Jawa !

Gandheng karo anane Hari Sumpah pemuda, Pusat bahasa Departemen Pendidikan ing dalem acara puncak Bulan bahasa dan Sastra ing Rawamangun, Jakarta, gawe kerampungan. Koran Tempo (jenengesurat kabare mula “Koran Tempo’) kapilih dadi nomer siji ing kalangane surat-surat kabar anggone mugunakake basaIndonesia. Mesthi bae sing diarani “noomer siji” iki mau ing dalem apike, becike, dalah benere.

Sarana mangkono Koran Tempo wis kapinglima terus-terusan kapilih nomer siji anggone migunakake basaIndonesia ing korane, ngenani bab apike, susunan ukara, benere paramasastra, milihe tetembungan, lan sapiturute.

Wangsulan :

__________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________

___________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________

V.  TUGAS

A. Salinen nganggo aksara latin !

anTisipsik]isisPzn\

?n[tanaulukHulukK=[zlikK[k:[konSumSipznNefVfisuf

k[rotezhpe/[snNnHi=sbenTau[nN.mu=,furu=genhrivCiy[n.k=wisGe nh,p}si[dn\$usi[lobmB=yu[do[yo[no,ne[mBaikianDwuha[k mr=[dwnKetanNnPznG[wrevnsWsemBfk=be/kelbJutTn\,anlim= jinisPznK=wekTuaikim<but/[g[tTpm[rnThmurihbissWsemBfyaiku:priautwbers\jgu=,kede[l,gul,lnFgi=spi.

?k+ususGegyutTnK[ro[konDisikbup[tnKrw=mi[no=klumBu=pripli= ge[dai=jwbrt\ka[nNsaikisym]ih[tnN[k,jlrnHi=s[j]o ni=wekTu:18:taunNnlanPswhanHi=d[arhlanPswhanHi= d[arhmaua[khk=mlihp+u= siffi[pomhan\pb]ik\lnSpnu= glL[n.mesQiw[akanNnMauavJl/risufni=lanTet[nNn\s/tste ru[svuf[p]odukSipzn\priautwbers\,

Wangsulan:

______________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________

B.  Tulisen nganggo aksara Jawa!

Dumadakan Bathara Narada rawuh ing kedhaton Wiratha nemoni Prabu Wasupati, Prabu Sentanu, lan Begawan Palasara. Bathara Narada paring dhawuh supaya Dewi Gandawati di dhaupake karo Prabu Sentanu, nanging Prabu Sentanu kudu masrahake negara Ngastina marang Begawan Palasara. Wiwit nalika iku Sang Palasara jumeneng ratu ing Ngastina jejuluk Prabu Dipakiswara. Mula barengwissawetara warsa anggone jumeneng nata, banjur kalingsirake marang Sang Wiyasa, jejuluk Prabu Kresna Dwipayana, Sang Rancakaprawa hiya jejuluk Sang Sutiknaprawa. Mula jejuluk Sang Kresna Dwipayana awit pakulitane ireng cemani terus ing balung sungsum, mula kawastanan Sang Rancakaprawa jalaran dhangan paring tetulung marang kawulane kang anandhang susah. Mulane jejuluk Sutiknaprawa awit remen nggeganjar sarta agawe senenging atine para kawulane.

Wangasulan: ____________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________________

NULIS GEGURITAN

            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa

Kelas / Semester           : XI / I

Metode                         : Latihan, tanya jawab, ceramah, diskusi

Waktu                           : 2 x 45 Menit

================================================================

I.          PANUDUH PIWULANG

  1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab GEGURITAN LAN MACAPAT
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.

II.         KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH

Standar Kompetensi       :

4. MENULIS

Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.

5. BERBICARA

Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa

Kompetensi Dasar                     :

4.2   Nulis geguritan

5.3   Membahas atau mendiskusikan isi geguritan

Indikator                                   :

  1. Menentukan topik geguritan yang akan ditulisnya
  2. Membuat geguritan dari topik yang telah ditentukan sesuai dengan suaasana dan diksi
  3. Menyunting geguritan yang ditulis teman
  4. Membacakan geguritan yang ditulis sendiri dengan lafal dan intonasi yang tepat
  5. Mendiskusikan struktur batin geguritan (tema, gaya bahasa, nada, rasa, suasana)
  6. mendiskusikan struktur lahir puisi
  7. Melaporkan hasil diskusi yang telah dilakukan
  8. Memberikan tanggapan pelaporan diskusi yang dibawakan oleh perwakilan kelompok lain

III.        INFORMASI MATERI

A. GEGURITAN 

Puisi Jawa  sing biasa diarani geguritan kaperang dadi loro yaiku :

1.   Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang.

Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa dipisahake kalawan tembang.

Puisi tradhisional kang awujud tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe :

a)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)

Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.

b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)

Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.

c)  Puisi tembang gedhe (kawi)

Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa

  1. Puisi Jawa Modern diarani geguritan.

Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi jawa sing isih anyar  (antarane tahun 1926) jinising puisi iki durung bisa katampa bebrayan ana ing masyarakat, rikala semono. Luwih-luwih golongan kasepuhan. Mula saka kuwi geguritan iki nalika semana ora dilebokake ana sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.

Geguritan kaping pisanan ana ing kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (thukul pisanan September 1933 ing  Surabaya), Jaya Baya (September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit tahun 1943 nduweni lembaran khusus basa Jawa), Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalane.

Paraperintis geguritan iki padha berjuang amrih geguritan iki diakoni lan bisa mlebu ana pasinaonan kasusastran Jawa. Asile, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyoba ngumpulake geguritan sing sumebar ana kalawarti lan ariwarti dadi buku kang judhule  Rerumpakan (nyanyian). Ananging, naskah iki ana sajroning revolusi ilang. Semana uga kumpulan geguritane dhewe kang mawa irah-irahan Geguritan uga ilang.

Para perintis geguritan liyane, yaiku :R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp.

Saliyane geguritan ana puisi jawa liyane kang arupa parikan lan singir. Parikan  kuwi puisi jawa kang memper lan duwe ciri-ciri kaya pantun. Dene singir utawa syair (bahasa Indonesia) ya nduweni ciri-ciri padha karo syair ana sajroning kasusastraan Indonesia.

Mula bukane ananing geguritan iki dianggo nyindir / nyemoni kahanan urip bebrayan ana sajroning masyarakat. Saliya  kuwi uga ndhuweni unsur ndidik / mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe geguritan iki nduweni teges puisi bebas. Bebas saka iketaning tembang lan bebas nyritakake apa wae.

B. Unsur-Unsur Batin Geguritan

Unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan diarani  unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu  unsur batin  geguritan.

  • Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair.

Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.

Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.

Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.

Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.

  • Amanat kang dumunung ana geguritan

Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.

C.  Struktur Lahir Geguritan

Kang sinebut struktur lahir geguritan kuwi kahanan bab apa wae kang bisa dideleng utawa digoleki ana ing tembung-tembung kang rinakit ana sajroning geguritan. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu struktur lahir geguritan.

Pinilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif, asipat polisemi, lan nduweni teges rowa (abstrak). Pinilihing tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi kang manjila.

Majas utawa gaya bahasa dening Prof. Teguh (dosen UNES) diarani lelewaning basa. Majas utawa lelewaning basa iiki kanggo nambahi grengsenge geguritan.

Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.

tipografi  kuwi larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.

DONYA WIS LUNGSE

                                    Rini T Puspohardini

Muyeg saemba pasar

Ala becik mapan digelar

Lamun luput nintingi

Ora mokal ati keplantrang

Kaya ngoyak playune ayang-ayang

Ndeder kang bisa dibayangake

Luwih ndeder kanyatane

Kekitrang

Kaya prau kelangan layar

Wuta wektu, wuta dunung

Lumaku tanpa papan katuju

Apa sejatine ngaurip

Yen ta sakeh daya

Prasasat nglari susuhe angin

Esuk sore lan wengi

Dadi liturgi kang dilakoni

Tanpa ati

Lan rasa ……….

Sansaya kangelan maca tandha-tandha  jaman

Segara wedhi

Sajake padha kelalen

Donya wis watara lungse

Kari ngenteni

Tancep kayone

Jaya Baya, Edisi 31/1 April 2006

Ana ing geguritan ndhuwur nyritakake menawa kahanan donya kuwi wis tuwa kaya ana ing/ irah-irahane “Donya wis lungse” lan ana padha pungkasan kang unine “Sajake padha kelalen, donya wis watara lungse, kari ngenteni, tancap kayone.” Tegese (nganggo basa gancaran/bebas sajake para manungsa padha kelalen , ndonyane wis tuwa/lungse, kari ngenteni tamate/tancep kayon).

Kudune yen donyanewislungse / tuwa kuwi saya nggenah lan becik sing ditindakake dening umat manungsa. Saya cetha nglegewa tujuane wong urip. Nanging nyatane, ana malah akeh wong pawongan kang bingung ngluri tujuane urip. Donya ora saya jenjem, nanging umyeg kaya pasar.

Dene struktur batin bisa diwedharake kaya ing ngisor iki.

Tema

Rasa/pangrasa

Nada

Suasana

amanat

Moral Medharake rasa sedhih lan bingung uga gumun nyawang kahanane ndonya Patraping penyair/panulis nyindir utawa nyemoni manungsa kang saya ora nggenah Kudune manungsa insyaf utawa sadhar Aja ngumbar hawa nepsu

Struktur lahir geguritan ing ngisor iki jangkepana!

Tembung kang Pinilih/diksi

Majas/ lelewaning tembung

Rima

Tipografi

Tembunge konotatif

Tuladha:

1.personifikasi:

Wuta wektu wuta dunung

2. _________________________

3. _______________________

Rima vertikal:

Muyeg saemba   pasar

Ala becik mapan digelar

Rima horizontal:

————————————————————————————

Katata pada kang cacahe papat

IV.        PENDALAMAN MATERI

A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep!

1.  Kanthi sangu seserapan struktur lahir lan batin geguritan ing ndhuwur, gawea geguritan kanthi topic ing ngisor iki!

  • Katresnan
  • Kaendahaning alam
  • Pakarti kang adiluhung

2. Geguritan kang ditulis kancamu sabangku tlitinen kanthi paugeran ing ngisor iki!

Geguritan kancamu Asil garapanmu

3.  Geguritan sing boktulis wacanen ing ngarep kelas! Dene kanca liyane mbiji adhedhasar kolom ing ngisor iki!

N0 Nama

Unsur kang dibiji

Vokal

Patrap

Ekspresi

Intonasi

Katrangan         :

Rentang biji 50—90

4. Geguritan ing ngisor iki wacanen! Banjur rembugen kari kancamu nunggal bangku!

Budi Wahyono :

ISIH   SRI

Isih Sri sing gawe jumedhul

Tratap ati

Kaya ing tengah gurun

Aku nyoba angon lamun

Apa mangkene nakale wong lanang ?

Nalika ati pas gothang

Karep a bakal blandhang

Isih Sri sing menehi tetes esem

Nalika imajinasi mandheg kusem

Semarang, 2005

Panjebar Semangat 9 Maret 2006

Struktur batin geguritan ing ndhuwur

Tema

Rasa/pangrasa

Nada

Suasana

amanat

Struktur lahir geguritan

Tembung kang Pinilih/diksi

Majas/ lelewaning tembung

Rima

Tipografi

5. Asil diskusi sing wis boktulis wacanen ana ngarep kelas! Kanca liyane menehi panyaruwe asil diskusi kuwi mau!

IV.        TUGAS

Gawea geguritan kanthi tema “Lingkungan” !

TANGGAP WACANA PAMBAGYAHARJA

            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa

Kelas / Semester           : XI / I

Metode                         : Latihan, tanya jawab, ceramah, diskusi

Waktu                           : 2 x 45 Menit

================================================================

I.          PANUDUH PIWULANG

  1. Supaya paham bab sesorah pambagyaharja lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab TANGGAP WACANA PAMBAGYAHARJA
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.

II.         KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH

Standar Kompetensi       :

BERBICARA

Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa

Kompetensi Dasar                     :

Menyampaikan sambutan dalam bentuk pambagyaharja

Indikator                                    :

  1. Menjelaskan makna/maksud sambutan dalam bentuk pambagyaharja
  2. Menentukan tema/topik pambagyaharja
  3. Menyusun  pokok-pokok isi sambutan dalam bentuk pambagyaharja
  4. menyusun secara utuh naskah sambutan dalam bentuk pambagyaharja
  5. menyampaikan secara lisan  naskah sambutan dalam bentuk pambagyaharjamenanggapi (penampilan, vocal, ekspresi) naskah sambutan dalam bentuk pambagyaharja

III.        INFORMASI MATERI

A.  Tegese Pambagyaharja

            Tembung pambagyaharja kedadeyan saka rong tembung yakuwi pambagya lan harja kang didadekake siji (tembung saroja). Miturut Bausastra Jawa pambagya nduweni teges pambage , enggone mbagekake, pakurmatan (2001: 566). Dene tembung harja, hargya: urmat, ngurmati (2001:26). Dadi, tegese pambagyaharja ngaturi pakurmatan utawa bage-binage, mbagekake para among tamu kang rawuh ana sasana pawihan.

Ana ing adicara penganten, pambagyaharja kapacak ana titi adicara sawise  penganten kekalih nindakake sungkeman. Ngendikane panata adicara kurang luwihe kaya mangkene.

Wus paripurna risang penganten marak sowan saha nindakaken sungkeman, saestu lampahing budaya edi endah angresepaken pandulu, tumapaking adicara salajengipun inggih menika atur pambagyaharja kairing atur panuwun saha wedharing gati saking Bapak/Ibu ingkang amengku karya. Ing sakawit panjenenganipun Bapak/Ibu … badhe matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sedaya, ananging awrat nampi sih kadarmin ingkang arupi menapa kemawon saking para tamu, saengga namung kandheg ing jaja, lajeng lenggah, legeg ing wardaya boten saged matur menapa-menapa, pramila lajeng ngresaya dhumateng panjenenganipun Bapak … minangka badal wakilipun, ingkang menika sasana wara saha piantosi  pun sumangga katur. Nuwun!

Pambagyaharja uga dianggo ana acara supitan. Ing ngisor iki tuladha pambagyaharja ana ing adicara pengantin lan supitan.

B.  Sangunipun Juru Sesorah/Pamedharsabda

  1. Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake

Juru pamedhar sabda  kudu nguwasani bahan utawa perkara sing diwedharake sarta wani caos tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan kuwi kudune nduweni dhasar utawa landhesan ora amung waton ngomong.  Mula  kudune nduweni sangu ilmu kang mumpuni.

Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa uga kalah prabawa karo pawongan sing diadhepi. Apamaneh yen sing diadhepi kuwi nduweni prabawa lan kepinteran kang luwih.

Patrap utawa sikep kudu sing trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aora ingah-ingih, apamaneh wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan kepara lendhetan cagak. Parlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti laksana sajroning ngayahi wajib/jejibahan uga dadi pasugatan mungguhing para tamu.ngegreng/semuwa utawa orane swasana wiwahan gumantung uga saka paraga kasebut.

Mula kuwi, kudune nduweni utawa ora uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah bawa, tindak-tanduk sing prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning pasuryan katon sumriingah anengsemake amarga swasanane nyenengake.

Tegese nalika nindakake ayahankuwi busana utawa ageman lan ngadi sarira kudu diselarasake kahanan.

Basa minangka piranti utawa sarana lelantaran, sesambungan utawa lung-tinampa karo para tamu utawa sing ngrungokake, mula saka kuwi basane ora basa ndakik-ndakik sing ora dimangerteni dening sing ngrukokake, ananging basa sing gampang dimangerteni wong akeh. Dene basa sing trep uga basa sing bener tuntunaning parama-sastra. Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng, inggil-andhap, cepet rindhik lsp. Ringkesing basa kudu sing komunikatif, tegese kudu ngilingi:

  • Sapa sing ngajak guneman;
  • Sapa sing diajak guneman;
  • Sapa sing diomonggake;
  • Swasananing nalikaning guneman;
  • Padha mangerteni sing diomongake.

Babagan kang perlu digatekake sadurunge menehi sesorah ana ngarepe pawongan akeh :

a)       Temtokake ancasing sesorah

b)       Nganalisis situasi lan para pamireng

c)       Milih lan nyiutake topik.

d)       Ngumpulake bahan.

e)       Nggawe cengkorongan

f)         Ngandharake cengkorongan kanthi komplet.

g)       Gladhen mawa swara sing banter.

C. Tuladha Pambagyaharja

Assalamu ’alakum Wr. Wb.

Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.

Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.

Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.

Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.

Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun  menawi kula aturaken malih. Kados ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun Bapak/Ibu …, ingkang pidalem ing …, sampun  kalampah ijab saha kabul manut satataning agami lan nagari ing dinten … winantu wilujeng kalis ing rubeda. Ingkang menika panjenenganipun sedaya kasuwun rawuh ing rompok mriki saperlu kasuwunan tambahing donga pangestu dhumateng penganten kekalih mugi anggenipun sami lelumban ing bebrayan agung, tansah atut runtut, manggih basuki kang kaesthi, satemah enggal kaparingan nugrahaning gusti momongan datan angarani kakung menapa estri, kkanthi angugemi brayat rinancang tanpa keri.

Salajengipun, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha dipun aturaken dening sanak kadang ingkang sowan, ananging boten wonten awonipun kula aturaken menggah ingkang dados wigatosing pahargyan ing ratri/siang menika. Sanggyaning tamu ingkang pantes ingkang pantes sinudarsana, kawuningan bilih Bapak/Ibu … ing wekdal menika kagungan kersa/hajat mbojakramekaken putrinapun putri ingkang sesilih pun gendhuk … pikantuk anak mas Bagus … putra kakungipun Bapak/Ibu ….

Ingkang pidalem ing … kalurahan … kecamatan …

Ingkang ijab lan kabulipuun sampun kaleksanan ing dinten Jumat Wage surya kaping … utawi tanggal 2 Juli 2011 ing Masjid Shuhada Ngayogyakarta pinanggih ing karaharjan.

Kanthi rawuh panjenengan sedaya amimbuhi donga pangestu dhumateng penganten  kekalih anggenipun badhe ngambah alam bebrayan enggal, mugi tansah kalis nir ing rubeda, kacelakna ing karaharjan sedayanipun. Amin.

Lumampahing pahargyan ing wekdal menika boten saged kalampah menawi tanpa iguh pratikel, penggalihan saha sumbang surung arupi menapa kemawon saking tangga tepalih sanak kadang inggih wiwit nguntir tali sepisanan ngantos samangke saparipurnaning gati, ingkang menika awit saking sedaya kesaenanipun dipunaturaken agenging panuwun kairing donga dhateng pangeran Allah SWT. Mugia keparingan lelintu nugraha ingkang langkung kathah. Amin. Amin. Amin.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kula kurmati!

Bapak/ibu …boten kesupen ugi, nyuwun agenging pangapunten ing mbokbilih anggenipun caos, lungguh menapa dene suguh ing samangkenipun ingkang namung sarwa prasaja saengga boten laras kaliyan kalengganipun Bapak/Ibu/sdr sedaya. Pramila saestu sepisan malih Bapak/Ibu … tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Inggih namung amrih rancaging panindak mbokbilih samangke para mudha ngaturaken cihnaning pakurmatan arupi unjukan saha lampiranipun ingkang sarwa prasaja sampun lumados lan kaasta, nuwun sewu kersaa angresepi kaunjuk saha kadhahar samardikaning penggalih tanpa kula angacarani malih.

Wasana cekap semanten ingkang dados aturipun Bapak/Ibu …

Lan kula pribadhi anggen kula matur ugi kathah tuna dungkap saha tumpang suh tuwin ndadosaken runtiking penggalihipun para rawuh, saestu nyuwun samodra pangaksama. Makaten kasekecakna lenggah dumugi saparipurnanipun damel, kanthi akhirul kalam, Wabilahitaufiq Wal hidayah. Wassalamu’alaiku Wr. Wb.  Nuwun!

Assalamu ’alakum Wr. Wb.

Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.

Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.

Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.

Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.

Salajengipun saestu linepatna ing deduka, tinebihna ing tulaksarik, dene kula kumawantun lumaraping atur saengga ngirangi kamardikan panjenengan sedaya ingkang nedheng eca wawan pangandikan.

Nuwun, inggih awrat mundhi panyuwunanipun adhi kula pun Drs. Harjuna Sasrabahu sekaliyan, supados angaturaken menggah ingkang dados osiking manahipun saengga gumelaring pasamuwan siang/dalu menika.

Wondene menggah wigatosing sedya, ing pahargyan menika, senadyan sedayanipun sampun sami priksa kanthi kaserat ing serat sedhahan ingkang kaaturaken menapa dene aturipun utusan ingkang marak sowan, boten wonten awonipun yen ta kula aturaken malih kepara damell lega-legawaning manah menggah kasunyatanipun.

Inggih awit saking rahmating Gusti saha puja-puji pangestunipun para sepuh miwah para rawuh sedaya, kadangkula anem inggih adhikula … sampun kalampahan nindakaken kewajibanipun tiyang sepuh, ingkang ginadhuhan putra kakung sampun ndungkap wahyaning dewasa, mila anggadhahi hajad ngislamaken utawi nyupitaken putra kakungipun ingkang kapatedhan nama pun Bagus ….

Wondene tumapaking pagas, sampun kaleksanan kalawau sonten wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis niring sambekala, awit saking panggayomaning Gusti ingkang murbeng dumadi. Ingkang menika adhikula pun … kekalih, nyuwun tambahing donga pangestu, mugi-mugi anak kula suwau enggal saras kados wingi uni, miwah icaling sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare utama, susila miwah piguna. Lare ingkang mbangun miturut lan bekti ing tiyang sepuh, murakabi bebrayan kanthi mungguh, tan kendhat ngibadah ing Hyang widhi kanthi tuwajuh, saha manut tuntunaning agami ingkang rinengkuh. Amin.

Kalekasananing pahargyan ing wekdal menika, karana sih nugraha pambiyantunipun para sanak kadang pamong mitra, tangga tepalih, miwah panjenengan para tamu ingkang sampun kepareng pariing pisumbang awujud menapa kemawon, ingkang saestu saged angenthengaken sesanggeman saha bot-repotipun adhikula, ingkang menika kadang kula anem inggih adhikula … ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kesaenan, saengga pikantuk lelintu nugraha ingkang matikel-tikel, miwah bebingah ingkang langkung kathah. Amin. Amin. Ya Robbal Alamin.

Minangka pungkasaning atur, mbokbilih Bapak/Ibu … anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kuciwa lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksama. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Ibu/Bapak …, menawi wonten galap-gangsuling atur, gonyak-ganyuking wicara miwah boten jangkep ing unggah-ungguh lan tata basa satemah adamel runtiking wardaya, saestu nnamung tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

Akhirul kalam, wa billahi taufik wal hidayah

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun.Nuwun.

IV.        PENDALAMAN MATERI

A.   Pambagyaharja  penganten ing ndhuwur wacanen kanthi permati. Banjur komplitana tabel ing ngisor iki!

Cengkorongan Pambagyaharja

Paragraph ka-

Katrangan

         salam pambuka

Kapisan (1)

atur puji syukur marang Pangeran
atur kasugengan, kairing atur panuwun
wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhi)
panutuping atur/salam

A.   Pambagyaharja  supitan ing ndhuwur wacanen kanthi permati. Banjur komplitana tabel ing ngisor iki!

Cengkorongan Pambagyaharja

Paragraph ka-

Katrangan

         salam pambuka

Kapisan (1)

atur puji syukur marang Pangeran
atur kasugengan, kairing atur panuwun
wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhi)
panutuping atur/salam

C. Paragakake pambagyaharja ing nduwur kanthi pambiji ing ngisor iki!

No

Uraian

Kriteria Ketepatan

Benar

Setengah

Salah

1

Penampilan/patrap

25

12,5

5

2

Lafal

25

12,5

5

3

Intonasi

25

12,5

5

4

Ekspresi

25

12,5

5

V.         TUGAS

I. Wenehana tandha ping ana aksara a, b, c, d, utawa e ana wanguslan kang bener!

1.  Perangan sesorah sing isine ngandharake bab kahanan, ngunjukake muji syukur

lsp kalebu …..

  1. Adawiyah          b. Bebuka         c. Surasa / isi    d. Panutup        e. Titiwanci

2.  Perangan sesorah sing isine ngrembug babagan sing baku / pokok kalebu …

  1. Adawiyah          b. Bebuka         c. Surasa / isi    d. Panutup        e. Titiwanci

4.  Nugraha nalikaning ana pasamuan tanpa mangerteni apa-apa kapatah menehi

sesorah. Metode kang digunakake Nugraha yaiku ….

  1. Metode naskah  b. Metode impromptu     c. Metode apalan

d.   Metode tanpa persiapan  e. Metode teknik

5. Kanggo mengeti lan mahargya dina lahire Ibu Kartini, Dinas Pendidikan nganakake Lomba Sesorah kanggo siswa SMA. Gadiza arep melu sesorah kuwi, gandheng ora tau melu lomba sesorah, Gadiza nggawe cengkorongan banjur ditulis komplit lan diapalake. Metode sesorah sing kagunakake Gadiza yaiku ….

  1. Metode naskah b. Metode impromptu     c. Metode apalan

d.   Metode tanpa persiapan e. Metode teknik

6.  Metode sesorah ing biasa digunakake ana pidhato kenegaraan yaiku …..

  1. Metode naskah b. Metode impromptu     c. Metode apalan

d.   Metode tanpa persiapan  e. Metode teknik

7.  Ing ngisor iki syarat-syarate amrih hasile sesorah , kajaba …..

  1. Nduweni kewanen lan tekad kang kuat
  2. Nduweni wawasan ngelmu/kawruh kang omber
  3. Milih lan nyiutake topik
  4. Galdhen samurwate
  5. Nguwasani basa kanthi apik tur lancer

8.  Babagan kang perlu digatekake sadurunge menehi sesorah yaiku.., kejaba

  1. Temtokake ancasing sesorah
  2. Nganalisis situasi lan pamirenge
  3. Ngumpulake bahan
  4. Nggawe cengkorongan
  5. Paham babagan proses komunikasimassa

9.  Sesorah kelebu kaprigelan …..

  1. Micara  b. Nyerat           c. Nyemak        d. Maos            e. Sastra

10. Tema sesorah kang cocok kanggone bocah sing ora nduweni greget sinau yaiku

  1. Budi Pekerti
  2. Pentinge sinau
  3. Narkoba
  4. Pendhidhikan
  5. Akhlak kang becik

11. Ing ngisor iki sing kalebu atr puji syukur marang Gusti Allah yakuwi ….

  1. Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.
  2. Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
  3. Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
  4. Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
  5. Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun  menawi kula aturaken malih. Kados ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun Bapak/Ibu ….

12. Dene sing kalebu atur kasugengan kairing atur panuwun yakuwi ….

  1. Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.
  2. Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
  3. Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
  4. Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
  5. Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun  menawi kula aturaken malih. Kados ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun Bapak/Ibu ….

13. Sing kalebu wedharing gati yakuwi ….

  1. Nuwun! Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.
  2. Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
  3. Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
  4. Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
  5. Wondene gatining sedya, sinaosa sampun kaserat ing serat sedhahan saha ampun kaaturakenn sedherek ingkang sowan wonten ngarsa panjenengan, boten wonten awonipun  menawi kula aturaken malih. Kados ingkang sampun kaserat menggah wigatosing gati Bapak/Ibu …anetepi wajibing asepuh amiwaha putra, ngentas pitulus kenya putrinipun … ingkang sesilih gendhuk …, kapalakramakaken kaliyan Bagus …, putra kakungipun Bapak/Ibu ….

14. Ing ngisor iki sing kalebu panutuping atur  yakuwi ….

  1. Wondene menggah wigatosing sedya, ing pahargyan menika, senadyan sedayanipun sampun sami priksa kanthi kaserat ing serat sedhahan ingkang kaaturaken menapa dene aturipun utusan ingkang marak sowan, boten wonten awonipun yen ta kula aturaken malih kepara damell lega-legawaning manah menggah kasunyatanipun.
  2. Inggih awit saking rahmating Gusti saha puja-puji pangestunipun para sepuh miwah para rawuh sedaya, kadangkula anem inggih adhikula … sampun kalampahan nindakaken kewajibanipun tiyang sepuh, ingkang ginadhuhan putra kakung sampun ndungkap wahyaning dewasa, mila anggadhahi hajad ngislamaken utawi nyupitaken putra kakungipun ingkang kapatedhan nama pun Bagus ….
  3. Wondene tumapaking pagas, sampun kaleksanan kalawau sonten wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis niring sambekala, awit saking panggayomaning Gusti ingkang murbeng dumadi. Ingkang menika adhikula pun … kekalih, nyuwun tambahing donga pangestu, mugi-mugi anak kula suwau enggal saras kados wingi uni, miwah icaling sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare utama, susila miwah piguna. Lare ingkang mbangun miturut lan bekti ing tiyang sepuh, murakabi bebrayan kanthi mungguh, tan kendhat ngibadah ing Hyang widhi kanthi tuwajuh, saha manut tuntunaning agami ingkang rinengkuh. Amin.
  4. Kalekasananing pahargyan ing wekdal menika, karana sih nugraha pambiyantunipun para sanak kadang pamong mitra, tangga tepalih, miwah panjenengan para tamu ingkang sampun kepareng pariing pisumbang awujud menapa kemawon, ingkang saestu saged angenthengaken sesanggeman saha bot-repotipun adhikula, ingkang menika kadang kula anem inggih adhikula … ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kesaenan, saengga pikantuk lelintu nugraha ingkang matikel-tikel, miwah bebingah ingkang langkung kathah. Amin. Amin. Ya Robbal Alamin.
  5. Minangka pungkasaning atur, mbokbilih Bapak/Ibu … anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kuciwa lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksama. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Ibu/Bapak …, menawi wonten galap-gangsuling atur, gonyak-ganyuking wicara miwah boten jangkep ing unggah-ungguh lan tata basa satemah adamel runtiking wardaya, saestu nnamung tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

15. Wondene tumapaking pagas, sampun kaleksanan kalawau sonten wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis niring sambekala, awit saking panggayomaning Gusti ingkang murbeng dumadi. Ingkang menika adhikula pun … kekalih, nyuwun tambahing donga pangestu, mugi-mugi anak kula suwau enggal saras kados wingi uni, miwah icaling sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare utama, susila miwah piguna. Lare ingkang mbangun miturut lan bekti ing tiyang sepuh, murakabi bebrayan kanthi mungguh, tan kendhat ngibadah ing Hyang widhi kanthi tuwajuh, saha manut tuntunaning agami ingkang rinengkuh. Amin.

Perangan sesorah ing ndhuwur kalebu ….

  1. Atur puji syukur
  2. Atur panuwun
  3. Atur kasugengan
  4. Wedharing gati
  5. Panutup

II. Gawea sesorah pambagyaharja pengetan dina kamardikan!

NEMBANG MACAPAT

                        Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa

Kelas / Semester           : XI / I

Metode                         : Latihan, tanya jawab, ceramah, diskusi, tanya jawab

Waktu                           : 2 x 45 Menit

=============================================================================

I.          PANUDUH PIWULANG

  1. Supaya mudheng bab nembang macapat lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab NEMBANG MACAPAT
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Rembugen lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.

II.         KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH

Standar Kompetensi       :

MEMBACA

Mampu membaca dan memahami  bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca.

Kompetensi Dasar                     :

Nembang macapat

Indikator                                   :

  1. Menentukan paugeran-paugeran tembang (guru gatra, guru lagu, guru wilangan, dan wataking tembang) yang disajikan
  2. Menembangkan tembang macapat yang disajikan
  3. Memberikan tanggapan  yang dibawakan oleh teman

III.   INFORMASI MATERI

A. Jinising Tembang Macapat

Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional  jinisi lan perangane  dadi telung perangan gedhe :

b)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)

Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.

b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)

Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.

c)  Puisi tembang gedhe (kawi)

Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa

B.  Paugeran Tembang Macapat

Tembang macapat kaiket dening paugeran-paugeran ing ngisor iki.

a.   Guru Gatra

Guru gatra yaiku cacahing / gunggunge gatra /baris/larik, saben  sapada/sapupuh/sabait. Saben-saben tembang macapat nduweni guru gatara kang beda-beda.

b.   Guru Wilangan

Guru wilangan tegese gunggunge wanda (suku kata) saben sagatra. Kayadene guru gatra, saben tembang nduweni guru wilangan kang beda-beda.

c.   Guru Lagu

Guru lagu tegese tibaning swara ana ing pungkasaning gatra kang dinulu saka guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane.

Tuladha: trap-trapaning  paugeran tembang.

Guru gatra Tembang Guru wilangan Guru lagu

( 4 )

1

( Pucung )

Murid iku kudu manut marang guru

Rukun marang kanca

Aja drengki aja srei

Aja climut aja jail aja nakal

12

6

8

12

(u, a, I, a )

u

a

i

a

( 6 )

1

2

3

4

5

6

( Mijil )

Dedalane guna lawan seketi

Kudu andhap asor

Wani ngalah luhur wekasane

Tumungkula yen dipun dukani

Bapang den simpangi

Ana catur mungkur

10

6

10

10

6

6

(i, o, e, i, i,u)

i

o

e

i

i

u

 ( 4 )

1

2

3

4

(Maskumambang)

Adhuh-adhuh rasane Taraku iki

Mboten saged omong

Bisaku mung kethap-kethip

Ragaku among gumlethak

12

6

8

8

( i, o, i, a )

i

o

i

a

 ( 9 )

1

2

3

4

5

6

7

8

9

(Sinom Parijatha)

Dhuh wong ayu pujaningwang

Dhasar ayu merak ati

Agawe sun nandhang branta

Mung sira kang ngusadani

Manuta dhuh wong manis

Mangga sira ingsun rungrum

Aja pijer lewa –lewa

Ayo nindakna karonsih

Sesarengan nyecep sarining asmara

8

8

8

8

7

8

8

8

12

(a,i,a,,i,i,u,a,i,a)

a

i

a

i

i

u

a

i

a

Tembang

Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu

Pangkur

Jinejer ning wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepa asepa lir sepah samun

Samangsane pakumpulan

Gonyak ganyuk nglelingsemi

(7)

1

2

3

4

5

6

7

8

11

8

7

12

8

8

a

i

u

a

u

a

i

Tembang

Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu

Asmaradana

Anjasmara ari mami

Masmirah kulaka warta

Dasihmu tan wurung layon

Aneng kutha Prabalingga

Prang tandhing Wurubisma

Kariya mukti Wong ayu

Puh kakang pamit Palastra

(7)

1

2

3

4

5

6

7

8

8

8

8

7

8

8

i

a

o

a

a

u

a

C. Wataking Tembang

  • Tembang Pocung           : saenake, sembranan, guyonan. Gunane kanggo guyonan (berkelakar), cangkriman, pitutur.
  • Tembang Mijil                : gandrung-gandrung, prihatin, Gunane: pangudhar rasa prihatin.
  • Tembang Maskumambang : susah nelangsa, prihatin, merana. Gunane kanggo mratelakake rasa susah karana.
  • Tembang Kinanthi          : gandrungasmara. Gunane: kanggo  mratelakake rasa susah karanaasmara.
  • Tembang Durma            : nesu, dendam, muring. Gunane kanggo pengeten nalikaning perang, tantang-tantangan.
  • Tembang Asmaradana: sengsem, nesu, dendam. Gunane mratelakake rasa susah karanaasmara.
  • Tembang Pangkur          : gandrung, tegang. Gunane kanggo menehi pepenget/peringatan
  • Tembang Sinom : lugu, susah, prasaja. Gunane kanggo menehi pitutur, kanggo mbabar rasa susah.
  • Tembang Dhandhanggula: luwes, manis, sarwa cocok. Gunane kanggo pitutur, mbabar rasa susah, kanggo pambuka gendhing.
  • Tembang megatruh        : susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti. Gunane kanggo mbabarake rasa susah.
  • Tembang Gambuh          : nerangake, nbeber kawruh. Gunane kanggo mulang muruk.

D.   Nglagokake Tembang Macapat

Tembang macapat ing ngisor iki lagokno kanthi irama kang trep !

Pangkur

Jinejer ning wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepa asepa lir sepah samun

Samangsane pakumpulan

Gonyak ganyuk nglelingsemi

ASMARADANA

Anjasmara ari mami

Masmirah kulaka warta

Dasihmu tan wurung layon

Aneng kutha Prabalingga

Prang tandhing Wurubisma

Kariya mukti Wong ayu

Puh kakang pamit Palastra

MASKUMAMBANG

Akeh janma   kandha yen  manungsa    kuwi

Bisa neka   loka

Ing  jagad  jalaran   saking

Katiban  wahyu  kabegjan

Tembang pangkur ing ndhuwur ngemu kawruh / nyritakake wong kang bodho ananging ora nggagasan. Tegese ora ngrumangsani yen menawa dheweke kuwi bodho. Dadine, ngomonge ndhuwur-ndhuwur / muluk-muluk ora ketemu nalar. Ngadhepi wong sing kaya mangkono iku luwih becik kudu ngalah. Sing pinter / nalare mlaku kudune trima ngalah lan njaga rasa-pangrasa wong bodho kuwi.

Dene ana tembang amaradana nyritakake pawongan (Damarwulan) kang pamit marang kekasihe yakuwi Anjasmara, amarga arep lunga perang mungsuh Menakjingga (Wurubisma) ana kutha Blambangan (Prabalingga). Gandeng  Menakjingga iku kawentar sekti mandraguna, mula saka kuwi Damarwulan mesthekake yen takdire tumekang pati/lampus wus cedhak

Tembang Asmaradana nduweni watak merak ati, sedhih, amarga nandhang asmara.

IV.        PENDALAMAN MATERI  

I.          Wenehana tanda ping ana aksara a,b,c,d utawa e ana wangsulan kang paling

           bener !

1.  Sing awujud puisi jawa tradisional yaiku ……

  1. Tembang           b. Parikan         c. Singir            d. Geguritan      e. Mantra

2.  Ing ngisor iki sing kalebu tembang cilik yaiku …., kajaba…

  1. Kinanthi            b. Pucung         c. Asmaradana  d. Gambuh        e. Mijil

3.  Dene sing kalebu tembang tengahan yaiku ….

  1. Gambuh            b. Wirangrong    c. Balabak         d. Juru demung  e. Sinom

4.  Ing ngisor iki sing dudu tembang tengahan yaiku …..

  1. Gambuh            b. Wirangrong    c. Balabak         d. Juru demung  e. Sinom

5.  Ing ngisor iki sing dadi paugerane tembang, kajaba ….

  1. Guru gatra b. Guru lagu  c. Guru wilangan  d. Guru tembang          e. Dhong – dhing

6.  Guru wilangan tembang asmaradana sing ora padha wandane ana ing gatra …

7.  Guru lagu tembang Sinom Parijatha ana ….. gatra

8.  Guru wilangan tembang Sinom Parijatha sing beda gunggunge ana gatra nomer ..

  1.  5 lan 7 b. 5 lan 9           c. 7 lan 9           d. 6 lan 9           e. 7 lan 8

9. Ing ngisor iki watake tembang Pangkur ….

  1. sengsem, nesu, dendam.
  2. gandrung, tegang.
  3. lugu, susah, prasaja.
  4. luwes, manis, sarwa cocok.
  5. susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti.

10. Ing ngiso iki watake tembang Asmaradana….

  1. sengsem, nesu, dendam.
  2. gandrung, tegang.
  3. lugu, susah, prasaja.
  4. luwes, manis, sarwa cocok.
  5. susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti.

11. Ing ngisor iki watake tembang Megatruh ….

  1. sengsem, nesu, dendam.
  2. gandrung, tegang.
  3. lugu, susah, prasaja.
  4. luwes, manis, sarwa cocok.
  5. susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti.

12. Ing ngisor iki watake tembang Dhandanggula ….

  1. sengsem, nesu, dendam.
  2. gandrung, tegang.
  3. lugu, susah, prasaja.
  4. luwes, manis, sarwa cocok.
  5. susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti.

13. Ing ngisor iki watake tembang Sinom …

  1. sengsem, nesu, dendam.
  2. gandrung, tegang.
  3. lugu, susah, prasaja.
  4. luwes, manis, sarwa cocok.
  5. susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti.

14. Ing ngisor iki tembang sing ora nduweni guna/paedah kanggo mbabar rasa susah …

  1. asmaradana
  2. megatruh
  3. pangkur
  4. sinom
  5. dhandanggula

15.  Tembang sing cocok kanggo pambuka gendhing yakuwi …

  1. asmaradana
  2. megatruh
  3. pangkur
  4. sinom
  5. dhandanggula

V.         TUGAS

1. Cakepan tembang Pangkur ing ngisor iki coba tembangno kanthi bener.

Pangkur

Jinejer ning wedhatama

Mrih tan kemba kembenganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepa asepa lir sepah samun

Samangsane pakumpulan

Gonyak ganyuk nglelingsemi

No

Uraian

Kriteria Ketepatan

Benar

Setengah

Salah

1

Vocal

20

10

5

2

Patrap

20

10

5

3

Titi laras

20

10

5

4

Tempo

20

10

5

5

Ekspresi

20

10

5

Total Nilai

100

50

25

PACELATHON

            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa

Kelas / Semester           : XI / I

Metode                         : Latihan, tanya jawab, ceramah, diskusi

Waktu                           : 2 x 45 Menit

================================================================

I.          PANUDUH PIWULANG

  1. Supaya paham bab pacelathon lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  2. Uga maca Materi Bab PACELATHON
  3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki/disepakati bebarengan.
  6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.

II.         KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH

Standar Kompetensi       :

BERBICARA

Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa

Kompetensi Dasar                     :

Berdialog sesuai tingkat kesantunan

Indikator                                    :

  1. menentukan tema dialog sesuai dengan ragam bahasa yang ditentukan
  2. menyusun naskah dialog dengan menggunakan ragam bahasa krama
  3. memeragakan dialog yang telah ditulisnya
  4. Menanggapi penampilan peragaan dialog yang dibawakan teman

III. INFORMASI MATERI

1.  Pangertosan Unggah-Ungguh Basa

Unggah-ungguh basa menika pranatan basa miturut lenggahing tata krama utawi sopan santun. Tegesipun sinten kemawon tiyang ingkang kawastanan mangertos unggah-ungguh basa, menawi nalikanipun gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah dipun arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang wau tansah dipuntampi, dipunremeni ing pasrawungan sarta tebih saking panyendu.

Tiyang ingkang mangertos ing unggah-ungguh saged mapanaken dhiri-pribadhinipun saleres-leresipun sarta tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes.

2.  Bab-Bab Ingkang Gayut Kaliyan Unggah-Ungguh Basa

Tiyang ingkang saged tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes, sarta mapanaken dhiri-pribadhinipun, pramila salebeting gineman utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes kedah tansah ngengeti:

Lare alit kedah asung kurmat dhateng ingkang langkung ageng, ingkang enem kurmat dhateng ingkang sepuh.

Peprenahan ing pasedherekan/trah/awu. Ingkang akleres enem kedah ngurmati ingkang kaleres sepuh, sinaosa ing bab yuswa langkung sepuh. Anak kurmat dhateng bapak/simbok, adhi kurmat dhateng kakang/mbakyu, anak keponakan kurmat dhateng pak lik/pak dhe lsp.

Kalenggahan (kedudukan) tiyang menawi drajat/pangkatipun andhap kedah caos kurmat dhateng ingkang kalenggahanipun inggil. Upami pedamel kaliyan panginggilipun, rakyat kaliyan lurahipun, warganing pakempalan kurmat dhumateng sesepuhipun, lsp.

Tiyang ingkang gadhah arta-bandha kathah utawi sugih wajib dipunkurmati dening tiyang ingkang mlarat. Tiyang ingkang pasitenipun wiyar, mesthinipun ugi dipun kurmati dening tiyang ingkang sitinipun ciyut. Senaosa kasebat ing nginggil boten lepat saking watak sarta bebudenipun tiyang ingkang sugih wau. Jer sedaya wau wangsul kaliyan ungel-ungelan ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.

Tiyang ingkang gadhah bebuden luhur langkung inggil mesthinipun langkung kinurmatan tinimbang ingkang boten. Upami: pimpinan agama (ulama); gadhah titel (Dr., Drs.lsp); ahli seni (seniman); ahli budaya (budayawan), lsp.

Anak turunipun tiyang ingkang gadhah kaluhuran kados kasebat ing nomer 5, badhe langkung dipunkurmati katimbang anak turunanipun tiyang umumipun.

Tiyang srawung menika menawi sampun kulina ketimbang ingkang saweg tepang enggal mesthi raos kurmatipun beda. Langkung kurmat dhateng ingkang saweg pitepangan enggal. Pramila panganggenipun unggah-ungguh langkung dipungatosaken.

3. Wujuding Undha-Usuk Basa

Unggah-ungguh basa, wujudipun undha-usuk basa inggih menika:

Basa ngoko (dhapukanipun tembung ngoko sadaya) Tembung-tembung ing ukara  basa ngoko lugu kuwi kabeh ngoko kayata: aku, kowe: ater-ater: dak-, kok-, di-; uga panambang : -ku, -mu, -ake, ora diowahi. Gunane basa ngoko lugu:

  • Basa ngoko alus (dhapukanipun tembung ngoko kacampur krama/krama inggil)
  • Basa krama (dhapukanipun tembung krama )
  • Basa krama alus (dhapukanipun tembung krama kacampur krama inggil)

4. Trap-Trapanipun Basa

  • Trap-trapanipun basa ngoko:

a)       Kangge tiyang sepuh dhateng putranipun/tiyang enem;

b)       Kangge sesami kanca ingkang sampun rumaket pasrawunganipun;

c)       Pangageng dhateng reh-rehanipun;

d)       Guru dhateng siswanipun.

e)       dianggo wektu ngunandika (ngomong karo awake dhewe)

  • Trap-trapanipun basa ngoko alus

a)       Tiyang sepuh dhateng tiyang enem, ingkang langkung enen langkung inggil pangkatipun.

b)       Kangge ngraosi tiyang sanes ingkang statusipun langkung inggil

c)       Tiyang ingkang rumaket srawungipun, ananging sami dene kepingin ngajeni.

  • Trap-trapanipun basa krama

a)       Tiyang gineman ing peken

b)       Tiyang sami pinanggih ing margi

  • Trap-trapanipun basa krama alus

a)       Anak dhateng tiyang sepuh, utawi tiyang ingkang langkung sepuh;

b)       Siswa dhateng guru

c)       Pitepangan enggal;

d)       Punggawa utawi reh-rehan dhateng penginggilipun;

e)       Anggota pakempalan dhateng ketuanipun.

Tuladha 1 pacelathon kang nganggo basa ngoko lan krama alus:

B. Bapak                       A. Anak

B  :  Lho, kowe Di. Wayah apa tekamu?   Rak ya padha slamet?

A  : Pangestunipun Bapak. Wilujeng . kalawau enjing jam 9, anggen kula dumugi ing ngriki.

B  : Bocah-bocah rak iya ora ana apa-apa, ta? Lha njur sida kepriye, anakmu si Gillang kae kokkon nerusake nyang ngendi?

A  : Menawi lare-lare sami sehat, ketingalipun inggih sami gumbira, dene bab Gillang, mila menika badhe nyuwun rembag. Kajengipun lare badhe sinau dhateng SMA N1 Pati. Kula radi kawratan.

B    : Wah, ya kudu enggal kokputus bab iku. Aja kook sesuwe dene yen kowe njaluk rembugkuu mangkene. Wong tuwa iku iya aja banget-banget enggone nyampuri pepingenane bocah. Yen wong tuwa wus nerangake kanthi gambling siji-sijine, lan iya pikolehe tumrap awake dhewe utawa masyarakat wus cukup. Bocahe milih endi, wong tuwa nimbang-nimbang maneh. Kaya-kaya yen Gillang  milih sekolah kuwi, sakka rasaku yaw us pas. Aku ora kabotan, dene kowe ora lila iku, rak bab dhuwit sing kudu bokbayarake akeh banget, ta?

A    : Wah, nggih mboten ngaten kok, Pak. Sampun sapunika kula ndherek pamanggihipun Bapak.

Tuladha 2 pacelathon kang nganggo basa ngoko: Bocah marang bocah

A   :  Mas Nugraha, aku mbokdiwarahi garapan matematika dhek wingi kae, yen ora, mengko akubisa didukani Pak guru. Dhasar wingi aku ora mlebu, ora pamit sisan!

B    :  Lha, ya gene ta, kok ora mlebu? Enya iki lho, turunen wae. Mumpung isih esuk mengkoo mundhak selak mlebu. Ning aja nganti kumel lo, ya! Aku arp ngresiki blabag lan nyaponi kelas.

Tuladha 3 pawongan ngunandika:

“E, aku tak turu sedhela. Awakku kesele kok ora kira-kira.”

IV. PENDALAMAN MATERI

A. Gawenen pacelathon (nganggo basa krama utawa krama alus, lan basa ngoko lugu utawa ngoko alus) kanthi topik ing ngisor iki!

  • Mengeti pahargyan dina kamardikan
  • Kabudayan jawa perlu dileluri
  • Kethoprak perlu dingrembakake generasi mudha
  • Pathol, kesenian khas Rembang saya langka
  •   Perlune nyinaoni basa Jawa

B. Pacelathon sing wis kokgawe kasebut paragakake ing ngarep kelas kanthi paugeran biji ing ngisor iki! (sing biji kanca liyane sing ora maju)

No

Uraian

Kriteria Ketepatan

Benar

Setengah

Salah

1

Intonasi

20

10

5

2

Patrap/penampilan

20

10

5

3

Ekspresi

20

10

5

4

Bloking (keseimbangan panggung)

20

10

5

5

Kelancaran

20

10

5

Total Nilai

100

50

25

C. Wenehana tanggapanmu marang pacelathon kang diparagakake karo kancamu!

V. TUGAS

A. Gawea pacelathon antaraning guru lan siswa kanthi topik cara ngrembakake bakat seni!

B. Gawea tuladha pacelathon tumraping diri pribadi (wong kang ngunandika) kanthi topik ngresula marang entuk-entukaning biji kang ala!

KARTI BASA

            Mata Pelajaran              : Bahasa Jawa

Kelas / Semester           : XI / I

Metode                         : Latihan, tanya jawab, ceramah, diskusi

Waktu                           : 2 x 45 Menit

================================================================

I. MATERI PEMBELAJARAN

PEPRINCENING TATA UKARA

            Ukara miturut Tata Bahasa Baku Bahasa Indonesia nduweni teges peranganing basa kang dumadi saka tembung-tembung kang nduweni teges kang jangkep. Teges kang jangkep kuwi nduweni perangan paling sithik loro cacahe, yakuwi jejer lan wasesa. Yen tinulis ukara kuwi kudu tinulis mawa aksara capital ing purwaning ukara lan dipungkasi karo tandha wacan titik, panyeru, utawa pitakon. Dene yen sacara lisan, ukara kuwi dipungkasi mawa lagu utawa intonasi pawarta, panyeru utawa pitakon.

Ukara yen dideleng saka patraping jejer (subjek) marang wasesa (predikat/tindakan) lan wasesa marang lesan utawa katrangan kaperang dadi:

  • Ukara tanduk  (kalimat aktif) tegese ukara kang jejere nindakake pakaryan kang sinebut ana ing wasesa.
  • Ukara tanggap (kalimat pasif) tegese ukara kang jejere kataman pakaryan kaya kang sinebut ing wasesa.

Ditonton saka wujuding ukara kabedakake dadi telung ukara:

  • Ukara ganep utawa ukara lamba (kalimat lengkap)

Ukara lamba paling sithik nduweni jejer lan wasesa. Luwih jangkep menawa nduweni lesan lan katrangan.

Tuladha:

Rikala wulan November 2010, Merapi njeblug

Katrangan             jejer    wasesa

Pak Minto nerangake piwulangan matematika ing kelas XI IPS3

J               W                          L                                 K

  • Ukara ora ganep (kalimat tidak lengkap)

Ing ngisor iki jinising ukara ora ganep:

Tuladha:

(…) Damunen teplik kae!

(…) Mangana!

(…) Nulis apa?

Tuladha:

Sriyati! (kudune Sriyati mrenea!)

  1. Ukara cewet jejer lan wasesane

Tuladha:

HUT SMA 3 (Kudune Murid-murid mahargya HUT SMA 3)

  •  ukara rangkep (kalimat majemuk)

Ukara yen dideleng saka isining pikiran, gagasan utawa teges sing diwedharake kaperang dadi wolu, yakuwi:

  • Ukara crita/pawarta (kalimat berita)
  • Ukara pitakon (kalimat Tanya)
  • Ukara pakon (kalimat perintah)
  • Ukara pangajak (kalimat ajakan)
  • Ukara panjaluk (kalimat permintaan)
  • Ukara pangarep-arep/pangajab (kalimat pengharapan)
  • Ukara prajanji (kalimat janji)
  • Ukara pepindhan/umpama (kalimat perumpamaan)

1.  Jejer

Jejer ana ing Basa Indonesiadiarani subjek, yakuwi paraga utawa bab tertemtu kang nindakake/ngayahi utawa kataman pakaryan. Jejer biasane dumaddi saka tembung aran (kata benda/kata yang dibendakan).

Tuladha:

  • Dhek wingi aku dolan menyang Juwana
  • Kasugihane ora ana sing ngungkuli
  • Anggone arep tindak menyang Semarang wurung

2. Wasesa

Tegese sakabehing tembung kang nerangake jejer ngenani patrap, tumindak, utawa kahanan/sipate. Wasesa kaperang dadi telu:

  • Wasesa ana ing sajroning ukara tanduk

Wasesa ana sajroning ukara tanduk dumadi saka tembung-tembung karimbag tanduk (kata kerja aktif/tembung kriya tanduk). Tembung kriya kabedakake rong tembung.

ü       Tembung kriya tanpa lesan (kata kerja tak berobjek);

ü       Tembung kriya mawa lesan (kata kerja berobjek)

Tuladha:

ü       Sriningsih lungguh ing meja (tembung kriya tanpa lesan)

ü       Wayah ngene kowe lagi teka (tembung kriya tanpa lesan)

ü       Esuk-esuk Karna wisnganggo klambi lurik (tembung kriya mawa lesan)

ü       Aku tuku buku roman (tembung kriya mawa lesan)

  • Wasesa ana ing sajroning ukara tanggap

Wasesa ana sajroning ukara tanggap dumadi saka tembung kriya kang antuk wuwuhan ater-ater  kok- lan  di-.

Tuladha:

ü       Anake diturokake (simboke)

ü       Anake kokturokake

ü       Klambine dikumbah (rewange)

ü       Klambine kokumbah

ü       Adhik kokjiwit

Wasesa bisa kedadeyan saka tembung-tembung ing ngisor iki …

  1. 1.       Wasesa saka tembung aran

Tuladha:

ü       Buntelan kae buku

ü       Kang abang-abang kae puthu

ü       Kang diimpi-impi kekasihe

  1. Wasesa saka tembung kaanan

Tuladha:

ü       Gambar iku apik

ü       Rupane ala

  1. Wasesa saka tembung sesulih

Tuladha:

ü       Kang kokgoleki iku apa?

ü       Iki … laying kang ketlisut

  1. Wasesa saka tembung wilangan

Tuladha:

ü       Dhuwitku sithik banget

3. Lesan

Lesan utawa objek biyasane ana ing mburine wasesa. Tuladha:

ü       Adhine ditukokake dolanan.

ü       Segane dientekake anakke.

4. Jinising Katrangan

Tuladha:

ü       Adhimu lagi mangan aja diregoni (katrangan wektu)

ü       Aku mentas mangan (katrangan titimangsa kang kepungkur)

ü       Anita arep mangan (katrangan ttitimangsa kang during kelakon)

Tuladha:

ü       Bapak tindak kantor

ü       Ibu tindak menyang Solo

Tuladha:

ü       Gillang ora ndherek, amerga lagi lara

ü       Inggih mergi gerahipun sanget, mila Bapak kedah enggal dipun jampi

Tuladha:

ü       Mlakune terus wae tanpa leren, nganthi theyol sikile.

ü       Bocah iku dipilara nganti biru erem

ü       Aja pisan-pisan cilik atimu, najan ala bijimu

ü       Anjana macane plegak-pleguk

ü       Asune playune nggendring

ü       Lare menika tan sesakitan kemawon, kejawi ta yen pinilala ingkang saestu

ü       Sawahe jembar banget

ü       Omahe rada gede, ning rada ala.

II.  PENDALAMAN   MATERI

SOAL ULANGAN UMUM SEMESTER I

 TAHUN PELAJARAN 2009/2010

Mata Pelajaran         : Bahasa Jawa                                       Hari/Tanggal   :

Kelas/Program         : XI (IPA-IPS)                                        Waktu             :

  1. I.         Wangsulana kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d utawa e pratelan kang bener ing lembar jawaban kang cumawis!

Wacanen khotbah ing ngisor kanthi premati!

Assalamualaikum wr. wb.

                Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar. Para sedherek mangga samya nambahi taqwa dhumateng Allah, inggih punika nindakaken sedaya parentahipun Allah tuwin nebihi sedaya larangan Allah.

                Para sedherek muslimin lan muslimat, ing dinten riyaya Idul Fitri punika kalebet dinten ingkang mulya tumrapipun umat Islam, ingkang sami suka sokur amargi sampun ngrampungaken anggenipun nindakaken siyam Romadhon setunggal wulan. Bilih sinten kemawon ingkang nindhakaken siyam ing wulan Romadhon, dipuntebihaken saking siksa neraka, dipunparingi ganjaran ingkang matikel-tikel.

                Para sedherek muslim ingkang minulya, begja sanget tumrap para sedherek ingkang sami enggal-enggal nindakaken kewajiban, ingkang sampun katetepaken dhumateng kita sedaya umat Islam, inggih punika ngedalaken zakat fitrah, minangka kangge nyuceni dhumateng abdhan kita tuwin ndadosaken sebab leburipun sedaya dosa wekdal ngibadah siyam kita. Kados dhawuhipun nabi Muhammad SAW. Siyam wulan Romadhon punika dipunibarataken antaranipun langit kaliyan bumi, boten katrima sampurna dening Allah kajawi manawi sampun ngedalaken zakat fitrah.’………………………………………………………………………………………………………………………………

1 . Andharan khotbah kuwi diwenehake nalika acara…

a. sholat idul Adha

b. Sholat Jumat

c. Sholat Taraweh

d. Sholat Idul Fitri

e. Pengajian

2 . Manut khotbah kuwi, apa kang kudu ditindakake supaya ibadah siyam katrima sampurna dening Allah ?

a. bayar zakat fitrah

b. sholat tarawih

c. sholat Idul Adha

d. Sholat Idul Fitri

e. bayar sodaqoh

3. Pratelan ing ngisor kang jumbuh karo khotbah ing dhuwur yaiku…

a. nindakake pasa ing dina Idul Fitri halal.

b. sarampunge pasa Romadhon bayar zakat maal.

c. pasa Romadhon katrima sampurna sanajan durung bayar zakat fitrah.

d. Ing wulan Romadhon diadohke saka siksa neraka lan diparingi ganjaran matikel-tikel.

e. Diajab supaya ora cepet-cepet bayar zakat fitrah.

4.     Crita pengalaman ana wong kang kepengin ngliling bayi, nanging kliru nyebut jenenge bayi kuwi, jebul sing disebut kuwi jenenge bapake. Crita kuwi dadi sumber gagasan crita pengalaman :

a. lucu

b. ngisin-ngisini

c. mesakake

d. nrenyuhake

e. nyedhihake.

5.     Wedhuse Kandhi kena penyakit, sikile pincang, saking sayange karo wedhuse, lha kok mara ning omahe Pak Ketua RT njaluk layang keluarga miskin arep kanggo pengantar nambakake wedhuse. Dhasar sing njaluk layang wong gebleg, Ketua RT melu nggeblegi pisan, kowe dak gaweake layang

ndi wedhusmu iku, mbok menawa kaserang penyakit folio, kudu cepet diobati. Becike gawa ing posyandu sesuk ben disuntik lan diparingi vitamin.Amarga wedhusku iki kurang gizi. Sesuk wedhuse digawa ning posyandu dipondhong dicedhakake pegawe puskesmas.

”Menda kula sakit polio Bu, kurang gizi, nyuwun dipun timbang kaliyan diparingi vitamin”.

”Nuwun sewu Pak ngriki mung mligi  mriksa balita”, keterangane Bu Bidan karo ngguyu.

”Lho menda mboten saged dipun obati ting ngriki?

”mboten saged, mboten dhateng ngriki” pengobatane !”

“Lho dhateng pundi Bu pengobatane?

“ Dhateng bakul sate ! jawabe Bu Bidan karo ngempet ngguyu.

Wong-wong sing ana kono padha ngguyu kabeh. Apa tumon? ( S. Dwidjopurnomo.PS-06, 11 Pebruari 2006, kapethik saperlune).

Apa kang nyebabake crita pengalaman kuwi lucu?

  1. Saking bodhone Si Kandhi
  2. Saking bodhone Pak Ketua RT
  3. Saking ketula-tulane wedhuse
  4. Saking lucune Si Kandhi

e.  Saking lucune Bu Bidan le menehi saran

6.     Crita pengalaman ana wong kang kepengin ngliling bayi, nanging kliru nyebut jenenge bayi kuwi, jebul sing disebut kuwi jenenge bapake. Crita kuwi dadi sumber gagasan crita pengalaman :

a. lucu

b. ngisin-ngisini

c. mesakake

d. nrenyuhake

e. nyedhihake.

7.     Manungsa lan tetuwuhan mbutuhake banyu kanggo urip. Banyu digunakake dening

manungsa kanggo kaperluan ngombe, adus, lan masak. Dene tetuwuhan mbutuhake

banyu, kajaba kanggo urip uga kanggo nak-kumanakake tetuwuhan. Manawa manungsa

lan tetuwuhan kakurangan banyu, uripe ora bakal sampurna

Menawa nilik saka ukara pokok, paragrap ing dhuwur kalebu jinis paragrap……

  1. induktif
  2. deduktif
  3. repetitif
  4. deskriptif
  5. persuasif

8.     Ukara penjelas ing paragrap dhuwur iku arupa …………

  1. bukti
  2. uraian
  3. tuladha
  4. tuladha lan uraian
  5. bukti lan tuladha
  6. Paragrap ing dhuwur nganggo pola pengembangan kang arupa …………
    1. analogi
    2. generalisasi
    3. sebab akibat
    4. akibat sebab
    5. perbandingan
    6. Srengenge wis jumedhul ing sisih wetan. Katon mencorong, among tani padha mangkat menyang sawah manggul garu lan nuntun sapine. Sing wadon padha menyang pasar nggendhong asil pawetune, Bocah-bocah padha budhal sekolah. Manuk-manuk padha ngoceh ing wit-witan. Pitik, bebek, menthog wis padha metu saka kandhange golek pangan dhewe-dhewe. Ora katon mega sathithik-thithika. Esuk iki pancen padhang njingglang.

Ukara pokok paragrap ing dhuwur mapan ing …….

  1. tengahing paragrap
  2. awal paragraf
  3. pungkasane paragraf
  4. campuran
  5. ora ana ukara pokoke
    1.  Ukara penjelas ing paragrap dhuwur arupa …..
    2. bukti
    3. uraian
    4. tuladha
    5. tuladha lan uraian
    6. bukti lan tuladha
    7.  Paragrap ing duwur nganggo pola pengembangan kang arupa ……
      1. analogi
      2. generalisasi
      3. sebab akibat
      4. akibat sebab
      5. perbandingan

13. Ing ngisor iki sing wacane bathok, yaiku : ….

  1. btek\
  2. b[tok\
  3. bqk\
  4. b[qk\
  5. b[qok\

14. Tembung banjir yen ditulis nganggo aksara jawa, yaiku ………..

  1. bnJi/
  2. bnJu/
  3. bkJu/
  4. znJi/
  5. bvJi/

15. Panulisane aksara jawa sing bener kanggone tembung Sinau, tukua, dadia yaiku ….

  1. sinau,tukuw,ffiw
  2. sinau,tukuw,pdiw
  3. sinau,tukua,ffiw
  4. sinau,tukua,ffia
  5. sinau,tukuw,ffiy
  6.  2007 yen ditulis nganggo aksara jawa dadine……

a. 2006

b. 2016

c. 2007

d. 2005

e. 2001

17.  Asia Tenggara yen ditulis nganggo aksara Jawa dadine ……

  1. asiywe=mr
  2. asiyte=mr
  3. asiawe=mr
  4. Asiyte=gr
  5. Asiywe=gr

18. Basa kramane muleh yen ditulis nganggo aksara jawa, yaiku ……

a.       mulih

  1. bli
  2. [konFu/
  3. w=sul\
  4. tinFk\

Yen diulis nganggo aksara latin dadine…..

a. 3407

b. 4752

c. 4573

d. 5472

e. 4527

20. Pasangan aksara jawa kang ditulis ing jejere aksara jawa yaiku ………..

a.  p t l

Wacan rumpang iki jangkepana!

Aku nate diajak Bapak ——(21) Wonosobo. Ing tengah dalan ana ——(21) “Jual bibit lele Dumbo”. Dasar hobi, aku —–(21) tuku bibit lele 20 —-(22) lan pakane. Tekan ngomah —– (22) dakcemplungake ing kolam kang ——(22). Esuk-esuk aku tangi gasik —– (23) makani lele. Iseng-iseng daketung kayane kok —–(23). Ah,mbok menawa isih —– (23) ing ngisor watu, ngono batinku. —–(24) saeba kagetku bareng kolame —— (24) lelene dakwadahi ember jebul —– (24) kari 11 iji.

21.          a. dolan, tulisan, lagi

b. menyang, papan nama, pengin

c. menyang, tulisan, banjur

d. lunga, papan nama, langsung

e. lunga, tulisan, banjur

22. a. akehe, langsung, lawas

b. iji, banjur, lawas

c. iwak, sisan, lawas

d. lele, banjur, lawas

e. wiji, sisan, lawas

23.      a. lali, mencolot, nglangi

b. arep, nglangi, ndekem

c. arep, mencolot, ndekem

d. arep, kurang, ndelik

e. langsung, mencolot, ndelik

24.      a. nanging, dakkuras, mung

b. menawa, dakjupuk, mung

c. banjur, dakkuras, kok

d. banjur, dakjupuk, kok

e. nanging, dakkuras, kok

  1.  Apa kang diarani layang iber-iber kuwi ………….
  2. layang ringkes utawa cekak aos kang isine saperlune bae
  3. layang kang dicaosake, dikirimake utawa di iberake
  4. layang kang isine ngaturi supaya rawuh
    1. layang kang isine babagan kesripahan
    2. Layang kang surasane prajanji babagan dol tinuku barang, nyewakake barang lsp.
    3.                                                                                                 (1) Kanggo mitraku,

Lembut Cahaya Bulan

Ing Ngayogyakarta

(2) Salam kangen,

(3)           Bulan mitraku, lumantar layang iki aku nggambarake menawa kahananku apik-apik wae, tansah bagas waras ora ana alangan sawiji. Muga-muga kahananmu uga mangkana, satemah bisa nindakake jejibahan dadi murid yaiku sinau.

(4) Dakcritani, menawa SMA ku dhek dina Senen tanggal 27 Juli 2009 nganakake sarasehan Basa Jawa. Ing Sarasehan kuwi ngrawuhake pakar Basa Jawa saka UGM sing asmane Bapak Prof. Dr. Soepomo Poedjosoedarno. Sing melu sarasehan dumadi saka kaluwarga besar SMA ku wiwit saka murid., guru, sarta Bapak Kepala Sekolah uga kepareng rawuh. Ing adicara iku Bapak Soepomo ngndharake babagan budi pekerti dikanteheni tuladha sing gampang di ngerteni.

Bulan, saka sarasehan kuwi aku dadi luwih ngerti bab unggah-ungguh, tata krama lan panggonane basa Jawa ing pasrawungan. O, iya. Kapan kowe dolan neng Rembang? Jare arep dolan ? Mengko diajak menyang taman Kartini deleng Segara. Neng Yogya rak arang deleng segara to? He he he….

(5) Semene dhisik mitraku, liya wektu disambung maneh. Menawa ana luputku aku njaluk pangapura.

(6) Rembang, 20 Juli 2009

(7) saka mitraku lawas

(8) Puspita Nareswari

Wasana Basa ana ing layang dhuwur isine …..

  1. Rembang, 20 Juli 2009
  2. Saka mitraku lawas
  3. Puspita Nareswari
  4. Semene dhisik mitraku, liya wektu disambung maneh
  5. Salam kangen
  1.  Paprenah ana ing layang iber-iber  yaiku ……
    1. Puspita Nareswari
    2. Saka mitra lawasku
    3. Semene dhisik mitraku, liya wektu disambung maneh
    4. Salam kangen
    5. Rembang, 20 Juli 2009
  1.  Sedaya Lumampah kantghi rancag. Yen ditulis jawa dadine …..

a. rncg\

b. rnCg\

c. rv\cg\

d. rn\cg\

e. rvcg\

29. Aja tansah sesambat wae. Tembung sesambet yen ditulis nganggo aksara jawa dadine ……….

a. sesm\bt\

b. sesmbt\

c. [ssmBt\

d. ssmBt\

e. ssm\bt\

30.        Tulisan Jawa ing ngisor iki wacane “ sesorah “

a. [s[sorh

b. se[sorh

c. [so[sorh

d. sesrh

e. ssrh

31. Tlaga ranjeng iku ana Kabupaten Brebes. Ranjeng yen ditulis nganggo aksara jawa dadine ……………

a. rnJe=

b. rvJe=

c. rvJe=

d. rn\je=

e. rv\je=

32.  Panjangipun telaga kirang langkung 1400 meter. 1400 meter yen ditulis nganggo aksara jawa dadine ………..

a. 1500 mete/

b. 1200 [mte/

c. 2100 [mte/

d. 1500 [mte/

e. 5100 [mte/

Geguritan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis !

Sobat Sayekti

            Fx. Sumarma, S. Pd.

      Weninging embun ing wayah esuk

Yaiku kang ora nate aku ngerteni

Kaya dewa lan dewi

Wis cinipta kanggo aku

Ing wektu aku ngalami susah

Dumadi lelagon kang merdhu kanggoku

Ing wektu aku ngrasa seneng

Dumadi swasana kang katon gumuyu

Pancene dumadi becik lan edi

Kang tansah ngancani aku

Yen saiki aku wis mangerteni

Sejatine ….

Sliramu kang tansah dadi atiku

Yoyakarta, Desember 2006

                                    PS- 15/2006

33.      Geguritan ing dhuwur diripta dening ………….

a. Fx. Sumarma, S. Pd.

b. Yogyakarta

c. Desember 2005

d. PS- 15/2005

e. Sobat Sayekti

34.       Wektu ngripta geguritan ing dhuwur rikala …………

  1. Fx. Sumarma, S. Pd.
  2. Yogyakarta
  3. Desember 2005
  4. PS-15/2006
  5. Sobat Sayekti
  6.      “Pancene dumadi becik lan edi”

Tegese Edi ana ukara ing dhuwur yaiku …………

Kajaba …………

  1. endah
  2. apik
  3. peni
  4. nyenengake
  5. adhi
  6.        Lelagon dumadi saka tembung ………….
  7. lela
  8. lagu
  9. lelagu
  10. lagon
  11. legon

37.          Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku :

a. sobat sayekti

b. PS-15/2006

c. Yogyakarta

d. Fx. Sumarma, S. Pd.

e. Desember 2005

38.  Unsur-unsur intrinsik geguritan  kajaba ….

a. amanat

b. pesan

c. basane endah

d. ide

e. tema

39.     ndhek bengi simbah nginep neng omahe pak dhe, ukara kasebut yen di gawe dadi basa krama yaiku …..

a. kala ndalu simbah nyipeng dalemipun pak dhe

b. ndhek dalu simbah nyipeng daleme pak dhe

c. ndhek dalu simbah nginep wonten daleme pak dhe

d. kala dalu eyang nginep teng griyane pak dhe

e. kala dalu eyang nyipeng teng griyane pak dhe

40.  Rambute simbah wis putih kabeh amarga umure wis tuwa banget.  Yen diowahi dadi basa krama yaiku ….

  1. Rambutipun simbah sampun pethak sedaya amargi umuripun sampun tuwa sanget.
  2. Rambutipun eyang sampun putih sedanten amargi umure sampun sepuh sanget.
  3. Rikmanipun simbah sampun pethak sedaya amargi yuswanipun sampun sepuh sanget.
  4. Rikmanipun simbah sampun putih sedaya amargi umuripun sampun sepuh sanget.
  5. Rikmanipun eyang sampun putih sedanten amargi yuswanipun sampun sepuh sanget.
  6.  Ukara ing ngisor iki miturut unggah-ungguh basa kang bener, yaiku …..
    1. Bapak nembe sare, adhik ugii ndherek tilem
    2. Bapak nembe sare, nalika ibu lagi teka
    3. Ibu saweg tindak teng pasar, nalika adhik tindak sekolah
    4. Ibu nembe tindak wonten peken, wekdal adhik kesah kantor
    5. Ibu teka saking peken

42.       Sotya murca ing embanon, candraning alam kasebut tegese mangsa …….

a.     kapisan

b.     kapindho

c.     katelu

d.     kapapat

e.     kalima

43.          Candraning alam pancuran mas sumawur ing jagad teges, yaiku ……

  1. Wiwit akeh udan
  2. Usum woh-wohan mirasa
  3. Akeh lelara
  4. Lemah-lemah padha mlethek
  5. Wit-witan padha mbrindhili
    1.       Ana puisi jawa sing nduweni ciri-ciri pantun diarani …….

a. parikan

b. singir

d. tembang

e. pada

  1.     Ing ngisor iki sing dudu kalebu tembang tengahan yaiku …..
    1. megatruh
    2. gambuh
    3. sinom
    4. balabak
    5. wirangrong
    6.    Tembang macapat sing nduweni watak merak ati, sedhih, karana asmara yaiku ….
      1. Maskumambang
      2. Mijil
      3. Asmaradana
      4. Durma
      5. Dhandhanggula
    7.    Ing ngisor iki dudu kalebu paugeran yen nggawe tembang yaiku ……
      1. guru tembang
      2. guru gatra
      3. guru wilangan
      4. dhong dhing
      5. guru lagu
      6.         Cacahing wanda saben sagatra diarani …..
      7. guru gatra
      8. guru wilangan
      9. guru lagu
      10. dhong dhing
      11. guru pada

Mrih tan kemba kembanganing pambudi

Mangka nadyan tuwa pikun

Yen tan mikani rasa

Yekti sepa asepa lir sepah samun

Samangsana pakumpulan

Gonyak ganyuk ngelingsemi

Tembang macapat ing dhuwur kuwi tuladha tembang ……..

  1. pangkur
  2. sinom
  3. asmaradana
  4. maskumambang
  5. mijil
    1.         Golekana guru lagu lan guru wilangane tembang macapat ing dhuwur …….
      1. 8i, 11a, 8u, 7a, 12a, 8a, 8i
      2. 8a, 11i, 8a, 7a, 12a, 8a, 8i
      3. 7a, 12i, 7a, 7a, 12a, 8a, 8i
      4. 7a, 11i, 8a, 8a, 11a, 8a, 8i
      5. 8a, 11i, 9a, 8a, 11a, 8a, 7i

SOAL URAIAN

  1. Tulisen nganggo aksara ukara ing ngisor iki !
    1. kacang mangsa, ninggala lanjaran
    2. blusuk ketekuk, pinter keblinger
    3. emban cindhe, emban ciladan
  2. a. Apa bedane paragrap deduktif lan paragrap induktif ?

b. Gawenen tuladha paragrap deduktif lan induktif !

3. Tulisen Latine tulisan aksara jawa ing ngisor iki ?k/[to[no:b[bonPutihk[rob[bonHix=pinTe/si=aenFi,ar.

?Alibb:aemBuh,y,lh[wo=pdbiss[nze[nDog\,

?k/[to[no.mekSpinTe/si=aix=.tnD[nae[nDo[gGbisputih.bx=b[bonPutihae[nDo[gG[aorbisaix=.

==== Sugeng Makarya====

SOAL ULANGAN SEMESTER 1

TAHUN PELAJARAN 2010-2011

I. Wenehana tandha ping (X) ana aksara a, b, c, d, utawa e, kang paling bener!

1. Bapak-Bapak, Ibu-Ibu saha Sadherek-Sadherek ingkang dahat kinurmatan. Sadherengipun mangga kita sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti wonten ngarsaning Gusti Allah SWT, dene kita taksih sami pinaringan rahmat hidayahipun, saha kasugengan, karaharjan sahingga saged makempal wonten pawiwahan menika….

Perangan sambutan ing ndhuwur kasebut minangka…

a. Adangiyah                         d. Panutup

b. Bebuka                              e. Titiwanti

c. Surasa

2. Perangan sambutan sing isine ngrembug babagan sing baku, yaiku…

a. Adangiyah                         d. Panutup

b. Bebuka                              e. Titiwanti

c. Surasa

3. Kanggo mengeti lan mahargya dina Kamardikan RI, sekolah ngadakake lomba sesorah kanggo siswa. Nadhira arep melu lomba sesorah kuwi. Gandheng dheweke kulina sesorah, Nadhira ora nggawe teks komplit nanging mung nggawe cengkorongan sing wigati. Metode sing digunakake Nadhira yaiku…

a.Impromptu                         d. Ekstemporan

b. Teknik                                e. Apalan

c. Naskah

4. Apa tumon, maling kok keturon. Critane mangkene: Nalika satengahe “beraksi”, kedadak sing kagungan dalem kondur saka kerja. Rumangsa kesumpeg lan bingung, sang pandung mau munggah plafon kamar mandi. Tuwan rumah kaget, ing arah kamar mandi ana swara HP muni “nada panggil”. Bareng ditlusur,e….jebul malinge keturon ana ing plafon. Hpku sing lagi wae dijupuk bisa dakslametake.

Carita ing ndhuwur surasane….

a. Nyenengake                     d. Nyedihake

b. Nrenyuhake                      e. Lumrah

c. Lucu

5. Sapa sing nyritakake crita apa tumon kuwi?

a. Panulis                              d. Simbah

b. Aku                                     e. Maling

c. Pandung

6. Ana ibu kang wus tuwa, mecaki dawane dalan, kanthi nyangking tas isi alat-alat elektronik. Kang diedol menyang ngomah-ngomah warga. Dheweke ora leren nadyan udan, panas. Betheke supaya bisa nyukupi uripe.

Crita mau surasane….

a. Nyenengake                     d. Nyedihake

b. Nrenyuhake                      e. Lumrah

c. Lucu

Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis! (Kanggo soal nomer 7-8)

Manungsa ora bisa urip ijen, mula dibutuhake pasrawungan karo wong liya, kanggo nyukupi kabutuhan mau dibutuhake sarana komunikasi kang awujud basa. Ana basa isyarat, basa tinulis lan basa lisan. Mula banjur sinebut basa iku minangka piranti kanggo sesrawungan.

7. Paragraf ing ndhuwur katilik saka panggonan ukara pokoke diarani paragraf….

a. Deduktif                     d. Deskriptif

b. Induktif                       e. Argumentatif

c. Repetitif

8. Dudutan  paragraf ing ndhuwur yaiku…

  1. Manungsa ora bisa urip ijen
  2. Dibutuhake pasrawungan karo wong liya
  3. Basa minangka piranti kanggo sesrawungan
  4. Ana basa isyarat, basa tinulis lan basa lisan.
  5. Sarana komunikasi kuwi awujud basa

Wacanen paragraf ing ngisor iki! (soal nomer 9-11)

Kanthi ajune jaman lan teknologi kaya sing lagi dialami saiki, basa lan budaya Jawa wus ora katengen maneh(1). Malah kepara wiwit cilik bocah wus padha dikulinakake omongan nganggo basa Indonesia(2). Dadi wiwit cilik, bocah kasebut wus ora mangerti pasrawungan kang njawani(3). Kamangka basa lan budaya Jawa iku bisa ngalusake bebuden(4).

9. Ukara pokok paragraf ing ndhuwur ana ukara nomer…..

a. 1                                    d. 4

b. 2                                    e. 1 lan 2

c. 3

10. Katilik saka papan panggonane ukara pokok paragraf ing ndhuwur diarani….

a. Deduktif                       d. Deskriptif

b. Induktif                         e. Naratif

c. Repetitif

11. Ukara panjelas paragraf ing ndhuwur kedadeyan saka… ukara.

a. 1                                 d. 4

b. 2                                 e. 5

c. 3

12. Paragraf sing ukara pokoke ana ngarep dalah ana pungkasaning paragraf diarani paragraf..

a. Deduktif                     d. Deskriptif

b. Induktif                       e. Argumentatif

c. Repetitif

$LmetRiyfiphlwnNsi[yonl\

?swi[sSfipe/juw=z[k:30:tau[nFni=tilsKvClnHnkB|wh

[a,mLigi[npra=[gottenTr pelj/ si=aisihsug_,suw/gi$LmetRiyfiwusn[nktetepP[kmi[n=ok phlwnN s[yonl\. kjbkuwiai=Upcr [mzetiTariphlwn\,pmrinThaugasu=binT=maput]Adip]dnmr=pejuw=aslSlsi=kekenFelL[ng[wmiri[sStenTrpen|DDdukKnWlnFksebut\,

?mi[n=okpzucpSuku/ks[fJnFer

[lJo[kos[nTos,seninHwn:12:

[no[pmBe/me/[lokK[ktinFkSlspe/luz}[sMkK[kpt=u[z$LmetRiyfik=mpnHi=bun/Fern\gLdgSl.

13. Sapa pahlawan nasional sing kasebut ana ing wacana kuwi?

  1. Pangeran Diponegoro
  2. Teuku Umar
  3. Slamet Riyadi
  4. Sultan Hasanudin
  5. Teuku Cik Di Tiro

14. Pirang taun tilas kanca lan anggota tentara pelajar olehe merjuangake Slamet Riyadi sahingga katetepake minangka pahlawan nasional?

a. 20               b. 30       c. 40       d. 50       e. 60

15. Pamarentah uga asung penghargaan marang almarhum Slamet Riyadi ing upacara hari pahlawan. Penghargaan kuwi arupa…

  1. Bintang Maha Putra Ari Pradana
  2. Bintang Maha Putra Upakarti
  3. Bintang Maha Putra Adiijiwanda
  4. Bintang Maha Putra Adipradana
  5. Bintang Maha Putra Yudhapradana

16. Mapan ana ing ngendi patunge Slamet Riyadi?

  1. Ngarepe benteng viktoria
  2. Ambon
  3. Maluku
  4. Bukit Barisan
  5. Bunderan Gladhag Sala

17. Kasad Joko Santoso tindak Sala tanggal…

  1. 10 Nopember
  2. 11 Nopember
  3. 12 Nopember
  4. 13 Nopember
  5. 14 Nopember

18. Saka ngendi asale Slamet riyadi?

a.Surabaya                          d. Blitar

b. Salatiga                             e.Jakarta

c. Sala

19. Tegese tembung mligine yaiku…

a. Umume                             d. Amerga

b. Khususe                           e. Mungsuhe

c. Kanggone

Wacanen paragraph ing ngisor iki! (soal nomer 20-23)  

Dhek dina Rebo Pertamina lan Exxon- Mobil Oil Indonesia (kang pusate ing Houston Amerika Serikat). wis…….20…nandatangani perjanjian…..21…kerjasama operasional pengembangan Blok Cepu. Luwih terange bebadan leloro mau nedya bebarengan nyedot, nyuling sarta ngolah lenga bumi kang…..22…ing bumi Blok Cepu. Wilayahe ngliputi Kabupaten Blora (Jateng) lan Kabupaten Bojonegoro (Jatim).

Tembung-tembung kang trep kanggo ngisi ukara kang gothang ing ndhuwur yaiku…

20.          a. Ngasilake         d. Kesepakatan

b. Pratela               e. Klakon

c. Nggelar

21.          a. Kesepakatan                   d. Wilayah

b. Bareng-bareng                e. Ngliputi

c. Pihak

22.          a. Kandhutan                        d. Dialab

b. Sumimpen                       e. Ngeruk

c. Ngasag

23. Ukara pokok paragraf ing ndhuwur yaiku….

  1. Pertamina lan Exxon Mobil Oil wis nanda tangani perjanjian.
  2. Anane kerjasama operasional pengembangan blok Cepu
  3. Bebadan leloro mau nedya bebarengan nyedot, nyuling, sarta ngolah lenga bumi.
  4. Wilayahe ngliputi Kabupaten Blora lan Kabupaten Bojonegoro.
  5. Exxon Mobil Oil pusate ing Houstan Amerika Serikat.

24. Sing marakake kodhenge para ahli sejarah, kok makame Rara Mendhut iku ana telu.

Tembung kodhenge tegese…

a. Gumune                      d. Susahe

b. Ngelune                       e. Mikire

c. Bingunge

25. Sing kalebu adangiah ing ngisor iki yaiku…

  1. Rembang, 25 November 2010-11-07
  2. Katur Bapak/ Ibu Sumaharja ing Rembang
  3. Bebarengan layang iki kang putra ngaturi kabar menawa kahanan kang putra sehat…lsp.
  4. Salam takdzim
  5. Bapak lan Ibu, ing mriki kula namung matur nyuwun transfer arta kangge mbayar widya wisata wonten Bali mbenjing wulan Desember.

26. Ing ngisor iki  sing kalebu titi mangsa yaiku…

  1. Rembang, 25 November 2010-11-07
  2. Katur Bapak/ Ibu Sumaharja ing Rembang
  3. Bebarengan layang iki kang putra ngaturi kabar menawa kahanan kang putra sehat…lsp.
  4. Salam takdzim
  5. Bapak lan Ibu, ing mriki kula namung matur nyuwun transfer arta kangge mbayar widya wisata wonten Bali mbenjing wulan Desember

27. Perangan layang sing kalebu surasa basa yaiku…

  1. Rembang, 25 November 2010-11-07
  2. Katur Bapak/ Ibu Sumaharja ing Rembang
  3. Bebarengan layang iki kang putra ngaturi kabar menawa kahanan kang putra sehat…lsp.
  4. Salam takdzim
  5. Bapak lan Ibu, ing mriki kula namung matur nyuwun transfer arta kangge mbayar widya wisata wonten Bali mbenjing wulan Desember

28. Swarane Setyawan kung yen ditulis jawa dadine…

a. ?sWr[nset-wnÑ=|.

b. ?sWrnesetiywnK=u.

 c.?suwr[nsetiywnKu=z \.

 d.?suwr[neset-anÑ|=.

 e.?sWr[nsetYwnÑ|z \.

29. Tembung tetuwuhan menawa katulis  aksara Jawa kang bener yaiku…

a. tutuwuhan\

b.tetuwuan\

c. tutuwuan\

d. tetuwuhan\

e.tetuwuan

30. ?titikPusPnFu[wx[spH[w[tNom\.

Aksara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara latin dadi…

  1. a.Titik puspa duwe resep hawet enom
  2. b.       Titika puspa anduweni resep awet nom
  3. Titik puspa nduwe resep awet nom
  4. Titik Puspa nduwe resep kanggo nom
  5. Titik Puspa duwe resep kanggo nom

31. Dina idul fitri ing wulan Oktober menawa katulis jawa dadi…

a. ?finaidulP+t]iai=wuln [ao[koTbe/.

b.?finaidulP+t]iai=wuln \O[koTbe/.

c?dinIdulP+t]iai=wuln \O[koTbe/.

d?finiiiIfulP+t]iai=wuln \O[koTbe/.

e?finaifulP+t]iai=wuln [ao[koTbe/.

32.Gusti Natakusuma tindak Sala, menawa ditulis jawa dadi….

 a.?&usTi!tkusumtinFkSl.

b.?gusTintkusumtinFkSl. c.?%usTi*tkusumtinFkSl.

d.?#usti!tkusumtinFkSl.

e.?&usTi!tkusum^nFkSl.

Wacanen geguritan ing ngisor iki! (soal 33 -36)

Kaanan jaman saiki

Sipat pemudha-pemudhi

Srawunge saya ndadi

Tan kadi duk jaman nguni

Srawung sarwa ati-ati

33. Geguritan ing ndhuwur ngrembug bab…

  1. Donya saiki
  2. Srawunge pemudha-pemudhi
  3. Akeh bencana
  4. Bocah kang nakal
  5. Owah gingsire jaman

34. Tembung sing nuduhke kosok balen geguritan ing dhuwur yaiku…

  1. Pemudha-pemudhi
  2. Ngati-ati
  3. Jaman nguni
  4. Jaman saiki
  5. Saya ndadi

35. Tema geguritan ing dhuwur yaiku…

a. Moral  d. Katresnan

b. Sosial                e. Religius

c. Misteri

36. Tegese tembung jaman nguni ing geguritan kuwi yaiku jaman…

a. Modern                      d. Biyen

b. Tradisional               e. Milenium

c. Saiki

Wacanen geguritan ing ngisor iki! (soal nomer 37-38)

Tanpa upama bungahe driya

Angles rasa ndika tanggap sasmita

Mangayubagya nugraha dalem

Awujud tresna

37.Pethilan geguritan ing dhuwur duweni tema…

a. Moral                            d. Katresnan

b. Sosial                           e. Religius

c. Misterius

38. Tembung bungah ing geguritan kasebut nduweni teges kang padha karo tembung…

a. Sedih                         d. Seneng

b. Susah                        e. Kuciwa

c. Tresna

39. Kula sampun mulih kala wau enjing, dene ibu dereng mulih

Tembung mulih kudhu dowahi dadi…

  1. a.Kondur, kondur
  2. Wangsul, wangsul
  3. Wangsul, kondur
  4. Wangsul, wangsul
  5. Kondur, wangsul

40. Minggu, Bapak mlaku-mlaku, kula inggih  ndherek mlaku-mlaku supados sehat.

Tembung mlaku-mlaku dowahi dadi…

  1. a.Mlampah-mlampah, mlampah-mlampah
  2. Mlampah-mlampah, tindak-tindak
  3. Tindak-tindak, mlampah-mlampah
  4. Mlampah-mlampah, mlajeng-mlajeng
  5. Tindak-tindak, tindak-tindak

41. Kula mundhut apel sekilo, jebul ibu sampun tumbas ugi.

Tembung kang kacithak kandel diganti…

  1. Tuku, tuku
  2. Tumbas, mundhut
  3. Mundhut, mundhut
  4. Tuku, tumbas
  5. Mundhut, tuku

42. Candraning kahananing alam ing mangsa kapisan ….

  1. Suta manut ing bapa
  2. Sotya murca saking embanan
  3. Wisa kentir ing maruta
  4. Bantala rengka
  5. Rasa mulya kasucian

43. Candraning mangsa karo yaiku Bantala rengka. Tegese mangsa apa?

  1. a.Wit-witan akeh sing brindil
  2. Lemah pada mlethek
  3. Tuk-tuk pada mampet
  4. Wiwit ana udan deres
  5. Akeh woh-wohan kang enak/ mirasa

44. Sing kalebu tembang tengahan yaiku…

a. Pangkur                    d. Sinom

b. Pocung                      e. Kinanthi

c. Gambuh

45. Ing ngisor iki sing dadi paugerane tembang, kajaba…

a. Guru gatra                d. Guru Lagu

b. Guru wilangan         e. Dhong dhing

c. Guru tembang

46. Guru wilangan tembang asmaradhana sing ora padha  wandane ana ing gatra…

a. 3                                 d. 6

b. 4                                 e. 7

c. 5

47. Tembang sinom parijatha duweni… gatra?

a. 6                                 d. 9

b. 7                                 e. 10

c. 8

48. Guru wilangan tembang sinom parijatha sing beda gunggunge ana gatra…

a. 5 lan 7                       d. 6 lan 9

b. 5 lan 9                       e. 7 lan 8

c. 7 lan 9

49. Waspadakno tembang ing ngisor iki!

?

Murid iku kudhu manut marang guru

Rukun marang kanca

Aja drengki aja srei

Aja climut aja jail aja nakal

Tembang ing dhuwur nduweni tema…

  1. a.Moral
  2. b.Budi pekerti
  3. Pendidikan
  4. Lingkungan
  5. e Agama

50. Tembang ing dhuwur nduweni irah-irahan…

a. Pocung                      d. Mijil

b. Maskumambang     e. Sinom

c. Asmaradhana

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

  1. Gawea layang iber-iber katujokake marang bapak/ibu kanthi basa kang trep!
  2. Gawea sawijining paragraf induktif kanthi tema “ Bebayaning Narkoba” !
  3. Paragraf ing ngisor iki salinen nganggo aksara jawa!

wnitai=p/X[mnHisihwintesGu=gu=[z

?tunTutT[nkaumWnitI[nDo[nsiyhsupybiszuL=guhaiku/sip/2[mn\ :30:pe/[snHisihduru =k2kSnNn\ ,aemBuhkuwiai= d,p,r,r,I,apai=d,p,r,d.wnitai=p/2[mnGu=gu= [zaisih wintesLnFikuwsaikaumP]iy.bbKuwime/gaisihfuru=an[n kese tra[nGnDe/avJl/riwni t[aoranF/[bnikesemPtTnLnH[kSs\  k2buw nitsi= avJegu/ai=kvCh[politikP]kTis\,