Gawea geguritan paling sethithik 5 ukara kanthi tema kekancan

Banyak orang yang menyukai puisi baik itu topik pendidikan, romantis, ataupun puisi yang lucu. Puisi tersebut bisa dengan berbagai bahasa, baik itu bahasa Inggris, bahasa Jawa ataupun bahasa Indonesia. Dalam bahasa Jawa dikenal sebagai istilah Geguritan.

Nah, sebelum kita memaparkan contoh geguritan bahawa jawa, ada baiknya jika kita membahas terlebih dahulu pengertian geguritan, berikut ini adalah pengertian geguritan.

Kata Geguritan dakam Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI) berasal dari kata \\\\\\\\\\\\\\\”gurit\\\\\\\\\\\\\\\” yang memiliki arti syair atau sajak. Dalam Kamus Baoesastra, geguritan berasal dari kata \\\\\\\\\\\\\\\”gurit\\\\\\\\\\\\\\\” yang memiliki arti tulisan, kidung. Sedangkan dalam Kamus Kawi Indonesia \\\\\\\\\\\\\\\”gurit\\\\\\\\\\\\\\\” memiliki arti goresan, dituliskan.

Pengertian geguritan merupakan seni sastra puisi yang ditulis menggunakan bahasa Jawa dan biasanya dilagukan dengan tembang yang merdu. Geguritan sudah ada sejak jaman dulu, pada saat itu geguritan dibuat oleh para pujangga sebagai bentuk sindiran kepda para kolonial atau raja yang berkuasa.

Baca Juga: Pengertian Geguritan.

Gawea geguritan paling sethithik 5 ukara kanthi tema kekancan

Orang yang membuat geguritan disebut dengan penggurit, penggurit menggunakan sastra bahasa Jawa yang tinggi dan bermajas, sehingga bisa membuat orang yang disindir dalam isi geguritan tidak merasa sedang disindir, atau bahkan mereka bisa menembangkan geguritan tersebut.

Awalnya geguritan hanya dibuat oleh para pujangga dengan aturan yang terikat, tapi sekarang geguritan jawa lebih bebas dalam artian tidak terikat aturan dan bisa dibuat siapa saja.

Seiring berjalannya waktu, perkembangan geguritan jawa mengikuti selera masyarakat. Geguritan yang berkembang saat ini lebih bersifat bebas dan mempunyai tipografi yang bebas.

Penulisan geguritan sama seperti halnya menulis puisi modern, geguritan umumnya dibuat berdasarkan pengalamant si pembuat geguritan atau bisa juga dibuat untuk menggambarkan suatu objek atau keadaan.

Walaupun penggunaan bahasanya bebas, tapi tidak harus menggunakan jawa krama, tapi pemilihan kata yang indah dan tepat harus diperhatikan.

Agar lebih memahami tentang geguritan bahasa jawa, maka kita perlu juga mengetahui ciri-ciri geguritan berikut ini.

  • Bahasa yang indah dan sopan
  • Memiliki guru lagu, gatra, dan guru wilangan.
  • Kalimat yang terkandung memiliki makna tertentu.
  • Ada nama pengarang yang menjadi identitas pencipta geguritan (kadang juga tidak ada).

Baca Juga: Cerita Rakyat Bahasa Jawa.

Gawea geguritan paling sethithik 5 ukara kanthi tema kekancan

Berikut ini adalah kumpulan contoh geguran bahasa jawa dalam beberapa tema yang bisa kamu tembangkan atau bisa juga dijadikan referensi dalam latihan menulis geguritan, antara lain :

Gusti

Gusti…Dalem namung tiyang kang lemahKang boten saged mlampah piyambakGusti…Dalem namung tiyang ingkang gampil gripilTansah kegoda kesenengan donyaGusti…Hamung siji panyuwunkuTuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti

Duh Gusti…

–Intan Nukhi Adhiya–
(Sumber: basajawaasli.blogspot.co.id)

Geguritan yang berjudul Gusti ini menceritakan mengenai seseorang manusia yang hakikatnya adalah ciptaan Tuhan. Manusia hanya makhluk yang lemah dan mudah sekali untuk masuk kedalam jurang keburukan. Tidak sedikit manusia yang akhirnya tersesat karena mereka hanya memikirkan dan terlena dengan dunia.

Pesan yang ada pada geguritan tersebut adalah manusia sebagai makhluk tuhan harus selalu beribadah kepada Allah SWT, karena tujuan diciptakannya manusia di dunia ini adalah supaya selalu beribada kepada Allah SWT. Selalu berdoa supaya diberikan petunjuk dan jalan yang lurus dalam mengarungi kehidupan di dunia.

Berikut ini adalah beberapa geguritan yang memiliki tema budi pekerti, antara lain :

\\\\\\\\\\\\\\\”Begal\\\\\\\\\\\\\\\”

Begal…Wong liya nyebut brandhal!Saben dina ngasah gaman nganggo ungkal

Kanggo nodhong njero terminal

Begal…Pinter golek akalSapa wae bakal didadekake tumbalBegal utege wis mirip kadhal

Yen kecekel dulangen sandhal!

Begal saiki…Luwih tega nglarani!Nggawa pitul nembak wong nganti mati!Nggawe gregetan para pulisi!Begal dibrantas ana ngendi-endi

Ketemon ngrampas ditembak mati

Begal saiki wis kebangetenWus kerep nggawa korbanDonya brana asil rampoganHaram hukume yen dipangan

Bakal nampa siksaning nraka jahanam

–Iswahyudi–
(Sumber: geguritan.com)

\\\\\\\\\\\\\\\”Korupsi\\\\\\\\\\\\\\\”

Abang putih kajunjung duwur ing langit pratiwiWujud getih lan balung para pejuangApa kowe isih eling?Cucur kringet luh kang wis kebacut dadi tumbal

Tumbal marang buwana kanggo kemerdekaan

Saiki apa?Kowe ngapusi, kowe korupsiCangkemmu amba kebak artaRaimu gedhek, ora duwe isinDijak rembug malah kepara anglerRakyatmu kuru, kowe lemu

Rakyatmu mlarat, duitmu sak arat-arat

Sing makmur sapa?Kowe lan kanca-kancamuSing tumindak ala marang rakyatmuMula, ayo brantas korupsi

Ayo padha gumregah

Mbangun bangsa Indonesia kang sumringahBangsa kang apik ing budi lan tutur

Bangsa kang sejahtera lan makmur

–Dening Kharisma L. W.-

Berikut ini adalah beberapa geguritan yang memiliki tema Alam, antara lain :

\\\\\\\\\\\\\\\”Merapi\\\\\\\\\\\\\\\”

Merapi…Saka kadohan katon gagahAsep putih ndedel ing awiyatTilas dalan lahar katon cetha

Kena sunare Hyang Bagaskara

Merapi…Saumpama kowe bisa critaKabeh kadadean ing tanah JawaWiwit jaman Mataram Kuna

Nganti madege Kraton Ngayogyakarta

Merapi…Sliramu anyekseni kridhaning bangsaWiwit nalika ngusir penjajah WalandaJaman mardika jaman SoekarnoNganti jaman SoehartoJaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo

Merapi dadi saksi

–Puthu Aryana–

\\\\\\\\\\\\\\\”Arga Iki\\\\\\\\\\\\\\\”

Mataun-taunSira ngrusak geger lan awakkuMakaping-kaping

Landhepe bendho lan pacul

Nyigar lemah subur dadi larik-larik tandurPokalmu mblandhong sapenak dhengkul…Lemah ijo wis malih gundhul

Tirta musna ing mangsa ketiga

Ninggal belik nalika paceklikJare wadhuk dadi alesanOra bakal ana rampungeNadyan donya pisan

Denuntal sakabehe…

YohEntenanaYen tekan titi mangsa

Arga iki nagih prasetya…

–Siswidiadi Ngesti N–
(Sumber: geguritan.com)

\\\\\\\\\\\\\\\”Sendhang Tirta Panggesangan\\\\\\\\\\\\\\\”

Kinclong, klimpah-klimpah, kumricik ilining toyaPating sliri tawes, wader pari dalasan anggang-anggangSedaya memuji mring Hyang WidhiTanpa sih Paduka Gusti

Dados punapa awak mami?

Widodari kayangan sami lelumbanTumurun madyaning sendhangJamas, reresik tan emut ing wanciKamanungsan si TarubSegering tirta sendhang dadya panjanging yuswaSaiba bombong kula nyumurupi

Sesami titahing Gusti anjagi lestari

Punapa boten rumaosPunapa sampun wuta tyasiraKutu-kutu walang ataga sami sun cawisiKantho lelahanan tanpa nyulihi

Ngantos telas tan nyisa kula legawa

Nanging geneya?Kori kula kasumpet aspalBeton, ngantos nduwa margi kulaKados pundi punika Gusti?

Nyingkur kawula, Gusti …

Sok sintena ingkang mireng pisambat kawulaKeparenga paring margaSatemah boten namung kabuncang muspraKepara damel kasangsaran dhumateng manungsa

Kula kapang dados sendhang tirta panggesangan

–S.Wignya Raharja–
(Sumber: geguritan.com)

\\\\\\\\\\\\\\\”Kluwung\\\\\\\\\\\\\\\”

Ora katon garising kikismuNadyan wilangane tinemuOncating citramu, ambabar banyuTuhu agung kersane GustiRiris … grimis endah dinuluAgawe menebing lebu

Mahanani segering banyu

Ora geseh, eseme anuju pranaTansah gawe brantaning driyaOra kapiyarsa wuwuse wacanaRinengga endahing solah bawaAndelidir ponang kintaka

Binarung kidung asmara

Iba mulya raharja, rasakuDatan ana kang ngreriduRinonce kehing wanodya yuAndum prasetya tuhuWoh aren …, asung pepelingEndahing citramu, boya sumandhingOra beda ngendikaning biyung

Sliramu … andha widhodari … ya kluwung

–Soewardi Baroto Martono–
(Sumber: geguritan.com)

\\\\\\\\\\\\\\\”Endahe Alam\\\\\\\\\\\\\\\”

Yen mandheng alam iki ..Pikiran susah dadi endahAnggugah semangat urip kangge jiwa iki

Ati pun dadi sumringah lan bungah

Yen ndeleng uwit ijo royo-royoAwujud ciptaan sing kuasaLan kesucian sinar surya

Kanggo padhange dunya iki

Puji syukur matur nang Gusti AllahMarang kaendahan isine ing bumiSing kudu dijaga lestariane

Tanpa ngilangake kaendahane

–Arvie Diah Pratiwi–

Berikut ini adalah beberapa geguritan yang memiliki tema Lingkungan, antara lain :

Lintang Panjer Rahina

Nalika bumi isih sepiLintang panjer rahina wis tangiMenehi Pepadhang sagung dumadi

Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki

Para among tani wis ndalidir mecaki galenganMbok bakul sinambiwara wus sengkut makaryaPara ngulama tumungkul mengestu puja

Para santri wiridan ngaji

Jago kluruk sesautanMelu tasbeh marang pangeranNdonya wis gagat rahina

Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

–Slamet SA–
(Sumber: geguritan.com)

Kitir

Kitir ikiIsi panantangku marang wengiSing kebacut anggone nguja sepi

Dolanan swarane asu baung nggeririsi

Kitir ikiWujud pangundhamanaku marang awang-awangSing kebacut brangasan

Ngrentengi lintang, nguntal rembulan

Kitir ikiSrana gugatku marang isen-isening jagadSing pijer royokan brekat

Tan keguh njaluk ruwat

–Anonim–

Berikut ini adalah beberapa geguritan yang memiliki tema Cinta, antara lain :

Tresna

Tresna kuwi sepeleTresna kuwi ya kowe karo akuTresnamu kaya surya

Nanging ya kaya samudra

Tresnamu bisa nekakake megaNanging saiki tresnamu kaya dahana

Awit aku mbok tinggalna

Langit data petengOra ana candra apa maneh kartikaAtiku kaya bawana sing lemahe nela-nela

Maruta, kandhakna yen aku isih tresna

–Erlita Fajrani–
(Sumber: geguritan.com)

Dluwang Njero Laci

esemmu kang pungkasan isih tak simpentansah tak ronce ing telenging atimasio mung dadi pengangen-angen

wus telung windu lumaku

gawang-gawang wewayangan ikutansah jejogetan ing manik-manik mataiki cerita purwa tumrap aku lan sliramu

ing meja pojok mburi ngisor jendela

nimas …..apa panjenengan pirsa .. ?yen ana dluwang sak lembar keri ing lacimeja pojok mburi ngisor jendela

kang ora nate kawaos nganti purna

meja pojok mburi ngisor jendelanyimpen tulisan kang durung kawacasak suwek isi lembaran crita

ana sak larik ukara kang durung cetha

rasa kang tansah ngumbaratekan seprena aku ora ngerti

apa kuwi ukara lan rasa tresna

dluwang njero laci…
yo kuwi crita kang kari .. mung dadi memori…

Tresnaku – Tresnamu

Rikala kori dakbukak byak
Kaya sinamber gelap lepat

Iki tenan apa ngimpi ?Sliramu jumeneng nyunggi katresnanPanggah ora owahDinodhog rasa jroning dhadhaMeh wae aku kantaka.Angenku daklarak ing pangumbaranTelungpuluh loro warsa kepungkurKangmas,Rasa tentrem rinengkuh ing astamuEdhum nyawang sorot netramu

Aku katrem, aku kasmaran

Engga wektu jumangkah mlakuTresnaku-tresnamu dadi ranguKelindhes wektuDaktantang daktanting ora maeluSansaya adoh lumayu

Tangeh anggonku bakal ngluru

Kangmas,Tresnaku tresnamu ginubel wektuLawase padha paprentahan Orde BaruWis kukut, wis kemput …Nadyan nora bisa nyawijiNanging tresna aji lan suci, tresna sejati

Bakal dakrukti nganti tumekeng janji.

–Biyung Amie Williams–

Jodhoku

Sliramu sing saiki tak tresnaniApa ya sliramu…?Sing arep ngerteni aku salawaseApa ya sliramu?Sing arep njaga aku salawaseApa ya sliramu?Sing arep nuntun aku marang dalan kang becikApa ya sliramu?Sing arep melu ngrasakake bungah lan rekasakuApa ya sliramu?Sing sesuk arep dadi kanca uripkuDhuh GustiParingana pitedah kanggo aku

Apa iya iki jodhoku?

–Zahrotun Nurul Fatmi–
(Sumber: geguritan.com)

Tandha Katresnan Ku

Wiwit kok tulisake tresna ikuManuk-manuk kepodang padha geguyonanIng pang-pang godhonge waru

Ijo enom lelagone langit biru

Srengenge isuk kang mlethek ing ati sumunarMartakake dhina bakal ora kamendunganWiwit kok kandhak’ake tresna iku

Liwat kali dhak kintirake prau godhong pring

Amrih bisa lelayaran aneng segaranining atimuApepayon langit ing pucuking alunBanjur dak tunggu tekane nggawa warta

Wiwit kok kidhungake tresna iku

Apa aku kudu lumaku sadhuwure angin lan segaraNjupuk kembang srengenge kang mlethekBanjur dak slempitake ing kupingmu

Kareben nambahi brantaning ati

Sanjerone ati iki, YayiAna panandhang,kirane mung kowe kang bisa mangerteniLiwat getering angin kang sumilirSadawaning laku lan sepi tak ceritakake

Yen ta… samengko bakal nyawiji

–Arya Esa Mahadewa–
(Sumber: esamahadewa.blogspot.co.id)

Wiwit kok tulisake tresna ikuManuk-manuk kepodang padha geguyonanIng pang-pang godhonge waru

Ijo enom lelagone langit biru

Srengenge isuk kang mlethek ing ati sumunarMartakake dhina bakal ora kamendunganWiwit kok kandhak’ake tresna iku

Liwat kali dhak kintirake prau godhong pring

Amrih bisa lelayaran aneng segaranining atimuApepayon langit ing pucuking alunBanjur dak tunggu tekane nggawa warta

Wiwit kok kidhungake tresna iku

Apa aku kudu lumaku sadhuwure angin lan segaraNjupuk kembang srengenge kang mlethekBanjur dak slempitake ing kupingmu

Kareben nambahi brantaning ati

Sanjerone ati iki, YayiAna panandhang,kirane mung kowe kang bisa mangerteniLiwat getering angin kang sumilirSadawaning laku lan sepi tak ceritakake

Yen ta… samengko bakal nyawiji

–Arya Esa Mahadewa–
(Sumber: esamahadewa.blogspot.co.id)

Aku Duwekmu Wengi Iki

Lumakuku kaya ngawangNgawang-ngawang nggayuh lintangMecaki dalan kasusahan

Apa Sejatine?

Kang ngganjel ing njero manahmu?Tegese luh kang tumetes ing pipimuNglebur nyawiji ing swasana

Kang sejatine durung bisa gawe aku lan sliramu

Mesem bebarenganCrita marang akuSenajan ora mesthi bisa mungkasiLilakna aku andum donyamu

Kang kebak dening kaendahan

Sing durung kasunyatanAku duwekmu wengi ikiIki ragakuIki sukmakuAku lila disiksa

Nganti ora ana sisa

–Isnaini D. Pramusinta–
(Sumber: geguritan.com)

Kapang

Menawa rasa matine atiMesti jiwa tansah kapangUmpama ati kapenjara asmara

Apa bisa jiwa ngapusi

Menawa saperangan ati ngantu-antuMesti separo liyane ngenteniUmpamane setengah ati tansah (han)jaga

Bisa ora saperangan liyane nglaleake

Menawa ati tiba sengsaraMesti jiwa luwih lara

Pujaning atiku..

Apa sing bisa tak tindaakeAku mung wanita sing kakungkung geni asmara

Wanita sing atine wis kadusta

Apa sing dipengine saliyane pengin cepet ketemu kalawan sing ndusta atiSing pada-padane laksana kidung swarga sing ngalun-alun ing karnaku

Sing nggawe kentir kapal jiwaku ing tengahing samudra rasa sing tan winates

–Anonim–

Berikut ini adalah beberapa geguritan yang memiliki tema budi pekerti, antara lain :

Kanggo Kanca

Biyen, tanganmu genggem tangankuBiyen, pundakmu enek kanggo aku nangisBiyen, guyumu nentremke atikuNanging saiki….Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripkuKanca-kancaku kabeh,bayangnaApa sajatining kahanan sajroning dunyaYen ora ana welas lan asihOra ana uga kekancanan tanpa pamrihIng sakjroning manah atikuAku ngrasakna kepengin ngamuk wektu ikuKanca lan kancakuElinga rasa atiku iki

Jaganen rasaning welas asih iki

–Amami Retno Niti A–
(Sumber: aakkuucintaindonesia.blogspot.co.id)

Layang Iki Kanggo Koe

Layang iki kanggo sliramuLayang batin kang ora bakal pernah kok wocoAku arep ngilang sakwetara

Menawa setahun nanging ora merga wong liya

Merga aku kudu fokus ngadepi perkaraPerkara kang wis suwi dadi kekarepan atiKang ijih ora kena diganggu sapa-sapa

Aku arep jaluk ngapura

Menawa ilange awakku marahi sliramu laraNanging aku iki wis tuwaLan aku durung olih apa-apa saka uripku iki

Aku nyuwun ngapura

–Intan Nukhi Adhiya-

Berikut ini adalah beberapa geguritan yang memiliki tema budi pahlawan, antara lain :

Kartini

Kartini …Sapa kang ora kenal panjenenganPahlawan kang mbela kaum wanita

Pahlawan kang berjuwang nentang paugeran walanda

Kartini …Sanajan tinitah dadi priyayiDuweni trah bangsawanKartini mbela emansipasi wanita

Mbela rakyat jelata

Kartini …Wulan April iki dadi seksiLelabuhanmu kang misuwur tumrap bangsa IndonesiaHabis Gelap Terbitlah TerangDadi bukti masa perjuwangan

Kutha Jepara dadi papan panggonan ngukir sejarah wanita

Kartini …Amarga jasamuWanita eropa lan wanita pribumiDadi duweni hak kang padha

Duweni hak pikantuk pendidikan

(Sumber : Geguritan.com)

Pahlawanku

PahlawankuWutahing ludirmuNyiram ibu pertiwiNadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manaheKarujit-rujit rasa pangrasanePahlawanku

Mugya Gusti paring nugraha

Semana gedhene bektimuJiwa raga, bandha donyaTanpa sisaAmung siji pangajabmu

Merdeka

–R. Tantiningsih–

Ki Hajar Dewantara

ng adheme hawa WalandaSira panggah netepi setyaNyawiji ing ngilmuNgugemi ing lakuNyerat ing saben-saben wektuNalika ati krasakrungu swara jerite sedulurIng lemah PertiwiSira gumregah gregetBali ing desa mijilmuNuswantaraSuwardi suryaningratKondhang kanthi asma Ki Hajar DewantaraPutra kraton sugih bandha branaMilih dadi satriya lelanaManunggal sajroning rakyat jelataGugur dadi pahlawan Negara

Minangka Bapak Pendhidhikan Bangsa

–Bisri Nuryadi–
(Sumber: bisrinuryadi.blogspot.co.id)

Berikut ini adalah beberapa geguritan yang memiliki tema guru, antara lain :

Sertifikasi Guru

Sertifikasi GuruKabeh wong wis padha krunguApa maneh ana kalangan guru

Nanging… kanthi sertifikasi guru mau

Apa bocah-bocah banjur mituhuOra wani karo GuruMugiya kanthi sertifikasi iki

Para siswa tambah bekti

Sinau ana sekolah kang mligiMantep, karep sajroning atiKanthi sertifikasi guru iki

Para guru ana kang ndaftar haji

Uga akeh kang tuku mersiNanging kang utama

Kanthi sertifikasi guru iki

Para siswa tambah prestasiLan bekti marang Ibu Pertiwi

Lan marang kang gawe urip pati

–Aris Irianti–
(Sumber: geguritan.com)

Guruku

wingi nalika sikil ikitumapak sandhuwure bumidurung paja-paja ngerti ha, na, ca, ra, ka

alip, ba’, ta’, apa dene good morning teacher!

lumakuning srengenge wis gantipanyawangku dadi padhangterawanganrasaku sangsaya …ora bisa dakgambarakesih tresnamu nabet njanget

sajroning atiku

lamun tanpa panjenenganbisa apa aku nepaki bumi iki ?leladimu marang aku

ora timbang karo piwalesku

bu guru, pak gurujangkahku isih adohuripku isih nyamut-nyamutsethithik setetes bun esukiku wis cukuptinimbang banyu sekendhi

marakake ati mati

lepasen lakukulilakna labuh labetmudakumbare gagasankusedyaku kasembadandonga pangestumu

nuntun marganing sedyaku

–Sutapa, W.R–

Berikut ini adalah beberapa geguritan yang memiliki tema pendidikan, antara lain :

Arti Tekamu

Ing petenge arah lan langkahku ikiPanjenengan dados srengenge kangge uripkuMenehi sumunar cahya kanggo kabeh pengarepanPanjenengan madhangi lurung-lurung kang buntu

Liwat sorotan cahya kang metu saka swara lan tuturmu

Ing kelas kang ayem tentrem ikiAku nangkep artine panguripanMung marang panjenengan gegayuhan dipun taruhakenLan marang panjenengan pengarep kang luwih becikPanjenengan Kang nemtokake nasib bangsa PadukaBoten mokal kagem panjenengan

Mujudake generasi emas bangsa kang gemebyar ing pepeteng

Saben dina panjenengan nindakake kagiyatan mulya ikirasa sabar uga rasa ikhlas ndampingi saben dinasakabehe ing donya ora bisa mbales jasamu

yaiku jasamu kang iso nggawe bintang ing pepeteng

kita ora bisa ngganti jasamu karo opo baeNanging, kita bakal nggawe panjenengan banggaJasamu bakal kita pangeti sajrone uripkubakal kita pengeti ing sajroning ati

lan ora bakal lebur dening puteran wektu

matur nuwun sanget, guru ingkang kula tresnaniTanpa panjenengan bakal peteng ……

lan amarga panjenengan urip dadi migunani

–Putri Mulyasari–
(Sumber: putrimulyasari.blogspot.co.id)

Senajan Ketok Nakal

Senajan nyekel buku wae ngantukGayane nyekel rokok neng ngarep kanca-kancaBen diarani sangarMetu bengi-bengi jalan-jalan karo pacar

Ben diarani payu

Nanging ana krenteg atinePengen banget bisa suksesIsa oleh ipk kumlot

Isa gage olih kerja sing bener

Kuwi awakmu nangKang ora bisa nahan nafsu senenging donyaNanging aku salahAwakmu ikiSaiki wis isa nahan nafsu senenging donya

Lan padhanging donya isa katon ing mripatmu

-Intan Nukhi Adhiya–

Reuni

Sawise lawas pisahKetemu wis padha dadi simbahRambut-rambut putih, pasuryan padha malihPethuk gapyuk rerangkulan nyuntak sakehing rasa kapang

Ati trenyuh mripat kekembeng luh

Wor suh karo rasa bungahGuyu-guyu renyah kaya nalika isih bocahDhek biyen nate dadi sakukuban

Njur padha pisah dalan, nepusi lelakone sowang-sowang

Lungit angelangut, lam-lamen jaman kesaput pedhutNganti wancine srengenge dhoyong ngulonBeja, dene isih bisa sapatemonDhuh Gusti ingkang Maha mirahnamung saged muji Syukur Alhamdulillah

Gene isih menangi kumpule balung pisah

–Djoko Waluyo–
(Sumber: geguritan.com)

Sekolahku

Sekolahanku…Panggonan anggonku golek ilmuSekolahanku…

Diwulang dening Bapak-ibu Guru

Sekolahanku…Sinau, maca bukuIng Panggonan iki

Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti

Ing panggonan ikiAku diajari marang kanca aja sreiDiparingi PR kanggo gladhen

Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan

Aku percaya…Sanajan abot kudu dilakoniKabeh mau kanggo kepentingan pribadhiKareben ngesuk dadi wong kang aji

Miguna tumprap bangsa lan nagari

–Geguritan.com–

Tsunami

Banyu laut kang maune antheng glinteng kaya bayi turu angler kepatiEsuk kang padhang njingglang tanpa mendhung…putih suciNuduhake marang manungsa kabeh sektine Gusti

Cahyane bagaskara padhang nyinari bumi pertiwi

Angkasa kang bawera dumadakan peteng ngglimengNetesi bumi pertiwi kanthi luhe kang tumetes

Angkasa dadi peteng, bumi horeg

Alam sakupeng ngamuk nggegirisiLaut muntab tanpa kabendhungAlon-alon samubarang kauntal, kauncalake dening banyu bah saka laut

Manungsa kocar-kacir tunggang langgang, golek slamet

(Sumber : Geguritan.com)

Baca Juga: Tulisan Aksara Jawa.

Berikut ini adalah beberapa geguritan yang memiliki tema kemanusiaan, antara lain :

Gotong Royong

Diten libur wunten ing dusunSatunggalin pakempalan kang tansah rukunIngkang dipun rembag perkawis dusun

Bersih lingkungan program kasusun

Gotong royong maju barengNyingkirake lingkungan pepetengSupaya tangsah seneng

Hasile indah kadeleng

Kanggo sehate wargoGotong royong monggo dijogoSupaya desa tetep tumoto

Masyarakat urip kanthi rejo

(Sumber: aushaf-fahri.blogspot.co.id)

Sabtu Bersih

Dina Setu ing wanci enjangSuasono Tasih katon RemengKatambah Kluruk pitik kang gayeng

Katon Siswa SMP kang Nggrengseng

Wanci Sekolah miwiti pasinaonKatah siswa kang sami pitakonSabtu enjang kagem lingkungan kemawon

Kerja bakti resek pasinaon

Namung tekat saiyeg saeka kaptiYambut gawe bareng kanthi senengen atiTansah sehat kang diupadi

Lingkungan sekolah kang tetep asri

(Sumber: aushaf-fahri.blogspot.co.id)

Rumangsaku

rumangsaku kabeh uwong mesthikudu ngerti benere dheweamung luput salahe

kang tumiba janma liya

padha anggega kersane pribadhingugung nguja luntaking angkarayen kepagol asesantirawe-rawe rantas malang-malang putung

singa lena nemahi pralaya

katon wewentahan ujaring kandhanapsu angedhaton ing atirasul lan malaikat ora kasat matabanjur buteng mbregudhul ora ngerti

anggering tata suba sita lan agama

nek atine kagol kepantong liyanembuh ora ngerti elingtutur muni saujar dadi ganjelaning atiora perduli embuh salahe

nanging rumangsaku luwih entheng mayang ing ati

dadi luber ajur mung kadi marutaganjelaning ati kaanggep sesendhontinambahan eling maranglajer kang tinandur Gusti

kanthi mangesthi sesanti aku kabeh kalepotan luput

–Roewandi–

Untuk lebih memperdalam mengenai contoh geguritan, berikut ini adalah salah satu contoh video geguritan yang ada di youtube.

Video : https://www.youtube.com/watch?v=ZxLTAFVBoC8

Nah, itulah penjelasan mengenai geguritan mulai dari pengertian, contoh geguritan, dan video geguritan. Semoga artikel ini bisa menambah wawasan kita mengenai geguritan, jika ada kesalahan dalam artikel ini mohon untuk dimaafkan dan dimaklumi.